
Husnul khatimah mujudake istilah jroning agama Islam sing tegese pungkasane urip sing apik. Iki beda karo Khusnul khatimah sing tegese pungkasane urip sing ina. Mula mesthine kita kudu ngati-ati nalika ngandhakake tembung iki marang sapa wae, luwih-luwih yen tembung mau dikandhakake lumantar tulisan. Jroning ngucapakake uga, kita kudune ngati-ati supaya ora salah.
Tegese khusnul khotimah asring dianggep minangka mati jroning kahanan kang becik. Mangka, iku ora bener. Tegese khusnul khotimah yaiku pungkasan kang Ina. Tegese khusnul khotimah iku beda banget karo husnul khotimah sing kudune diucapake nalika ndedonga.
Husnul diambil saka tembung hasan sing tegese apik utawa becik. Khotimah dhewe nduweni teges pungkasan. Dadi, husnul khotimah tegese pungkasan sing apik.
Husnul khatimah mujudake cita-cita luhur jroning Islam lan dadi pangarep-arepe saben wong Muslim. Maknane yaiku tumekaning pati jroning kahanan kang apik alias diridani dening Gusti Allah SWT.
Bab iki kaya kang katulis jroning Al Quran surat Al-Hasyr ayat 18 kang terjemahan bebase kurang luwih muni mangkene; “He wong-wong kang padha iman, sing padha taqwa marang Allah, lan becike saben wong padha nggatekake apa kang wus ditindakake kanggo mbesuk (akhirat); lan sing padha taqwa marang Allah, satemene Allah iku Maha Pirsa marang apa kang padha sira tindakake”.
Nanging senajan mangkono, isih akeh wong sing salah paham babagan husnul khatimah iki.
Syaikh Ibnu Utsaimin rahimahullah ngendika:
Tegese husnul khatimah (pungkasane urip kang becik) iku dudu nalikane kowe mati lagi ing masjid, utawa mati ing sandhuwure sajadah, utawa mati nalika mushaf ana ing ngarepmu.
Amarga sejatine wong sing paling apik, yaiku Rasulullah Shallallahu alaihi wa sallam, seda ing pagulingan.
Semono uga sakabate, Abu Bakar Ash Shiddiq, sing mujudake sabecik-becike sakabat, uga seda ing peturone.
Khalid bin Walid uga tilar donya ing ambene, mangka dheweke kuwi wong sing duwe gelar ‘pedhang Allah sing tumancep’ lan wis kaping 100 melu perang nanging ora tau nandhang kapitunan.”
Syaikh Ibnu Utsaimin rahimullah nandhesake, “maksude husnul khatimah (pungkasaning urip kang becik) dudu kowe mati nalika ing masjid, ing sandhuwure sajadah, utawi kowe mati ing nalikane ndhekep mushaf, nanging husnul khatimah iku yakuwi:
- Kowe mati jroning kahanan resik saka syirik
- Kowe mati jroning kahanan resik saka kemunafikan
- Kowe mati jroning kahanan ngedohi Ahli Bid’ah lan bebas saka bid’ah
- Kowe mati jroning kahanan ing sandhuwure Al-Qur’an lan As-Sunnah sarta ngimami isine tanpa takwil
- Kowe mati jroning kahanan kosong saka getihe kaum muslimin, donya branane lan kehormatane, lan kowe mati nalikane lagi nindakake hak Allah lan hak kawula-kawulane marang kowe.
- Kowe mati jroning kahanan ati sing resik, niyat sing suci lan akhlak sing mulya tanpa rasa drengki srei sarta dendam marang wong muslim.
- Kowe mati jroning kahanan nindakake salat limang wektu kanthi jamaah, sarta kowe mati jroning kahanan wis nindakake kewajiban Allah marang awakmu.
Mangkono mau sethithik penjelasan babagan maknane husnul khatimah.
“Dhuh Gusti Allah, mugi-mugi Panjenengan paringi kawontenan ingkang sae dumateng sedaya perkawis kita lan Panjenengan paringi pangayoman saking inane donya lan siksa ing akherat. Ya Allah, mugi-mugi Panjenengan paringi kawontenan ingkang sae dumateng gesang kita lan wangsulaken dhumateng ngarsa Paduka pinaringan kawontenan tanpa ina”. (Nur Alad Darb Fatwa) Wallahua’lam bisawab.
***
Panulis: Ki Jenggot
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi






