Terminal Lucidity: Dumadakan Waras Sadurunge Seda

Sebutan terminal lucidity sepisanan ditepungake dening sawijining panliti lan wasis biologi saka Jerman, Michael Nahm duk ing 2009 uni. Slaras karo arane ing basa Inggris, terminal dijarwakake minangka wekasan, dene lucidity kuwi kaweningan.


MULA, yen kekarone digathukake, terminal lucidity yaiku sawijining keda-deyan psikologis nalika mbalike kawe-ningan pikir utawa waras saka lelara pikir tumrape sawijining pawongan kanthi sakala sadurunge nemahi sedane. Sasuwene iki, kedadeyan iki wis nggegerake kalangane para wasis.

Akeh sing nduweni panemu yen terminal lucidity mujudake nugraha saka Kang Akarya Jagad. Anane keda-deyan iki bisa didadekake minangka ‘kesempatan kapindho‘ mungguhe pawongan tartamtu murih bisa mertobat lan ngentekake wektu pungkasane kelawan wong kang ditresnani kanggo wekasane.

Nganti seprene, sejatine isih durung ana andharan kang masuk akal ngenani terminal lucidity. Ewasemono, kedadeyan iki nyatane bisa was dumadi tumrap saperangan pasien kang nandhang gerah tartamtu.

Slaras karo katrangan ing situs scientific-american.com, terminal lucidity umume dialami dening pawongan kang nandhang gerah alzheimer (kangelan anggone ngeling-eling samubarang) lan dimensia (suda rasa-pangrasane, suda kaprigelan micarane, engga ora titis anggone nggraita).

Nukil sawijining panliten ing Open Journal of Philosophy, terminal lucidity bisa dumadi sasuwene saperangan menit nganti pirang-pirang dina sadurunge tumekaning palastra. Senajan to kedadeyan iki ora dumadi suwe, bisa uga pawongan kang nemahi iki bisa manfaatake kalodhangane iki kanthi sabecik-becike.

Wis akeh saperangan tuladhane kasuse pasien kang nemahi terminal lucidity. Salah sijine tumrape sawijining wanodya adiyuswa kang nandhang gerah alzheimer sasuwene 15 taun, tur wis ora eling marang sapa-sapa.

Nanging, nuju sawijining wengi, ndadadak dheweke wiwit bisa miwiti pacaturan lire wong normal karo putrane. Wanodya kasebut bisa micara sakehing bab kanthi gangsar, ora kaya nalika dene isih nandhang alzheimer. Wiwit saka rasa wedine marang pepati nganti bab-bab kang nyulayani dheweke sasuwene iki. Nuli sawetara jam sabanjure, dheweke langsung seda.

Saliyane kuwi, uga ana priya tuwa kang ngalami dimensia kang cukup nemen sasuwene pirang-pirang wulan. Malahan dheweke uga wis ora bisa nepungi wong-wong ing sakanan-keringe kanthi mrinci.

Nuli, dumadakan dheweke bisa uwal saka lelara kuwi. Bisa micara kanthi gangsar, guyonan, lan bisa nguntabake rasa asihe marang kerabat sarta kulawargane. Malah dheweke uga saguh ngaturake panuwune. Nanging, ora let suwe dheweke sakala kesirep lan ora tangi maneh sajoge kuwi.

Terminal lucidity isih dadi misteri kang durung bisa kawiyak lan isih ditliti saya jeru maneh dening para wasis nganti seprene. Pangajabe, bisa kanggo mahanani pangrembakane sesurup-an bab terapi anyar ing donyaning medhis kanggo dina tembe.

***

Panulis: ARW
Panitipriksa: Keanu Ibrahim

Bagikan artikel ini
Keanu Ibrahim
Keanu Ibrahim
Articles: 9

3 Comments

  1. So, риквипарт, eh? I’ve been hearing a lot about this one, always pops up in my searches. Is it worth the hype? Anyone have any insider info or experiences to share? Check it out here: rikvipart

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *