Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya wis nindakake kabijakan ngirit energi selaras karo aturan pemerintah pusat. Kanthi anane kabijakan iki, Pemkot ngecakake opsi work from home (WFH) lan ngajab aparatur sipil negara (ASN) supaya nggunakake transportasi umum utawa kendaraan listrik.
Ora mung iku, amarga kabijakan iki Pemkot uga nindakake lelang kendaraan operasional sing umure wis luwih saka pitung taun. Lelang iki wis ditindakake ing minggu kapindho April 2026.
Walikota Surabaya Eri Cahyadi njelasake, rencanane kendaraan sing dilelang mau bakal diganti nganggo kendaraan listrik. Tujuane, yaiku kanggo ngirit BBM mesisan njaga kualitas lingkungan.

“Mula iku, kita dina iki uga duwe komitmen, 80 (unit) kendaraan uga dilelang. Iku kanggo sepedha motor lan mobil sing durung dilelang,” ujare Walikota Eri nalika ditemoni ing rumah dinas, Selasa (14/4/2026).
Walikota Eri nargetake, transisi saka kendaraan BBM menyang listrik diwiwiti Mei 2026. Sauger, bacute, proses lelang kendaraan mau kasil kabeh.
“Yen lelang wis kasil kabeh, mula ing wulan Mei kita ganti kabeh nganggo mobil listrik. Apa kuwi motor utawa mobil, mengko kita nggunakake (sistem) sewa,” ujare.
Walikota Surabaya sing biasa diundang Cak Eri Cahyadi iku nerangake, ing proses lelang kasebut Pemkot bareng Kantor Pelayanan Kekayaan Negara lan Lelang (KPKNL) uga bakal nindakake proses percepatan lelang.
“Aku wingi ya menyang KPKNL njaluk supporte supaya dicepetake, asile ana, dadi kita bisa nggunakake mobil listrik kabeh,” jelase.
Sadurunge, Kepala Badan Pengelolaan Keuangan lan Aset Daerah (BPKAD) Kota Surabaya Wiwiek Widayati ngandhakake, yen Pemkot nggelar proses lelang kendaraan operasional sing umure wis pitung taun luwih. Lelang kendaraan iki mujudake bagian saka upaya Pemkot kanggo efisiensi panganggone BBM.
Dene jumlah kendaraan sing dilelang yaiku 85 unit. Rinciane, 70 unit kendaraan R4, 13 unit R2, lan 2 unit kendaraan roda telu (R3). Puluhan kendaraan kasebut, bacute, sebagian wis ana ing proses lelang. Dene sing isih ana, bakal dilelang minggu iki.
“Dadi kendaraan sing umure pitung taun iku kita cek maneh sadurunge didol (lelang). Tegese apa? Ing kono ana upaya-upaya nindakake penghematan energi kang temen-temen kita tindakake kanthi masif,” ujare Wiwiek, (8/4/2026) kepungkur.
Proses lelange dhewe wis diwiwiti wiwit 13 April 2026 nganti wates akhir penawaran tgl 20 April 2026. Tumrape masarakat sing pengin melu lelang, bisa ndaftar liwat situs resmi KPKNL ing https://portal.lelang.go.id/. Sawise kuwi, peserta lelang bisa nindakake prosedur syarat lan aturan sing ana ing situs kasebut.

Wiwiek ngajab, oleh-olehan saka asil lelang kendaraan taun iki bisa nggayuh target Rp6,3 milyar. Kajaba iku, dheweke uga ngajab, anane lelang iki Pemkot bisa ngirit energi, utamane BBM kanthi signifikan.
Wiwiek nambahake, lelang kendaraan iki wis ditindakake sajege taun 2024. Nalika iku, Pemkot nglelang puluhan kendaraan operasional sing digunakake Kepala Perangkat Daerah (PD). Sawise dilelang, pungkasane Pemkot ngganti kendaraan operasional Kepala PD mau menyang mobil listrik kanthi sistem sewa.
“Kendaraan listrik iku uga wis ditindakake, ngirit ing posisi BBM. Kita nggunakake sistem sewa, tegese kita wis nindakake efisiensi marang panganggone BBM lan ana beda kang signifikan babagan ngirite,” pungkase. (d)***
Editor : Donny Tunggul
Sumber: Rilis Pemkot Sby



