Sawenehe bos persewaan mobil tiwas dipistul ing rest area tol Tangerang-Merak. Nekad ngoyak dhewe mobile sing arep digondhol durjana merga lapurane marang pulisi ora ditanggepi serius.
Kapolda Banten Inspektur Jendral Suyudi Ario Seto nglorod palungguhane Kapolsek Cinangka Ajun Komisaris Polisi (AKP) Asep Iwan Kurniawan. Asep dimutasi menyang bagian Pelayanan Masyarakat (Yanmas) Polda Banten jalaran lirwa nyepelekake lapurane warga satemah dadi kedrawasan. Kejaba dipocot saka kapolsek, Asep uga isih dipriksa Bidang Profesi dan Pengamanan Polda Banten awit kaanggep ora profesional.

Kapolda Banten Irjen Polisi Suyudi Ario Seto. (Foto-foto Antara)
Anggotane Asep cacah loro, Bripka Deri Andriyani lan Bripka Dedi Irwanto, uga ngalami nasib sing padha. “Kapolda kathi tegas menehi sanksi marang Kapolsek Cinangka sarta anggotane cacah loro magepokan karo pelanggaran profesionalisme jroning ngleksanani tugas,” katrangane Kepala Bidang Humas Polda Banten Komisaris Besar Polisi Didik Hariyanto ing Serang kaya kang dikutip saka Kantor Berita Antara, Selasa, 7 Januari 2025.
Prekara sing nyebabake AKP Asep “dikothak” mujudake wohing ora responsif nampa pawadulane masyarakat ngenani tindak kadurjanan. Aja maneh kok nanggepi serius lapuran kuwi, pulisi Cinangka mau malah nganggep entheng. Satemah kaya unine bebasan kriwikan dadi grojogan, awit masyarakat sing wadul kuwi wasana tiwas dipistul durjana.
Rajapati iku kelakon Rebo, 1 Januari 2025. Critane kawiwitan nalika bos persewaan mobil, Ilyas Abdurrahman, nggoleki kendharaane, Honda Brio kanthi nomer pulisi B 2694 KZO, kang digawa mlayu penyewane kang ngaku jeneng Ajat Sudrajat asal Pandeglang. Manut prajanjen, mobil iku bakal disewa Ajat suwene telung dina. Nanging kurang sedina wektu panyewane mobil entek, utawa tanggal 30 Desember 2024, Ilyas nyumurupi menawa GPS (global positioning system) telu sing dipasang ana mobil kasebut mati loro. Ilyas nduga Ajat duwe niyat ala kepengin nggawa mlayu mobile.
Ilyas banjur ngajak anake, Ryzky Agam Syahputra, lan sawatara kancane nglacak dununge mobil. Tanggal 1 Januari 2025 Ilyas kasil ndheteksi mobile mau dumunung ana dhaerah Saketi, Kabupaten Cilegon. Ilyas banjur marani mobile iku lan arep terus digawa mulih. Nanging aja maneh kok ngulungake, pawongan sing numpaki mobil kuwi malah nodhongake pistul marang raine Ilyas. Wegah risiko, Ilyas sakanca banjur nglapurake prekara kuwi menyang Polsek Cinangka sing mbawahi wilayah Saketi. Tujuwane lapuran kejaba menehi weruh pulisi menawa ana glagat mobile arep digawa mlayu penyewane, uga njaluk dibaturi sajroning njupuk kendharaane sing wis cetha panggonane kuwi jalaran pelakune nggawa pistul.
Nanging Bripka Deri sing tampa lapuran mau ora serius anggone nanggepi. Dheweke ngenthengake yen pistul sing dikarepake Ilyas mau paling-paling mung barang dolanan kanggo medeni bocah wae. Deri uga emoh ngancani. Dheweke akon Ilyas ngoyak dhewe durjanane. Pulisi ya nulak lapurane Ilyas bab “penggelapan” mobil jalaran nganggep Ilyas ora duwe idin bukak usaha persewaan mobil.
Pulisi mau tetep ora percaya nadyan Agam wis nuduhake bukti BPKB lan STNK-ne Honda Brio sing digondhol penyewa. Satemene Bripka Deri kober lapuran lumantar tilpun marang ndhuwurane, ya AKP Asep Iwan Kurniawan, ngenani panjaluke pelapur dikancani njupuk mobile. Deri njaluk arahane kapolsek apa sekirane sing bisa ditindakake pulisi kanggo mbiyantu Ilyas lan Agam. Nanging Asep nulak menehi bantuan. Alesane, Ilyas dianggep leasing lan durung gawe lapuran resmi marang pulisi bab ilange mobil.

Anggota kulawarga kurban lan mitra karuh nyawurake kembang ing lokasi penembakane Ilyas Abdurrahman lan Ramli Abu Bakar, Rest Area KM 45 Tol Tangerang-Merak, Jumat, 3 Januari 2025.
