Negara-negara cilik ing tlatah Pasifik murina krungu Presiden AS, Donald Trump ngumumake owah-owahane beya dedagangan minggu kepungkur. Trump ngetrapake tarif timbal balik ing negara 180 kalebu saperangan negara ing Pasifik.

Rincine, Fiji kena 32 persen, Vanuatu 22 persen. Dene Papua Nugini kena 10 persen. Banjur kepriye anggone padha ngimbali?
Wakil Perdana Menteri Fiji, Biman Prasad bekah-bekuh. “Pajeg-pajege Trump ora satimbang lan ora adil,” ujare.
Sabanjure, imbuhe priya 63 taun iku, Fiji isih nlesih bab princene lan cara kang trep kanggo ngecakake beya kang ditetepake Trump. “Bakale rembugan karo pihak-pihak sing gegayutan padha butuhe, lan mitra-mitrane AS,” kandhane.

Fiji entuk surplus anggone dedagangan karo AS, udakara US$ 252 yuta saka ekspor banyu, iwak, lan kava.
Juru wicarane kantor perdana menteri Vanuatu kandha yen beya kang ditetepake Trump bakale mengaruhi ekspor lan ngrusak petani kava. Sadurunge, ing taun 2024, ukuran dagange Vanuatu karo AS ngalami surplus US$ 6,6 yuta.
Dene Perdana Menteri Papua Nugini, James Marape mojar manawa dheweke ora duwe niyatan kanggo mbales tarif-e Trump. Marape malah nandhesake yen dheweke bakal mikuwati sesambungan dagang Papua Nugini karo AS. “Papua Nugini bakale terus mikuwati memitran dagang ing Asia lan Pasifik, ing ngendi barang kita ditampa,” ujare Marape, kaya dikutip AFP, Jemuwah (4/4).
Dheweke uga kandha, yen pasar AS suda amarga beya kasebut, Papua Nugini bakale ngalihake barang menyang pasar liyane. “Kanggo pasar sing bisa ngajeni lan tanpa pepalang,” ujare Marape.
Beda maneh tanggepane Perdana Menteri Israel, Benjamin Netanyahu. Dheweke aweh janji bakale ngilangake surplus dedagangan Israel – AS. Bab iku dikandhakake nalika Netanyahu sapatemon langsung karo Donald Trump ing Gedung Putih, Senen (7/4).
“Niyate bakal enggal ditindakake,” ujare Netanyahu ing Oval. Miturut dheweke sakanca, iku mujudake rancangan kang pener. “Kita uga bakale ngilangi pepalanging dagang,” imbuhe.

Netanyahu dadi pemimpin negara sing sepisanan anjangsana menyang Gedung Putih saperlu nemoni Trump, sakploke pambiwara bab owah-owahane beya dedagangan iku. Taun wingi, AS ngalami defisit US$ 7,4 miliar saka olehe dedagangan klawan Israel. Kamangka, mungguhe Israel, negeri Paman Sam iku sekutu paling raket lan uga mitra dagang tunggal.

Undhak-undhakane beya kang ditetepake Trump wis gawe cingak sakehing negara. Jalaran kawistara gawe horege ekonomi sadonya lan disumelangake nuwuhake resesi. Bab iku nuwuhake tanggepan werna-werna, kaya ta Tiongkok kang netepake aturan minangka piwales.
Donald Trump ora ngenteni suwe, nusuli ukara yen bakale ngimbuhi gunggunge beya nganti 50%. Pangincime iku, ujare, yen Beijing ora narik bali tarif piwalese marang AS.
“Kejaba saka iku, sakabehe pirembugan klawan China gegayutan rancangan sapatemon bakale dilereni!” kandhane Trump. Minangka gentine, AS bakal miwiti rembugan karo negara-negara liyane sing uga njaluk sapatemon.
Sadurunge, Menteri Keuangan AS, Scott Bessent kandha, punjul saka negara 50 kang wis miwiti nyang-nyangan gegayutan karo beya impor kasebut. Dheweke ora njlentrehake kanthi rinci negara endi wae kang wis ngontak. Ananging, Besset ndhaku yen pirambugan kasebut mbuktekake yen Trump nduweni pengaruh gedhe ing dedagangan sadonya.
Kejaba saka iku, Trump uga ngakoni yen wis imbal wacana klawan negara saka Eropa lan Asia. Akeh-akehe padha ngajap amrih beya kanggo negarane bisa suda nganti separone.
Ananging, imbuhe Trump, wis dicepakake syarate. Negara-negara kasebut kudu cucul ragad gedhe luwih dhisik yen kepengin beya dagange disuda utawa dijabel. Paribasane, beya kasebut kayadene obat kang kudu diuntal amrih badan saras saka penyakit.
“Para pemimpin negara iku teka kanggo rembugan. Padha kepengin ngenyang. Ananging ora bakal ana omongan kejaba gelem mbayar kanthi gunggung gedhe saben taun,” ujare.
Trump mbacutake, ora nduweni niyat gawe rusuh. “Ananging sok-sok sliramu kudu ngombe obat kanggo bebenah,” kandhane. Kasunyatane, beya anyar kang dibiwarakane Trump wis gawe mlorode saham AS. Minggu kepungkur, mudhune nganti meh US$ 6 trilyun. Kahanan iku uga ndadekake pasar saham negara liyane katut kena pulute. Klebu pasar-pasar ing Asia lan Eropa.
Negara-negara anggota Uni Eropa arep nyawiji kanggo ngadhepi beya kang ditetepake Trump. Kaya dipacak Reuters, Minggu (6/4), Uni Eropa katitik bakale nyarujuki rerangken piwales sepisanan marang tarif AS kang diajap nggayuh US$ 28 milyar kanggo impor-e AS.
Bab iku ngetutake kang ditindakake Tiongkok lan Kanada anggone netepake beya piwales marang AS. Ya adu beya iku kang disumelangake dening sakehing pihak. Perang dagang global. Barang-barang bakale ndedel regane kanggone ngakeh, lan nggiring tekan dumadine krisis ekonomi.
Blok kang anggotane negara 27 iku ngadhepi beya impor 25% tumrap baja lan aluminium, uga mobil. Dene “tarif timbal balik” kena 20% kanggo meh kabeh barang liyane.
Tarif Trump lumaku marang udakara 70% saka ekspor UE menyang AS. Ajine yen digunggung nganti 532 milyar euro taun wingi. Sabanjure uga isih ditrapake kanggo tembaga, obat-obatan, semikonduktor, uga kayu.
Komisi Eropa kang ngemonah aturan dagang UE, bakale aweh panemu marang anggota, bab barang-barang AS kang bakale diundhakake beyane. Pajeg iku bakale ditrapake kanggo daging, sereal, anggur, kayu, busana, permen karet, benang untu, piranti sedhot lebu, lan tisu toilet.
Uga wis wiwit ana perang pajeg kanggone inuman alkohol. UE netepake 50% kanggone bourbon AS, dene Trump males ngetrapake 200% marang alkohol saka UE. (lie)
***
Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat






