Nunung Srimulat, Geneya Rila Dadi Lilin?

Pelawak Nunung Srimulat dadi sorotane medhia lan warga-net merga ngaku nanggung uripe sanak sedulure cacah 50. Ing kahanan rekasa golek dhuwit kanggo berobat saka lelara kanker, Nunung kandha isih ngragadi wong 20.

Nunung Srimulat

Minggu-minggu iki jagad pemberitaan medhia online lan televisi swasta diramekake dening kabar ngenani pelawak Srimulat Tri Retno Prayudati alias Nunung (61 taun) sing ‘curhat’ bab kahanane. Wose Nunung angluh jalaran nalika lagi berjuang ngobati lelara kanker payudhara sing disandhang, dheweke isih kudu ngragadi panguripane sedulur dalah anak-anake ing Solo. Yen ditotal, gunggunge kulawarga sing ditanggung udakara wong 20.

Miturut Nunung, gunggung samono iku wis suda separo. Sebab puluhan anak lan ponakan sing maune nebeng urip marang dheweke, sebageyan wis lulus kuliyah banjur cekel gawe. “Biyen ana wong 50 sing daktanggung uripe,” kandhane Nunung jroning wawancara podcast Close the Door duweke artis pesulap Deddy Corbuzier durung suwe iki.

Deddy Corbuzier kaget lan mlongo krungu pangakuwane pelawak wanita sing dadi idholane kuwi. Dheweke ora ngira sanggan kang dipikul Nunung banget abote. Deddy saya lenger-lenger bareng Nunung pratela menawa senadyan sakabehe wis dicukupi Nunung, nanging wong-wong iku ora ana sing ngucapake panuwun. Kepara kirim WA sekadhar ngretakne kahanane Nunung ing Jakarta wae ora.

“Nganti saking gregetene, kabeh nomere kulawargaku dak-block. Aku ora njaluk dialembana, nanging mbok e.. ditakoni piye kabare? Wis mangan apa durung? Iki babar blas ora. Malah aku sing trethekan ngabsen siji-siji kulawargaku mau mesthekake wis mangan apa durung, piye sekolahe, piye kesehatane lan liya-liyane,” tuture Nunung.

Nunung cuwa ponakan-ponakane sing biyen dibayari sekolahe, wiwit SD nganti tamat kuliyah, kaya-kaya malah nglalekake dheweke senadyan wis lulus lan sukses oleh kerja. Wong tuwane si bocah, sing uga sedulur kandhunge Nunung, uga ora cilike ngaturake panuwun liwat WA, gedhene silaturahmi. Mangka nalika anake kasebut arep rabi, sedulur kandhunge kuwi isih nembung utang dhuwit marang Nunung.

Miturut Nunung kahanan sing kaya ngono kuwi satemene wis padha diweruhi dening para anggota Srimulat. Merga kena diarani wiwit lair ceprot nganti tuwa, Nunung mapan ana lingkungane Srimulat. Sejatine, kandhane Nunung, Tarzan lan Kadir tau ngelikake dheweke amrih ora nemen-nemen anggone nguja kulawargane. Sebab yen terus-terusan diwenehi dhuwit, suwe-suwe wong-wong mau nglinthuh, emoh usaha nyambut gawe dhewe amrih mandhiri.

“Mas Tarzan lan Mas Kadir jan-jane wis nuturi supaya aku menehi pancing, dudu iwak. Wis daktindakake, nanging ora mlaku. Tetep nyadhong,” ujare Nunung.

Nunung kandha nalika isih jaya-jayane biyen, ngragadi wong 50 kuwat-kuwat wae. Merga job isih akeh, kepara nganti kuwalahan ngatur jadwal. Pentas off air lan on air ora ana pedhote. Kejaba nglawak, dheweke uga main sinetron. Dhuwit honor mbledug kaya larahan. Miturut Nunung, wektu semana dhuwit kaya-kaya nggoleki dheweke, dudu dheweke sing golek dhuwit.

Sejene kuwat nanggung uripe puluhan sedulure, Nunung  uga nguja uripe dhewe dadi mubra-mubru. Sir ganti mobil kari nuding endi sing disenengi. Tuku omah ing Jakarta lan Solo ora mung siji. Asete kang arupa lemah sarta barang akeh. Nalika kuwi Nunung mikir saka sedulur kandhung cacah nenem, mung dheweke sing dianugrahi bakat seni lan bisa diarani nyambut gawe mapan. Dene sedulure lima, ora kena dijagakake.

Mula pengasilane Nunung banjur digunakake kanggo nanggung uripe para sedulure mau. Lan nalika sedulur-sedulure iku padha gumrayah nganti anak putu, Nunung tetep nanggung sakabehe. Klebu anak-anake Nunung dhewe, uga dibiayai kabeh kaperluwan uripe.

Nanging uripe Nunung malik grembyang sawise kejiret kasus narkoba jinis sabu-sabu taun 2019. Pulisi nangkep dheweke lan bojone, July Jan Sambiran, ing omahe, kawasan Tebet, Jakarta. Sasuwene kasuse diproses wiwit ing kapulisen, kejaksaan lan pengadilan (banjur divonis 1,5 taun penjara), praktis Nunung ora oleh tawaran job. Luwih-luwih sawise dheweke bebas saka ukuman ana pandemi Covid-19 sing otomatis job saya sepi. “Ing kahanan mengkono aku lan bojoku urip ngandelake dhuwit tabungan,” ujare.

Bledheg kaya jumedher ing ndhuwur sirah nalika Nunung divonis dhokter nandhang lelara kanker payudhara, Januari 2023. Miturut Nunung dheweke langsung shock. Semangat uripe ilang. Pirang-pirang dina dheweke mung nangis. Nalika divonis kanker kuwi, miturut Nunung, dheweke isih manggon ana apartemen karo salah siji anak lan putune. Weruh psikise Nunung down, anak lan putune mau banjur mulih menyang Solo. Sebab Nunung butuh ketenangan. “Yen putuku manggon saomah, aku ora bisa tenang merga swarane rame,” kandhane Nunung.

 Nunung sadhar terapi kanker butuh ragad ora sethithik. Mula dheweke lan Jan Sambiran mutusake pindhah nyewa kamar kos. Merga yen terus-terusan manggon apartemen, mangka job lagi seret, suwe-suwe tabungane kakuras gusis. Ing swasana kasedhihan mau Nunung isih rumangsa begja awit kanca-kanca sasamaning selebritis padha perduli marang nasibe, antara liya Raffi Ahmad, Sule, Ayu Tingting, Baim Wong, Ruben Onsu, Ivan Gunawan lan sapanunggalane. Artis-artis mau urunan kanggo ragad kemoterapi lan operasine Nunung. Raffi lan Sule malah tau nawani amrih Nunung manggon ana omahe, nanging ditulak.

Nunung nuturake dheweke tetep bertahan ana Jakarta awit ing saselane terapi kanker mau dheweke karo mbudidaya nyambut gawe. Manut dheweke, nadyan job-joban ora banjir kaya biyen, nanging siji loro isih ana sing nyanthol. Ing antarane diundang dadi bintang tamu talks show ing televisi, ngisi program siaran televisi, lan dijaluk dadi tamu podcast sing dikelola kanca artis. Sadurunge dadi tamu podcast-e Deddy Corbuzier, Nunung uga diundang menyang podcast duweke Rhoma Irama, Wendi Cagur lan Ruben Onsu. Nunung nuturake pilih nyewa kamar kos awit yen ngontrak omah kekamban lan sepi. “Yen kamar kos kejaba entheng biayane uga ana kancane,” ujare Nunung.

Nunung ngandharake satemene sanak sedulur lan krabate mrayogakake amrih dheweke mulih Solo. Apamaneh ing kana wis duwe usaha dhepot. Kejaba beya oparasine luwih murah, watara Rp 20 yuta (ing Jakarta Rp 36 yuta), uga bisa cedhak karo anak lan putu. Ewasemono Nunung nenimbang proses pengobatan kanker sing ditangani dhokter wiwitan, kudu dibacutake amrih ana kesinambungan. Yen mulih Solo, dhoktere genah anyar lan ora nangani kawit awal. “Saliyane kuwi aku uga duwe tetimbangan ing Jakarta aku isih dibutuhake televisi,” ujare Nunung.

Nunung sabar nadyan honor dadi bintang tamu saiki beda karo biyen. Jaman ndhisik, kandhane Nunung, kejaba gunggunge honor luwih gedhe, uga langsung dibayar kontan ing ngenggon. Rampung acara terus teken kwitansi. Samengko ora mengkono maneh. Honor ora langsung dibayar, nanging nunggu pencairan dhisik. Terkadhang pencairane nganti telung sasi. Nunung ngaku ora isan-isin ngomong menyang prodhuser acara amrih dheweke dicangking ing program siyaran. Kabeh mau dilakoni betheke amrih oleh dhuwit kanggo berobat.

“Sakelas Mami Nunung nganti ngemis-ngemis kaya ngono?” takone Deddy Corbuzier karo gedheg-gedheg. Miturut Deddy, masyarakat Indonesia satemene duwe utang sing gedhe marang Nunung awit puluhan taun lawase nikmati lawakane wanita kasebut.

Nunung ngaku, senadyan lagi ngadhepi masa-masa sulit, dheweke tetep nggatekake kulawargane ing Solo. Yen ana dhuwit turah, isih dikirimake marang anak utawa putune kanggo sekadhar mbayar listrik lan banyu. Sikepe Nunung mau bebasan urube lilin, sing madhangi sakiwa tengene nanging ora perduli awake ndledek saya entek.

“Iki amit-amit ya, upama Mami Nunung wis ora ana, banjur kepriye nasibe kulawarga ing Solo sing nganti dinane iki terus njagakake merga kulina  ditanggung uripe?” pitakone Deddy.

Nunung ora mangsuli. Mung mripate sing kembeng-kembeng.

Wiwit Bocah

Herry Gendut Janarto, penulis buku Teguh Srimulat, Berpacu dalam Melodi & Komedi, ngandharake bakate Nunung nglawak kapirsan Teguh Slamet Rahardjo nalika  bukak Srimulat cabang Solo ing Taman Balekambang taun 1978. Mungguhe Teguh, Nunung dudu wong liya awit kenya sing nalika kuwi mancik umur remaja kuwi isih sedulure Djudjuk Djuwariyah, garwane Teguh. “Nunung iku yen ngundang Djudjuk bulik,” kandhane Herry marang Panjebar Semangat, Jumuah, 14 Maret 2025.

Nunung nalika isih mudha bebarengan karo Gepeng (nomer loro saka kiwa).

Srimulat Solo nglairake bintang-bintang pelawak anyar polesane Teguh. Sing paling manjila yaiku Gepeng, Timbul lan Basuki. Nunung dhewe maune ora langsung nglawak. Teguh ndhedher keponakane kuwi minangka penyanyi sing tampil sadurunge pentas Srimulat kawiwitan. Sawise Nunung mateng minangka penyanyi, Teguh lagi menehi kapercayan kanggo nglawak.

“Pranyata Nunung bisa. Ing pentas dhapukane dadi wanita mudha sing anggun. Dadi babu uga bisa,” kandhane Herry.

Nunung klebu sing digawa Teguh menyang Jakarta nalika Aneka Ria Srimulat njembarake tebane ana Taman Ria Remaja, Senayan, taun 1982. Bebarengan karo Gepeng, Timbul, Basuki, Djudjuk (Solo), lan Tarzan, Sofia, Asmuni, Kadir (Srimulat Surabaya), Nunung dadi selebritis anyar  ibu kota.

Nunung kober metu saka Aneka Ria Srimulat karo Gepeng taun 1986 banjur ngedegake grup lawak dhewe kanthi aran Suka Ria Gepeng Cs. Personile grup kuwi dumadi saka Gepeng, Nunung, Kardjo AC DC, Ranto Edy Gudel lan Narimo. Nunung bali maneh menyang Srimulat sawise Suka Ria Gepeng Cs bubar taun 1988.

Sabaline Nunung menyang omah lawas mau, karire saya ndedel. Dheweke antara liya, diajak Rano Karno main sinetron Si Doel Anak Sekolah taun 1993. Ing saselane kuwi Nunung uga aktif main ana program acara Srimulat Indosiar, Ketoprak Canda Indosiar, lan sabacute Opera van Java Trans 7. Ing sanjabane program-program acara gedhe mau, dheweke uga akeh entuk job nglawak.

Nunung dirayu Mandra ing sinetron Si Doel Anak Sekolahan. (dok RCTI)

Kulawarga Gedhe

Mencorong ing panggung seni, nanging surem ing bale wisma. Mengkono gambarena Nunung.  Sak ora-orane Nunung kaping telu gagal mangun bebrayan. Dikutip saka wikipedia.org, Nunung omah-omah sepisanan karo priya aran Daniel Setyadi nalika umure isih 17 taun. Daniel isih tanggane Nunung ing Solo lan klebu wong sing terpandang. Lelorone rabi tanpa pacaran awit pancen dijodhokake dening wong tuwane Nunung.

Merga kahanan bapak ibune sing sarwa kecingkrangan, Nunung kumrembyah ngewang-ewangi golek dhuwit kanthi dodolan kain bathik lan ngladeni dadi penyanyi panggilan. Dheweke ora suwala nalika wong tuwane njodhokake karo Daniel sing sugih dhuwit. Saka anggone bebrayan karo Daniel, Nunung patutan anak telu.

Nanging suwe-suwe timbul masalah rumah tangga sing saya suwe saya angel dirukunake. Nunung kober pisah ranjang suwe, sadurunge mutusake pegatan resmi taun 1995. Daniel setuju pegatan merga dheweke lara ati meruhi Nunung  wiwit cedhak karo priya aran Rochani Widodo. Rochani uga tanggane Nunung ing Solo.

Ora suwe sawise pisah karo Daniel, Nunung enggal ngresmekake hubungake klawan Rochani taun 1996. Rabine kanthi climen. Suprandene lagi nem sasi urip saomah, rumah tanggane wis gonjang-ganjing. Nunung mbudidaya ngatasi masalah kuwi lan kober sirep 3 taun suwene. Nanging sawise anake lair, cecongkrahan ora bisa diselaki maneh. Wusana lelorone pisahan.

Telung taun candhake, 23 Januari 2004, Nunung ningkah siri oleh Wiki Husein sing umure luwih enom 21 taun. Sok ngonowa bale wismane mung umur nem sasi. Ora kasumurupan apa penyebabe dene Nunung akhire ninggalake Wiki Husein. Gosip sing beredhar nalika semana Nunung ora kuwat merga Wiki slingkuh. Suwe dadi single parent, wusana Nunung rabi kanggo sing kaping papat entuk manejere dhewe, July Jan Sembiran 30 Agustus 2012. Bebrayane wong loro mau awet nganti seprene. Jan sing setya ngampingi Nunung, nggedhekake atine, lan ngeterake berobat kanker. Ing podcast-e Deddy Corbuzier, Jan Sembiran mratelakake bakal terus ngampingi Nunung ing kahanan apa wae.

***

Panulis: Kukuh S. Wibowo
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 23

4 Comments

  1. Thank you for this content. Wow, the information is very interesting. Continued success in your career! Salute to your dedication. May it always inspire! Awesome, may your next works be even more successful. The news is informative, thank you for sharing! Proud to see your achievements, may it continue to grow. Don’t forget to visit my official website jenitaameliajen.wixsite.com/berita-artis

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *