Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya ngakselerasi penguwatan nilai‑nilai gotong royong liwat program Kampung Pancasila kanthi ngajak nom-noman lan 12.000 Aparatur Sipil Negara (ASN) kanggo ngampingi 1.361 Rukun Warga (RW). Langkah iki ditindakake minangka upaya nguripake solidaritas sosial ing tingkat kampung sing sasuwene iki dadi fondhasi Kota Pahlawan.
Cawe-cawene ewon ASN lan pemudha iki dadi bagian saka strategi pemkot kanggo mesthekake implementasi nilai‑nilai Pancasila mlaku konkret ing tingkat akar rumput. Nanging pemkot ngrumangsani, upaya iki ora bakal efektif tanpa dukungan masyarakat, kalebu elemen sosial liyane.
Komitemen kasebut ditandhesake Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi nalika launching Kampung Pancasila 2026 ing RW 2 Krembangan Bhakti, Kelurahan Kemayoran, Kecamatan Krembangan, Kemis (16/4/2026). Kegiatan iki uga dieloni tokoh lintas agama, organisasi masyarakat, organisasi kepemudaan lan mahasiswa, sarta perwakilan saka 1.361 RW sacara daring.

Wali Kota Eri Cahyadi ngandhakake yen kekuwatan utama Surabaya dumunung ing budaya gotong royong sing wis dibangun wiwit biyen. Pak Eri ngelikake wiwit dekade 1960-an, Surabaya dibangun sandhuwure nilai kekeluargan lan toleransi sing dhuwur.
“Sajege taun 1960 Surabaya iku wis duwe toleransi sing dhuwur. Iki sing kudu kita cekel lan kita terusake. Mula kampung Pancasila iki ora oleh mandheg, lan Surabaya kudu tetep jejeg kanthi gotong‑royong,” ujare Wali Kota Eri.
Wali Kota Eri banjur nambahake supaya semangat Kampung Pancasila ora oleh mandheg minangka slogan, nanging kudu diwujudna jroning praktek sedina-dina liwat gotong royong. Amarga, mbangun Surabaya ora mungkin mung ngandelekake pemerintah tanpa dhukungan aktif masyarakat, utamane generasi mudha.
“Yen njenengan kandha Surabaya kudu sejahtera tanpa gerakan anak mudha, iku ora mungkin. Merga ora mungkin pemerintah daerah mrantasi masalahe iku dhewe,” ujare.
Pak Eri aweh conto konsep kesejahteraan kolektif liwat praktek distribusi zakat, infaq lan sedekah (ZIS) ing jamane Sayyidina Utsman bin Affan. Miturut Pak Eri, praktik kaya ngono isih relevan banget dicakake ing jaman saiki.
“Geneya ing jaman Sayyidina Utsman negarane makmur. Merga rakyate sing sugih, sing duwe kewajiban mbayar zakat, ngetokake infaq, iku digabung, terus diwenehake marang wong‑wong ing kampung sing mbutuhna,” jelasé.

Amarga kuwi, liwat Kampung Pancasila, Pemkot Surabaya njurung penguwatan ing maneka bidhang, kalebu lingkungan, sosial budaya, kemasyarakatan lan ekonomi. Ing bidhang lingkungan, Wali Kota Eri ngajak warga wiwit milah sampah saka omah, amarga sampah iku nduweni nilai ekonomi kanggo kegiatan sosial.
“Bayangna yen (botol plastik) iku wis dipisah ing saben RW, terus didol, iku bisa ngasilake dhuwit, mlebu kas RW, kanggo pergerakan sosial. Iku luar biasa,” ujare.
Dene ing bidhang sosial budaya, program iki uga diarahake kanggo nguwati solidaritas antar‑warga, utamane mbantu masyarakat kurang mampu liwat mekanisme gotong royong. Pak Eri nandhesake wigatine bantuan sing pas sasaran kanthi ngutamakake kabutuhan warga ing RW kono.
“Mula iku kita kala-kala ora gelem ngetokake sedhekah kita menyang RW, nanging liwat lembaga liya. Wusanane lembaga liya kuwi ora ngetokake infake sing kita bantokake menyang RW kita, nanging menyang panggonan liya. Mangka ing RW kita isih ana sing ora bisa sekolah, ana sing isih miskin,” jelasé.
Pak Eri nandhesake saben masalah kudune bisa dirampungake ing tingkat RW kanthi dukungan pemerintah. Nanging bab kuwi syarate kudu ana laporan aktif saka masyarakat, wiwit saka Kader Surabaya Hebat (KSH), PKK, apadene pengurus RT/RW.

