Presiden Korea Selatan (Korsel), Lee Jae Myung, nemoni Pemimpin Tiongkok, Xi Jinping, minangka upayane mulihake sesambungane karo negara mitra dagange paling gedhe kasebut. Keamanan ngenggon lan panampike Beijing (sanadyan ora kanthi resmi) marang budaya anyar Korea uga dadi bahane pirembugan.
Sapaemon mbesuk bakale dadi kang kaping pindho. Sadurunge iki, lelorone wis kepethuk dhek Novermber. Yaiku ngepasi Xi sing mara menyang Korsel.
Ngelingi ndaheba wigatine Tiongkok minangka mitra dagang, para ahli kandha yen Lee ngupaya entuk jaminan amrih sesambungan iku ora banjur didadekake gaman. Utamane nalika ngadhepi kahanan politik ing wewengkon kasebut.
Wis pirang-pirang minggu pungkasan, Tiongkok lan Jepang nduwe pasulayan diplomatik gegayutan karo pangakone Jepang marang Taiwan minangka negara kanthi pamarentahan dhewe. Iki anjalari Seoul, kunci kakuwatane wewengkon iku, mapan ing kahanan nyumelangi.
Beijing ngangkat maneh ajak-ajak memungsuh Jepang sakploke PM Sanae Takaichi aweh pamrayoga marang parlemene. Pamrayoga iku surasane nandhesake yen Tokyo kudu ngundhakake kakuwatan pertahanan nyipati serangane Tiongkok marang Taiwan.
Mula, anjangsana menyang Beijing ing wektu iki dadi jangkah kang pratitis mungguhe Lee. Padha karo Jepang, Korsel uga sekutune AS kang nyengkuyung Taiwan lan masoki gegaman kanggo pertahanane Formosa.
Lee, sing tekan Beijing Minggu, rancangane bakal teka ing pasamuan kang digelar Xi dina Senen. Dheweke banjur nemoni Perdana Menteri Tiongkok, Li Qiang lan Ketua Parlemen, Zhao Leji. Sawise iku mabur menyang Shanghai.
Sesorah ing sangarepe warga Korea sing manggon ing Beijing, Lee kandha yen olehe teka bakale dadi jangkah sepisanan kanggo nyethakake maneka bab ing memitrane Korea-Tiongkok. “Mulihake kaya wingi uni lan ngundhakake ing tataran sandhuwure,” ujaer Lee.
Yen ditlesih, iki dadi anjangsana sepisanan mungguhe pemimpin Korsel, sakploke 2019. Sesambungane lelorone negara renggang nalika Korsel dicekel pemimpin sadurunge (sing banjur dimakzulake), Yoon Suk Yeol. Dheweke kritis banget marang Tiongkok.
Ing babagan liyane, krentege Xi nemoni Lee mujudake tandha anane pandheseg kang dialami, lan njalari dheweke kudu nduwe sekutu ing wewengkon regional. “Tiongkok mbokmenawa mbulet, ananging pepenginane cetha, memitran karo Tiongkok lan memungsuh Jepang,” ujare Park Seung-chan, profesor ing Yongin University sing ahli bab Negeri Tirai Bambu iku. Beijing, imbuhe Park, sasuwene iki migunakake sejarah lelorone negara nalika nyerang Jepang dhek taun 2000-an.
Lee dhewe bakale nggelar acara ing Shanghai minangka pepeling tumrape para aktivis sing gugur nalika Korea ngupaya mardika saka Jepang. Isih kandhane Park, sanadyan Korsel isih nuduhake rasa kurmate marang Tiongkok, ananging Negeri Ginseng ora tedheng aling-aling uga kepengin mikuwati sesambungane karo Jepang.
Panulis : Elisabet Novililiana
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







