Kementerian Kebudayaan sida nerbitake buku periodisasi sejarah Indonesia ing tengahe kritik lan pandumuk ana upaya kultus individu lan glorifikasi menyang jaman Orde Baru. Menteri Fadli Zon kandha pamarentah tinarbuka nampa kritik upama ana bageyan-bageyan kang dianggep isih kurang trep.

Foto: Antara/Indrianto Eko Suwarso
Senadyan kober ditulak dening sebageyan sejarawan independen, nanging Menteri Kebudayaan Fadli Zon tetep marang sedyane sekawit: nerbitake buku sejarah Indonesia versine pamarentah. Buku kang dumadi saka 10 jilid kanthi irah-irahan “Sejarah Indonesia: Dinamika Kebangsaan dalam Arus Global” iku diluncurake ana Plaza Insan Berprestasi, kompleks kantor Kementerian Pedidikan Dasar dan Menengah, Jakarta, Ahad, 14 Desember 2025.
Buku serial kang ditulis dening 123 dhosen sejarah saka 34 pawiyatan luhur awaling 2025 iku satemene ditarget rampung Agustus kepungkur ngiras minangka kadho pengetan kamardikan kang kaping 80. Yen wekasane mundur nganti Desember, Fadli Zon ngakoni jrone proses panyusunane buku-buku kasebut pancen ana revisi-revisi saengga wektu peluncuran-e kepeksa ora pas karo 17 Agustus 2025.
Fadli yakin isine buku obyektif. “Sebab sing nulis dudu aku, nanging sejarawan saka perguruan tinggi. Dadi, sing nulis ahline sejarah,” kandhane pejabat kang cinaket karo Presiden Prabowo Subianto kuwi dikutip saka Kantor Berita Antara.
Fadli kandha, ing awal-awale nyusun buku 10 jilid mau, ana klompok ilmuwan sing njaluk supaya proyek penulisan sejarah kuwi distop. Klompok kang dipandhegani dening aktivis hak asasi manungsa (HAM) Marzuki Darusman sarta panliti sejarah Asvi Warman Adam mau sumelang proyek panulisan sejarah kang diragadi Kementerian Kebudayaan iku darbe ancas siningid nedya manipulasi kasus pelanggaran HAM berat dening Presiden Soeharto periodhe 1965-1966 lan 1998.
“Kober timbul polemik supaya panulisan sejarah iki distop. Mangga wae, panulak apadene panyengkuyung dakanggep wajar ing negara dhemokrasi,” tuture Fadli.

Foto: Antara/Indrianto Eko Suwarso
Sepuluh jilid buku mau nggambarake pembabakan lumakune sejarah Indonesia nganti taun 2024. Jilid 1 nganti 3 upamane, ngrembug peradabane masyarakat Nusantara kang wiwit sesambungan karo bangsa manca saka India, Tiongkok, Persia lan Timur Tengah. Disambung jilid 4 kang nerangake mula bukane masyarakat Nusantara ngadani sesambungan karo bangsa-bangsa Eropa.
Jilid 5 nulis fase sabanjure, yaiku kabentuke negara kolonial. Dibacutake jilid 6 sing nyatakake wiwit timbul gerakan-gerakan politik kebangsaan kanggo nuntut kamardikan. Jilid 7 ngandharake bab perjuangan ngukuhi kamardikan.
Jilid 8 mbahas prekara konsolidasi negara bangsa, konflik, integrasi, lan kepemimpinan nasional. Jilid 9 wiwit mlebu menyang program pembangunan sarta stabilitas keamanan ing jaman Orde Baru. Wondene jilid 10 ngrembug tumapake reformasi lan dhemokrasi 1998 nganti 2024.
Fadli nyatakake, 10 jilid buku sejarah mau dadi salah sijine rujukan tumrap masyarakat mahami lumakune sejarah Indonesia. Dheweke kandha, jrone nyusun buku kasebut Kementerian Kebudayaan wis ngimpun panemu saka pakar-pakar sejarah, ditambah maneh dhiskusi publik ing kampus-kampus karo para sejarawan lan akademikus. “Ilmuwan kang kompeten ing bidhange, dakundang kanggo urun panemu,” ujare Fadli.