Ngoyak Dhewe
Cuwa karo tanggepane pulisi sing ogah-ogahan, Ilyas lan Agam akhire mutusi bakal njupuk dhewe Honda Brio mau. Ilyas sakanca banjur bali menyang Saketi. Nanging jebul mobil iku wis digawa mlayu tumuju arah Jakarta dening pelaku. Sok ngonowa Ilyas terus ngiting mobile kuwi menyang ngendi wae parane.
Dheweke nyumurupi mobil iku menggok menyang rest area KM 45 dalan tol Tangerang-Merak. Ilyas terus wae mbudidaya ngrebut mobil mau saka tangane sopir. Ujug-ujug ana wong loro pawakan kiyeng metu saka jok mburi lan tanpa ba bi bu terus mistul dhadhane Ilyas sarta rowange, Ramli Abu Bakar.
Ilyas rubuh ndhepani lemah nganti dadi lan patine. Wondene Ramli ngalami ngalami tatu mutawatiri. Sawise mistul Ilyas lan Ramli, pelaku age-age mbandhangake Honda Brio lan mobil siji maneh, Daihatsu Calya, tumuju Jakarta. Nanging tekan KM 43 B pelaku ninggalake Honda Brio mau ing bau dalan.
Sabacute Polda Banten bebarengan karo Polisi Militer Angkatan Laut (Pomal) nylidiki kasus penembakan kuwi. Jroning wektu kurang saka sepasar para pelakune wis dipikut. Wong lima ditetepake minangka tersangka. Salah sijine Ajat Supriatna alias Ajat Sudrajat, pawongan sing nyewa Honda Brio marang Ilyas. Tersangka siji maneh kanthi inisial IS dinuga minangka penadhah.
Wondene penyidik Pomal ngusut tersangka cacah telu anggota TNI AL, yaiku Sertu AA, Sertu RH, lan Kelasi Kepala BA. Panglima Komando Armada Laksamana Madya Denih Hendrata ngakoni senjata api sing dienggo mistul kurban mujudake inventarise institusi sing dipercayakake panyekele marang AA jalaran dheweke minangka ajudan. Miturut Denih dheweke entuk lapuran menawa AA, RH lan BA dikroyok wong 15 jroning upaya njupuk mobil ing rest area mau saengge ngeculake tembakan.
Kapolda Suyudi Ario Seto ngakoni anggotane kurang responsif jroning nanggepi lapuran saengga prekarane dadi ngambra-ambra. Deri lan Dedi uga ora menehi lapuran sing wutuh marang kapolsek. Merga lapurane anggota kliru, satemah AKP Asep dadi kurang pas anggone njupuk keputusan.
“Satemene iki kasus rental, nanging dilapurake leasing dening anggota marang kapolsek. Yen leasing, dhokumene kudu kuwat, surat-surat komplit, ora angger,” ujare Suyudi nalika ngadani konferensi pers ing Markas Komando Armada TNI AL, Jakarta, Senen, 6 Januari 2025.
Suyudi uga ora nyelaki menawa nalika teka menyang Polsek Cinangka tanggal 1 Januari, Agam lan rowange sing aran Samsul, njaluk pendampingan anggota pulisi kanggo njupuk mobil sing digawa penyewa. Nanging pulisi ora enggal tumandang kanthi pawadan kekurangan personil. “Satemene yen polsek kekurangan personil, bisa njaluk bantuan menyang polres. Nanging ing prekara iki ora dileksanani dening kapolsek,” kandhane Suyudi.
Ngenani dhetik-dhetik penembakan kuwi dhewe, miturut Suyudi, ana upaya peksa saka sing duwe mobil kepengin ngrampas nanging dikukuhi dening penyewane. Dumadi tarik-tarikan lan oyok-oyokan saengga salah sijine pelaku mistul dhadhane Ilyas lan Ramli.
Agam ora marem karo katrangane kapolda ing konferensi pers mau. Sebab, kapolda ora nyenggol-nyenggol bab wong tuwane sing kober ditodhong pistul dening pelaku nalika arep njupuk mobile ing Saketi. Mangka kedadeyan penodhongan iku wis dilapurake marang Polsek Cinangka. “Pulisi piket maune kandha iku pistul bohongan. Aku wong awam ora ngerti piye wujude pistul sing asli lan sing tiron, sing cetha wernane ireng. Nanging nyatane pistul kuwi sing dienggo mistul wong tuwaku nganti tiwas,” kandhane Agam.
Agam nduga penyewane mobil rental mau sawijining komplotan kang dibekingi dening oknum aparat sing wis gendhon sarukon. Yen ora tumindak ala geneya anggota tentara iku bebarengan karo wong-wong sing duwe niyat tumindak durjana. “Bisa wae mobil mau banjur arep didol ing pasar peteng. Yen mobil kosongan jare regane udakara Rp 40 yuta,” ujare Agam.
***
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Edhitor: Ahmad Rizky Wahyudi







