Para Perasuk lan Gegambaran Krentege Manungsa

Film Para Perasuk (2026) karyane Wregas Bhanuteja dadi salah siji filem Indonesia kanthi geganthan (konsep) lan pasugatan kang cukup unik. Wiwit awal, Wregas wis nandhesake lamun filem iki ora mawa genre horor salumrahe. Panonton ora bakal nemokake omah angker, dhedhemit bentayangan, utawa swasana werit kaya dene filem kesurupan klasik padatane garapan Indonesia.

Samak filem Para Perasuk (2026)

Para Perasuk malah dibungkus kanthi luwih nyalawadi, nganeh-anehi, lan kebak dening makna simbolis. Filem iki nyampur antarane donyaning spiritual, kritik sosial, geguyonan, nganti panggambare pangrasane manungsa ing sasorot kamera kanthi rinasa aneh lan uga narik kawigaten.

Critane filem Para Perasuk klakon ing desa fiktif karan Latas kang panggonane digambarake mapan watara rong jam perjalanan saka Jakarta. Desa kasebut ndarbeni acara mirunggan minangka budaya sajrone panguripane masarakat karan ‘sambetan’.

Sajrone acara kasebut, warga bisa disusupi kumarane maneka werna kewan amrih bisa ngrasakake pangalaman tartamtu. Momen kerasukan sajrone filem Para Perasuk dadi sawijining lelipur kolektif lan uga cara nyuda tekanan saka perkara kang ditemahi ing panguripan saben dina.

Ana watara rong puluh kumarane kewan kang ditekake ing acara sambetan iki. Saben kumara nduweni watak-wantu lan pangalaman kang beda-beda. Upamane, kumarane bulus agawe badane sapa wae sing disusupi kebal marang sabetane penjalin satemah rasa lara kang ditemahi owah dadi rasa nyaman.

Kumarane kupu ndadekake sapa wae sing disusupi mlebu menyang donyaning kembang lan madu, wimbuh rasa tentreme ati. Kabeh pangalaman kasebut dipandhu lumantar gendhing-gendhing lan rerangkening tatacara tartamtu. Saya kondhang wong sing disusupi, saya kuwat uga pangalaman kang dirasakake.

Geganthan kuwi agawe filem Para Perasuk rinasa seger jalaran bisa mandhang donyaning spiritual kanthi ancangan maneka warna. Wregas ora ndandekake kumara kang lumrahe dianggep minangka sumber kanggo medeni-medeni panonton. Kumara ing filem iki didadekake minangka bageyane panguripan masarakat. Budaya sambetan malah dadi sumber lelipur lan pangupajiwane masarakat.

Wregas Bhanuteja minangka panitilakon (sutradara) filem Para Perasuk (2026)

Konfilk kawiwitan muncul nalika ana perusahaan properti karan Wanaria kepengin nuku lemahe desa kanggo didadekake kawasan perumahan. Banjur sumber banyu kang dadi papan manggone para kumara uga bakale bisa kena katut kagusur.

Warga desa lan sanggar sambetan banjur ngupaya kanggo njaga tanah kasebut lumantar maneka cara. Nah, saka kene, alure filem Para Perasuk wiwit owah dadi lelakon kang nyritakake kepriye carane warga lokal anggone njaga alam saka pangrebute pehak nonkonservatif, panguwasan, lan ambisi-ne manungsa.

Paraga utama Bayu kang disalirani dening Angga Yunanda dadi punjering lelakone filem Para Perasuk. Bayu teka saka panguripan kang kejem ing Jakarta. Dheweke tau urip mlarat bareng bapake kang nalika kuwi gagal sajrone bisnise, tur uga tau dikunjara.

Dadi ‘perasuk’ utawa wong kang mbantu sumusupe kumara marang ‘pelamun’ (wong kang disusupi) sajrone sambetan asung gegayuhan tumrap Bayu amrih bisa urip luwih layak ing desa. Nalika sayembara pamilihe perasuk utama dibukak, Bayu ndeleng ana kesempatan gedhe ing kono kang tamtune yen kasil kapilih, bisa kanggo ngowahi uripe.

Sesaingan sajrone sayembara kasebut uga nggathukake patemone Ananto lan Pawit kang padha-padha nduweni krenteg kang kuwat kanggo dadi perasuk, pindha Bayu. Semono uga, tumekane paraga Laksmi kang diparagani dening Maudy Ayunda agawe lelakone Bayu rinasa luwih emosional lan misterius.

