Basa Isyarat kang dadi Woting Ati

WIS 5 taun iki saben tanggal 23 September dipengeti minangka Hari Basa Isyarat Internasional. Tanggal 23 iki dianakake maneh ing Surabaya. Arupa adicara kang digagas dening Tim Bisindo lan Aksesibilitas Surabaya (TIBA), Cerita Teman Tuli (TATULI), Yayasan Semesta Rumah Kita, lan Disabilitas Berkarya.

Miturut Ika Irawan, ketua panitiya, acara iki ngusung tema ‘Sawijining Donya Panggone Wong Tuli Bisa Nganggo Isyarat ing Endi Wae’. Priya kang luwih akrab diundang Wawan ksn mujudake salah sijine wong tuna rungu kang wis puluhan taun aktif nyebarake lan mulang Bisindo (Bahasa Isyarat Indonesia), mligine Bisindo Jawi Wetan.

(Panjebar Semangat)

“Aku bungah banget dina iki nyawang kanca tuli lan kanca dengar padha ngumpul dadi siji. Ayo, kabeh kudu padha terus ngreksa pasrawungan kang endah iki,” ujare Wawan nganggo Bisindo lan dibasakake maneh ing basa Indonesia dening Juru Basa Isyarat (JBI).

Acara dibukak kanthi lagu Indonesia Raya nganggo Bisindo iki dileksanakake jam 10 esuk nganti jam 3 sore ing mal Royal Plaza Surabaya. Sasuwene iku, maneka kridha disuguhake. Salah sijine yaiku talkshow utawa sarasehan bab ngopeni anak kang dimodheratori dening Inge Ariani, pandhongeng uga pegiyat literasi.

Manut Inge, data saka Kementrian Kesehatan RI taun 2019, ana 18,9 yuta wong Indonesia kang nandhang disabilitas rungu utawa dianggep nduweni gangguan pangrungon. Para disabilitas rungu iki wis mesthi dadi tanggungane kulawarga. Senajan anggota kulawarga sing liyane ora klebu disabilitas rungu. Iku mau kang kerep dadi masalah komunikasi uga konflik ing jerone kulawarga.

Ana wong telu kang dadi narasumber ing sarasehan iki, yaiku Tri Hardini minangka wong tuwane anak Tuli, Ika Irawan minangka wong tuwa Tuli, lan Watiek Ideo minangka penulis buku anak. Kabeh duwe pengalaman bab komunikasi klawan wong Tuli. Para peserta, tuli utawa non-tuli, tuwa lan enom, bisa njupuk pituwas lan amanah saka critane para narasumber.

Kayata Wawan, kang nyritakake biyen dheweke ngalami ruwete komunikasi amarga dheweke sing tuli dhewe ing kulawargane. Adhik, sisihan, lan anak-anake kabeh bisa krungu. Nanging bab iku bisa dipungkasi sawise anggota kulawargane uga Wawan dhewe sinau lan migunakake Bisindo saben dinane nganti saiki. Wawan kanthi mandhes ngandhakake, pentinge wong tuwa ora meksa anake kang tuli amrih bisa ngomong kanthi verbal, apa maneh ‘ndhelikake’ anake iku mau. Wong tuwa bisa wae sinau Bisindo, sinambi anake dikenalake karo komunitas tamrih bisa ngasah elmu lan pinter srawung.

Sawetara iku, Tri Hardini ngjarake kepriye dheweke ora tau mandheg sinau kanggo nyengkuyung Adel, anake kang tuli kang uga nduweni dulur- dulur kang normal. Tri wis ngupaya nukokake alat bantu dengar (ABD), ngajak ing sesi-sesi terapi wicara, sarta Tri dhewe uga melu sinau basa isyarat. Tri saiki ngrasakake, sawise Adel pinter basa isyarat, dheweke bisa saya cepet sinau kosakata anyar, engga komunikasine luwih gampang lan bocahe dadi saya percaya dhiri.

Narasumber pungkasan yaiku Watiek, sing senajan ora sakula- warga karo wong tuli, saiki duwe kanca tuli akeh amarga dheweke aktif sinau Bisindo. Kekarepane sinau Bisindo iku jalaran antuk inspirasi saka patemone kang kawitan klawan wong tuli sawenehing taun kepungkur. Nalika iku, Watiek nggatekake wong-wong tuli padha asyik jagongan, ngobrol nganggo isyarat. Watiek trenyuh, banjur melu njagongi nanging ora bisa, soale dheweke durung ngerti basa isyarat. Watiek nggraita, apa ya iku sing dirasakake wong tuli yen ana ing tengahe wong-wong kang normal. Bisa wae wong tuli iku mau rumangsa cuwa.

Minangka wong kang nduweni dhasar pasinaon psikologi, Watiek uga ngandhakake wigatine kasarasan mental kanggo bocah uga diwasa tuli. Amarga sapa wae bisa dadi frustrasi yen kangelan komunikasi klawan wong liya, apa meneh yen nganggep emosine ora tau dingerteni. Tundhone penting banget kanggo kulawarga lan keluargane wong tuli bisa dadi “jembatan” komunikasi awujud basa isyarat.

Sabubare sarasehan, adicara dibacutake kelas Bisindo dhasar, kang dieloki 38 pesertra normal (busa krungu). Ora mung sarasehan lan kelas Bisindo, pentas bocah-bocah disabilitas melu dipamerake. Contone pentas Band Rapres saka Rumah Anak Prestasi, bocah-bocah Tuli “nyanyi” nganggo Bisindo, dhongeng Timun Mas dening TATULI, lan liya-liyane.

Acara kaya ngene iki perlu terus digelar ing maneka panggon. Para kanca disabilitas uga perlu diajak ing proses muwujudake gelarane. Ancase, amrih dadi conto manungsa kang gelem sinau njembatani komunikasi klawan manungsa liyane bisa dideleng wong luwih akeh maneh. Saya kerep wong disabilitas srawung bareng non- disabilitas, saya kuwat jati dhirine.

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *