Panggodhane Iblis nalikane Menungsa jroning Kahanan Sakaratul Maut

Salah sijine makhluk Allah kang diwenehi kaluwihan kanggo nggodha menungsa yaiku iblis. Menungsa kang kegodha dening godhane iblis bakal nyasar saka dalan kang bener, sebab iku pancen janjine iblis. Ora mung ing nalikane menungsa isih urip wae, nalikane ngarepake sakaratul maut iblis uga isih nggodha menungsa amrih melu ajakane.


 

Ing ngisor iki kita aturake 7 panggodhane iblis marang menungsa nalika ngarepake sakaratul maut.

  1. Golongan iblis kang teka nalikane wong lagi sakaratul maut, yaiku kanthi ngatonake awake minangka ulama-ulama kang nggawa sakehing kitab sinambi ngomong;

“Hei muridku, pranyata kowe lara, mula iku aku teka nggawa dokter lan nggawa obat-obatan kanggo awakmu,”

Wong kang sakaratul maut mau tanpa mikir dawa langsung ngombe obat kang digawa Iblis. Sanalika larane ilang, nanging banjur kumat maneh.

Sawise iku, iblis ngomong maneh; “Saiki kita bakal teka marang awakmu saperlu menehi nasehat amrih kowe mati jroning kahanan becik, apa kowe ngerti piye hakekate Allah SWT iku?”

“Aku ora ngerti,” jawabe wong kang sakaratul maut iku. Pranyata iku mung apus-apuse iblis.

“Mangertenana, aku iki sawijining ulama kang hebat. Kita nembe wae bali saka alam ghaib lan wis oleh suwarga kang paling dhuwur. Coba delengen suwarga kang bakal disediyakake kanggo awakmu iki. Yen kowe pengin ngerti zat Allah SWT, mula turutana kita,” ujare iblis.

“Piye zat Allah iku,” takone wong kang sekarat ksb.

“Entenana sedhela maneh, tembok lan kurdhen bakal dibukakake marang kowe,” jawabe iblis. Nalika kurdhen kang warna warni iku dibukak salapis mbaka salapis, mula wong kang jroning kahanan sakaratul maut iku uga bisa ndeleng sawijining barang kang gedhe banget, kaya-kaya luwih gedhe saka langit lan bumi.

“Yaiku Zat Allah SWT kang patut kita sembah,” ujare iblis.

“Guruku, iki rak mung saderma barang kang temen-temen gedhe wae lan nduweni pinggiran cacah nem kaya barang liyane, ndhuwur ngisor, kiwa tengen, lan ngarep mburi. Mangka Zat Allah SWT ora madhani makhluk, Allah Maha Sampurna, Maha Suci saka sifat kekurangan. Nanging kaya iki saiki kahanane, beda karosing tak ngerteni ndhisik. Nanging saiki sing patut tak sembah yakuwi barang kang gedhe iki,” ujare wong kang lagi sakaratul maut iku. Jroning kahanan iku posisi wong kang sakaratul maut mau kebak rasa sumelang mula kanthi ujug-ujug malaikat maut teka njabel nyawane, lan wong iku mati jroning kahanan kafir.

  1. Golongan iblis kang teka marang wong kang lagi sakaratul maut ngemperi wong kang paling dibenci. Dene tujuane amrih wong mau pikirane nggladrah lan mati tanpa ngelingi Allah SWT.
  2. Golongan iblis kang teka marang wong kang lagi sakaratul maut iki ngemperi anggota keluargane kaya bapak lan ibune sinambi nggawa panganan lan inuman.

Perlu dingerteni, wong kang lagi jroning kahanan sakaratul maut, mbutuhake banget panganan lan inuman senajan mung sasendhok paribasane, amarga saka luwe lan ngelake nalika kuwi.

Mula kuwi wong kang lagi sakaratul maut, bakal njupuk panganan lan inuman saka iblis kang memba-memba rupane ibune lan bapake ksb.

  1. Iblis teka kanthi maneka rupa aneh kaya emas, perak lan sapanunggalane.
  2. Golongan Iblis teka kanthi panggodha kang ngemperi kewan alasan kayadene ula, asu ajag lan macan.
  3. Golongan iblis kang teka marang wong kang lagi sakaratul maut ngemperi kewan kesayangan.
  4. Golongan iblis kang nekani wong kang lagi sakaratul maut yakuwi teka kanthi 72 barisan kang ngajak menungsa sasar ing kawusananing uripe.

Mangkono mau 7 golongan iblis kang bakal nggodha menungsa ing nalikane sakaratul maut kanggo nyasarake menungsa.

Wallahu’alam bisawab.

***

Panulis: Ki Jenggot/ist
Panitipriksa: Keanu Ibrahim

Bagikan artikel ini
Keanu Ibrahim
Keanu Ibrahim
Articles: 9

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *