Tumrap sing mangsa-mangsa remajane antarane taun 80-90’an temtu ora asing karo sing jenenge kartu lebaran. Nyedhaki Idul Fitri, siji loro ana kiriman kartu lebaran saka sanak kadang, relasi, mitra karuh lan…pawongan kang duwe teges mirunggan.

Wujud fisike kartu lebaran umume unik lan antik, rinengga gambar warna-warni. Nanging akeh-akehe arupa pepethan kubah masjid pepak karo ucapan Selamat Hari Raya Tahun…Hijriyah.
Lagi ing sangisore ucapan ‘resmi’ kuwi katulis sapa pengirime sinartan salarik nganti rong larik pangayubagya lan donga pamuji. Ora liwat uga njaluk diapura sakabehe kaluputane. Ditulis nganggo tangan, pepak satandhatangane. Ana makna ketulusan jroning tulisan kuwi, senadyan antarane pengirim lan sing dikirimi ora bisa ketemu adu arep krana maneka bab.
Ora beda surat cinta, yen kartu lebaran iku asale saka pawongan istimewa, adhakane banjur disimpen primpen. Kala-kala dideleng maneh nadyan lebarane wis kliwat suwe. Diwaca karo mesam-mesem. Embuh sing kaping pira. Nanging sing cetha ana rasa kang nabet ati.
Ramene kirim-kiriman kartu lebaran njalari bisnis ing sektor iki katut moncer. Ing toko-toko buku taun-taun semono mau, kartu lebaran sing wujude romantis akeh cumawis. Kari milih endi sing disenengi. Regane uga ora larang.
Kejaba ing toko buku, kartor pos uga adol kartu lebaran. Biasane kartu lebaran iku dipajang ana etalase rak kaca terase kantor. Ing antarane taun 1994-1996, Kantor Pos Besar Surabaya ing Jalan Kebon Rojo mesthi rame kaya pasar wutah pendhak akhir Ramadan. Sejene padha kirim paket barang embuh apa kono menyang luwar dhaerah, uga ora sethithik sing kirim kartu lebaran. Saking ramene nganti pihak kantor pos menehi nomer urut panggilan. Maklum nalika kuwi kantor pos isih siji-sijine jasa pengiriman barang lan layang. Kepara ing sanjabane area kantor pos mbludak lapak-lapak kaki lima sing uga dodolan kartu pos.
Kantor redhaksi majalah Panjebar Semangat ora keri melu kulak puluhan kartu pos saka Kebon Rojo kanggo dikirimake menyang para relasine, klebu marang agen, kios pengecer lan instansi pamarentahan kang nduweni sesambungan raket. Kosok baline, Panjebar Semangat uga akeh nampa kiriman kartu lebaran saka sawatara kantor jawatan pamarentahan sarta tokoh sing perduli marang basa Jawa.
Mlebu taun 1997, sairing karo muncule teknologi telpun gegem, pengiriman kartu pos surut. Ketambahan maneh krisis moneter wiwit nyempyok Indonesia sing lerege njalari masyarakat ngirit tetukon. Kartu lebaran, senadyan ora sepiraa regane, klebu sing dipangkas saka kebutuhan inti. Kiriman ucapan diganti lumantar es-em-es. Luwih praktis. Kantor Pos Kebon Raja sing maune rame pating cruwet saya sepi.
Pranyata revolusi teknologi informasi ora bisa dipambengi. Kawiwitan anjrahe BlackBerry ing Indonesia antarane taun 2008 sing bisa ngirimake video ucapan langsung marang sing dituju lumantar aplikasi BlackBerry Massenger. Jroning wektu sing ora suwe wujude hape saya canggih. Muncul Android sing luwih nengsemake, saengga nggeser popularitase BlackBerry.
Sinengkuyung muncule aplikasi-aplikasi perpesanan kaya dene WhatsApp, Telegram lan Signal sing nyebabake uwong padha milih cara sing praktis kanggo ngirim ucapan lebaran. Saka piranti komunikasi mau bisa dikirimake ucapan lebaran sinartan fotone pengirime, malah bisa dikreasi sing unik lan menarik. Sanak sedulur lan kradhah sing adoh dununge ora perlu maneh kirim-kiriman layang, awit wis bisa kaimpun jroning grup komunitas.
Samengko kartu lebaran kari dongeng mangsa kawuri. Mungguhe sing isih nyimpen koleksi kartu lebaran saka pawongan sing ditresnani, mbokmenawa rupane wis mangkak. Tulisane wis mblobor. Nanging dhestun ing kono ketulusan ora bisa dibusak. Ucapan tinulis linambaran beninging ati. Nuli digawa menyang kantor pos kanthi dhadha kekembangan, banjur ditempeli prangko lan dilebokake bolongan amor kartu lebaran cacah atusan nganti ewon sing siyap diangkut menyang tujuwane sowang-sowang.
Piye kahanane kompleks Kantor Pos Besar Surabaya sing tau rame banget mau ing dina samengko? Mrihatinake. Gedhong gedhe njenggarang cakrik arsitektur Eropah sing rumuhun tau dadi sekolahane Bung Karno jaman SMP kuwi malih sepi nyentet. Layanan pengiriman barang lan surat dipindhah menyang gedhong sebelahe. Kuwi wae mung saruwangan sing ora luwih amba dibandhingake kelase sekolah dhasar. Yen biyen kudu ndadak njupuk nomer antrian, saiki konsumen bisa terus dilayani.
Ora keprungu maneh ‘hiruk pikuk’ wong kirim barang lan layang carup wor karo gumrenggenge wong tuku prangko, kartu pos lan kartu lebaran. Conto nyata dhahsyate teknologi informasi kuwawa nggiles raseksa bisnis jasa pengiriman duweke Badan Usaha Milik Negara mau. Kuwi Kantor Pos Besar ing kutha gedhe lho. Mendah kaya ngapa kahanane kantor pos ing kutha-kutha kabupaten, malah ing tingkat kecamatan?
Kejaba merga kaperbawan dening teknologi informasi, sepine kantor pos uga disebabake karo muncule saingan jasa-jasa pengiriman swasta sing luwih cepet. Nanging ing bab jaringan nganti desa ngadesa, PT Pos kabare isih luwih becik dibandhingake jasa pengiriman swasta awit sumber daya manungsa (SDM)-e isih ana nganti tingkat kecamatan.
Sok ngonowa ora ateges wujude kartu lebaran ilang babar pisan. Kartu lebaran isih ditemokake jroning bingkisan parcel sing dikirimake marang relasi bisnis utawa tepungan mirunggan. Ing parcel kuwi biyasane kinanthen kartu lebaran. Suprandene tradhisi kirim parcel mung tumrap wong-wong strata ekonomi menengah ke atas, kang mbokmenawa kartu lebaran wis ora duwe teges mirunggan maneh.
Sejarah Kartu Lebaran
Ora ana cathethan gumathok kapan sejatine tradhisi kirim ucapan lebaran lumantar kartu kawiwitan ing Indonesia. Yen ditlusur luwih adoh memburi, sejarah ucapan mangayubagya marang wong kang begja dhewe diwiwiti 4.000 taun kepungkur dening bangsa Mesir. Wong-wong Mesir seneng ngirimake watu kang larang regane sing dibentuk kaya kumbang, minangka tandha ucapan selamat. Wondene bangsa Romawi nelakake ucapan selamat kanthi cara padha dene ijolan woh-wohan garing, lempung bakar lan madu kang mujudake simbul kesehatan sarta kekarepan kang becik.
Prodhuksi kartu ucapan lagi diplopori dening John Calcot Horsley, sawenehe seniman asal London, Inggris. Taun 1843 dheweke gawe kartu ucapan selamat Natal sing sepisanan mawa tulisan “A Merry Christmas and A Happy New Year to You.” Ukara kuwi kawentar banget lan digunakake nganti seprene. Wiwit 1880 kartu Natal didadekake bisnis gedhe lan menehi kalodhangan marang para seninam kanggo berkarya. Pakulinan kirim kartu ucapan ora uwal karo ngrembakane kartu pos sing idhe awale saka warga Jerman, Heinrich von Stephan taun 1865, nadyan sabanjure Emmanuel Hermann sing diakoni minangka penemune.
Taun 1871 Walanda ngadhopsi bentuk kartu pos tanpa gambar. Hindia Belanda, sing dadi jajahane Walanda, melu ngrembakakake kartu pos tanpa gambar kasebut. Lagi taun 1893 ing Batavia muncul kartu pos sepisanan sing mawa gambar. Kartu pos taun-taun semono mau umume nganggo gambar kaendahan alam bumi Nuswantara. Taun 1898 upamane, firma H. Bunning ngetokake seri kartu pos Yogyakarta, Prambanan lan Borobudhur.

Kartu lebaran dhewe angel ditlusuri kapan sepisanan wiwit digunakake kanggo ucapan. Sapengan umat Islam nganggep kirim kartu ucapan dudu tradhisine agama kasebut, luwih-luwih yen sing ngirimi non-muslim.
Nanging nadyan mung populer ing komunitas winates, kartu lebaran kober dikenal wiwit jaman Hindia Belanda. Taun 1918 sawijining kartu lebaran digawe dening Singer Sewing Machine Co. Isine, kejaba ngucapake selamat lebaran, uga ngelingake marang wong-wong sing nyilih mesin jait supaya nabung dhuwit kanggo mbayar sewane mesin jait kasebut kanggo sasi Juli lan Agustus 1918. Sejarawan Betawi, JJ Rizal jrone buku Menemukan Makna Tradisi Lebaran mratelakake, kartu lebaran ing Hindia Belanda muncul sepisanan taun 1927. Gambare arupa wong nyatang prau karo ngacungake gendera Walanda. Ing jaman Jepang, kartu lebaran digunakake kanggo kepentingan politis ngrangkul umat Islam supaya nyengkuyung gegayuhane Negara Matahari Terbit iku ing Asia Timur Raya.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo



