Sekar lan Billa katon gumun nalika metu saka mobil travel ing Jl. Rajawali. Dadi rapi lan temata ya, pangalembanane. Ora kesuwen, kekarone langsung klak klik foto selfi ing ngarepe gedhong-gedhong tuwa kang ana. Wanita loro asal Palangkaraya kuwi pancen lagi sepisanan dolan menyang Surabaya, persise sepisanan menyang papan-papan wisata kang ana ing sakupenge Jembatan Merah iku. Mula ora nggumunake yen kekarone padha eram weruh temata lan rapine papan wisata Kota Lama.

Destinasi Wisata Kota Lama Surabaya
Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya pancen wis kasil nata Kota Lama ing wilayah Surabaya Lor ksb. Kepara sing ditata ora mung ing Jalan Rajawali lan sakupenge gedhong Internatio, nanging isih arep dibacutake. Kalebu daerah Kya-Kya ing kawasan Pecinan Kembang Jepun lan Kampung Arab ing Jalan KH Mas Mansyur sarta kawasan Ampel. Revitalisasi iki ditindakake jroning upaya nglestarekake warisan budaya, nguripake maneh kajayan mangsa kepungkur kanthi ndandani lan ngrumat bangunan-bangunan bersejarah kang ana ing laladan mau.
Revitalisasi Kota Lama Surabaya uga ora mung saderma ndandani bangunan-bangunan lawas, nanging uga kanggo mulihake fungsi asli bangunan bersejarah kasebut. Contone, bangunan sing biyen dadi kantor pemerintah utawa pusat perdagangan dibalekake fungsine, saengga bisa dadi daya tarik wisata lan ekonomi kanggone kutha iki. Mula ora nggumunake yen dalane mulus lan temata rapi.
Luwih saka iku, revitalisasi Kota Lama mujudake perangan saka upaya pamarentah jroning mawujudake Surabaya dadi kutha kang maju ing donya, humanis lan lestari. Mula Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya ngajab, revitalisasi kawasan Kota Lama ora mung saderma mbangun fisik, ananging uga diimbangi kanthi mbangun nilai-nilai budaya lan gotong royong.
Upaya sing ditindakake Pemkot Surabaya iki ora mung kasil nguripake maneh sawenehing kawasan bersejarah lan papan wisata unggulan. Nanging uga kanthi signifikan ningkatake ekonomi lokal lan mbukak ewon lapangan kerja. Kaya dene kawasan wisata Tunjungan Romansa upamane, kawasan Kembang Jepun sing maune dadi pusat perdagangan, saiki uga urip maneh amarga anane revitalisasi sing adreng ditindakake Pemkot Surabaya. Kembang Jepun kang dadi perangan saka salah sijine zona kawasan Kota Lama Surabaya iki wis kasil nuwuhake semangat toleransi lumantar tuwuhing UMKM lan kegiatan ekonomi inklusif.
Walikota Surabaya mratelakake, sajrone taun 2023, total omzet kang kacathet ing kawasan Kota Lama Kembang Jepun wis nggayuh Rp 1,013 milyar.
Penataan kawasan Kota Lama iki mesthi wae saya nyengkuyung pariwisata Heritage kang ana, yaiku nguwatake jati diri Kutha Surabaya minangka Kutha Pahlawan. Kota Lama kanthi sakehing kaendahan lan nilai sejarahe, wis dadi seksi bisu kiprahe Surabaya. Kota Lama nyimpen akeh cerita bab kajayan mangsa kepungkur, wiwit saka jaman kolonial engga jaman kamardikan. Kota Lama Surabaya nduweni nilai sejarah sing ora kalah wigatine dibandhingake Kutha Tua ing Jakarta utawa Kota Lama ing Semarang. Salah sijine situs sing paling ikonik yaiku Jembatan Merah, papan bersejarah nalikane Jenderal A.W.S. Mallaby nemahi tiwas jroning pertempuran 10 November 1945.
“Destinasi iki ora mung papan wisata, nanging uga kanggo ngeling-eling perjuangane para pahlawan. Bung Karno tansah ngandhakake Jas Merah (Jangan Sekali-sekali Melupakan Sejarah)” tandhese Walikota Surabaya Eri Cahyadi.
Kanthi anane wisata Kota Lama, pangarep-arep gedhe saiki digantungake, yaiku kanggo ndhongkrak perekonomian Surabaya. Pajek hotel, hiburan, restoran lan parkir diajab bisa mundhak kanthi signifikan kanthi akehe turis sing teka.