“Dadi yen ana masalah fasum (fasilitas umum) utawa bocah ora sekolah, iku mesthine bisa dirampungake ing RW kanthi pemerintah kotane mudhun. Nanging apa pemerintah kota (dhewe) bisa? Mesthi wae ora bisa yen ora ana laporan, ora ana gerakan saka RW. Mula iku dak ajab saben RW bakal diampingi ASN,” ngendikané.
Ora mung kuwi, Wali Kota Eri uga ngajak kabeh elemen masyarakat, kalebu mahasiswa, organisasi kepemudaan lan kelompok keagamaan, melu aktif jroning ngampingi Kampung Pancasila. Miturut Pak Eri, kasilé Surabaya nangani maneka masalah ora mung ditentokake pemerintah, tapi uga gotong royong warga.
“Insyaallah kita bakal gerak bareng, kita bakal gandhengan tangan kanggo mawujudake Surabaya sejahtera. Dudu merga wali kotane, tapi merga RT/RW, PKK, KSH, lan tokoh masyarakat sing ana ing Surabaya,” tandhese.
Sauntara kuwi, Kepala Satuan Tugas (Kasatgas) Kampung Pancasila kutha Surabaya Irvan Widyanto nambahke, program iki diarahake kanggo nguwati pemberdayaan masyarakat ing tingkat RW kanthi munjerake marang nilai gotong royong.
“Program Kampung Pancasila iki dhewe kepiye ‘memberdayakan’ kabeh unsur masyarakat ing level RW amrih bebarengan kolaborasi,” ujare Irvan.
Irvan uga nuturake gagasan Kampung Pancasila ora uwal saka pengalaman Surabaya nalika ngadhepi pandemi Covid‑19. Nalika kuwi, nilai‑nilai gotong royong tuwuh spontan tanpa ngenteni intervensi pemerintah.
“Ing kabeh (kampung) iku kedadeyan, lan iku tanpa diperintah. Dadi spontanitas gotong royong (warga) ditindakake kanggo ngawekani masalah ing kampung kuwi dhewe,” jelase Kepala BPBD Kota Surabaya iki.
Pengalaman kuwi terus dirumusake Wali Kota Eri Cahyadi dadi filosofi Kampung Pancasila, kanthi nguwati solidaritas sosial ing tingkat RW kanggo mbantu warga sing mbutuhake. Kuwi sebabé, program iki nyasar maneka masalah, wiwit saka nyegah stunting lan gizi buruk, akses pendidikan kanggo bocah, nganti pemberdayaan ekonomi warga.
Minangka wujud penguwatan Kampung Pancasila, Pemkot Surabaya ngerigake kurang luwih 12.000 ASN dadi pendamping. ASN lan para pemuda ing wilayah kono bakal ngampingi 1.361 RW supaya program iki mlaku efektif lan nggayuh kebutuhan warga langsung.

“Kurang luwih ana 12.000 ASN sing ana ing pemerintah kota iku katujokake langsung dadi ASN Pendamping. Total ana 1.361 RW iku bakal diampingi ASN pendamping kanggo bareng‑bareng karo warga masyarakat,” jelase Irvan.
Jroning pengleksanane, Kampung Pancasila dibagi dadi patang pilar utama: lingkungan, kemasyarakatan, ekonomi lan sosial budaya. Irvan uga nandhesake kunci kasuksesane program dumunung marang cawe-cawene masyarakat.
“Dadi diajab kabeh elemen melu tanpa ngandelekake suku, ora ndeleng agama apa wae,” panutupe. (ADV)