Fadli nuturake, buku 10 jilid iku ora dipeksakake dadi siji-sijine pedhoman sejarah. Fadli paham panulisan sejarah mono sipate dinamis. Yen sawijine dina mengko ana temonan fakta anyar sing luwih valid, bisa nggeser keyakinan sing wis dipercaya suwe. “Yen sejarah Indonesia iki ditulis lengkap, mbokmenawa bisa nganti 100 jilid. Mulane 10 jilid iki mung highlight sejarah bangsa,” ujare Fadli.
Bahan Ajar?
Sauntara kuwi Asvi Warman Adam tetep sangga runggi karo lekase Fadli Zon ing walike proyek panulisan buku sejarah mau. Miturut Asvi, 10 jilid buku iku, mbuh suwe mbuh sedhela, mengkone tetep diarahake kanggo bahan ajar ana sekolah-sekolah, senadyan nalika rapat dengar pendapat karo Komisi X DPR sawatara wektu kepungkur wis dinyatakake menawa dudu buku resmi sejarah Indonesia.
Asvi kandha, saka 10 jilid buku, 9 ing antarane satemene ngrembug pembangunan lan stabilitas era Orde Baru. “Masyarakat sipil bisa nulak yen buku-buku kuwi didadekake bahan ajar ana sekolah,” ujare Asvi ing Auditorium Fakultas Kedokteran Universitas Islam Indonesia, dikutip saka tempo.co, Setu, 13 Desember 2025.
Direktur Amnesty International Indonesia Usman Hamid darbe panemu, panulisan ulang sejarah Indonesia dening pamarentahane Prabowo mujudake upaya rekonstruksi kanthi tujuwan kultus individu sarta glorifikasi marang Orde Baru. Mungguhe Usman, pambudidaya sing kaya mengkono mau klebu upaya manipulasi sejarah merga ngarahake menyang tapsir tunggal. Lire, sejarah sing dianggep bener mung versine pamarentah.
“Nadyan petenga dikaya ngapa sejarah sing tau diliwati Indonesia, klebu timbule tragedhi kamanungsan 65-66, kudu tetep ditulis. Aja dislimurake mrana-mrana,” ujare Usman lumantar katrangan tinulis.
Menteri Fadli Zon mbantah panulise sejarah Indonesia mau asipat politis. Dheweke mrayogakake sawatara kalangan sing nyujanani pamarentah duwe agendha politik ing walike proyek panulisan buku mau maca luwih dhisik isine, lagi aweh kritik apadene komentar. “Prinsipe pamarentah tinarbuka marang kritik,” ujare Fadli.
Ewasemono Fadli ngakoni menawa Kementerian Kebudayaan kepengin menehi wawasan positip ngenani sejarah nasional, mligine ing jaman penjajahan Walanda. Sasuwene iki disebutake ing literatur-literatur Orde Baru menawa Indonesia dijajah Walanda 350 taun lawase. Tumrap Fadli anggepan kang mangkono mau ora sawutuhe bener.
“Sebab nganti taun 1910, ana wilayah kasultanan-kasultanan ing luwar Jawa kang urip mardika. Uga ing sawatara dhaerah Jawa lan Sumatra timbul pembrontakan-pembrontakan sipil jalaran suthik dijegi tentara asing. Dadi sing diundha ing buku iki semangat nulak panjajahan, dudu suwene Indonesia dijajah,” kandhane.
Wakil Ketua Komisi X DPR Lalu Hadrian Irfani darbe panemu, terbite 10 jilid buku sejarah mau wigati kanggo sansaya njembarake literasi ing babagan periodisasi sejarah Nusantara. Yen dianggep isih ana bageyan-bageyan sing kecicir, Lalu mrayogakake akademikus, sejarawan lan panliti sejarah menehi kritik lan pretikel kanggo nyampurnakake isine buku.
“Kekliruan penulisan buku mujudake bab sing wajar. Ora ana karya sing langsung sampurna. Pamarentah ora perlu isan-isin ngakoni saupama isih ditemokake kaluputan lan kekurangan,” kandhane Lalu.
Tumrap Lalu, sikep tinarbuka nampa kritik mujudake budaya sing sehat. Revisi buku sejarah, manut dheweke, nuduhake komitmene negara ngawal narasi kang akurat, imbang, sarta bisa ditodhi sacara ilmiah.
Panulis: KSW