Sawijining adegane para warga lan Laksmi (Maudy Ayunda) ambyur sajrone acara sambetan

Sesambungan ing antarane kekarone dadi salah siji elemen kang agawe filem Para Perasuk tetep nduweni surasa tentrem satengahe ruhara kang dumadi sajrone donyaning sambetan.

Salah siji daya gedhore filem Para Perasuk dumunung ing rasa wanine Wregas anggone mangun donya kang beda kalawan kang ana ing kasunyatan. Pamangune kahanan kang ana ing Desa Latas rinasa kebak dening pretungan tur ora mung waton ginawe wae.

Akeh elemen kang ana ing filem Para Perasuk kadhapuk saka pangalaman pribadine Wregas. Dheweke tau ngrungokake crita bab kumaraning kewan kang disusupake marang pawongan tartamtu saka kulawargane wiwit cilik. Pangalaman kasebut banjur dirembakakake dadi pondhasine donyaning sambetan sajrone filem iki.

Wregas uga nglakoni panliten suwe ngenani ritual ing Indonesia amrih adegan kesusupan rinasa luwih nyata. Para pemain uga nyinaoni koreografi badan, polatane rai, nganti obahane mripat kanggo mangun pamaragane kumara kang beda-beda. Maudy Ayunda malah ngaku kudu nyinaoni obahan saka sepuluh kumarane kewan kanggo nglandhepake kalungguhane.

Pasugatane para paraga dadi salah siji aspek kang pinunjul sajrone filem Para Perasuk. Angga Yunanda tampil totalitas banget minangka Bayu. Obahe badane nalika kesusupan rinasa nyata lan kadhang agawe panonton melu rumangsa ora nyaman.

Polatan raine Bayu dikebaki dening ambisi, frustasi, lan pepenginan kanggo terus urip kasil diuntabake kanthi mirasa. Chicco Kurniawan lan Bryan Domani uga asung energi kang beda sajrone sesaingan kang dumadi ing antarane para perasuk.

Saliyane mengku rasa emosional, filem Para Perasuk uga dipepaki dening geguyonan absurd mawa carane Wregas. Ana adegan joged TikTok kang sengaja digawe kaku banget, adegan disampluk sosis, nganti momen-momen aneh liyane kang rinasa nggatelake ati. Geguyonan kasebut agawe filem iki tetep entheng senajan nggawa tema sosial kang cukup abot.

Filem Para Perasuk mungguh garap visualitas-e katon ambisius banget. Prodhuksine disebut minangka proyeg gedhe dhewe sadwane karir fileme Wregas. Kanggo saadegan kesusupan kumara kupu wae, tim prodhuksi nganti nekakake es samobil boks lan kembang sawur samobil boks kanggo mangun swana tartamtu. Cacahe paraga tambahan nganti sewu wong satemah Desa Latas katon urip swasanane tur rame.

Ing sawalike sakabehe kaanehan lan gegojegane, filem Para Perasuk sejatine ngandhakake panguripane manungsa kang satemene. Wregas nyisipake kritik ngenani panguwasa, kasrakahan, lan ambisi kang sok agawe manungsa kelangan arah. “Kerasukan kuwi ora mung krana kumara wae, nanging uga panguwasan lan ambisi,” ujare Wregas.

Filem Para Perasuk nggepok babagan sosial kang ana ing panguripan saben dina, klebu kepriye carane manungsa nindakake urip lan njaga alam

Ukarane Wregas kasebut rinasa dadi punjer utamane filem Para Perasuk. Kumara sajrone filem iki mung simbul saka maneka hasrat kang nguwasani jiwaning manungsa. Ana ambisi kanggo urip saya kepenak, pepenginan kanggo nguwasani sawijining wewengkon, nganti pepenginan kanggo njaga kalungguhan ing bebrayan. Filem Para Perasuk kasil dadi filem kang pancen angel dilebokake menyang sa-genre tartamtu. Filem iki nduweni elemen spiritual, gegojegan, sandiwaraning urip, kritik sosial, nganti fantasi kanthi bebarengan. Wregas ngasilake karya kang rinasa banget lokalitas-e lan universalitas-e. Donyaning sambetan mbokmenawa rinasa aneh, nanging emosi lan pangrasane manungsa kang ana ing donya kasebut rinasa nyata banget.

***

Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 26

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *