PM Mark Carney Nandhesake Kanada Ora Didol!

Perdana Menteri Kanada Mark Carney sapatemon karo Presiden Amerika Serikat (AS) Donald Trump, Selasa (6/5). Ing Gedung Putih iku, Carney nandhesake marang Trump, “Kanada ora didol!”

PM Kanada Mark Carney. Foto saka Reuters-Blair Gable

Tumindake Carney cetha kosok balen karo Trump, sing wis bola-bali ujar manawa dheweke kepengin ngrengkuh Kanada. Ora liya angkahe didadekake negara bagian ka-51 ing AS.

Kedaulatan Kanada amung minangka salah sijine perkara kang dirembug sajrone anjangsanane Carney menyang Washington. Lelorone pimpinan kasebut uga ngrembug babagan pertahanan, dedagangan, beya, lan urusan-urusan liyane. Bab iku ditindakake sinambi ngendhani tandha-tandha memungsuhan.

Nalika patemon pisanan ing Kantor Oval, Trump kandha marang Carney, sing mentas kapilih, bakale dadi “jejodhoan kang becik” yen Kanada sarujuk marang usule Trump. Kaya kang wis bola-bali dikandhakake, yaiku dadi negara bagiane AS ka-51.

Carney sing saiki umur 60 iku menang pemilihan federal Kanada ing pungkasan April 2025. Salah sijining sesorahe nalika kampanye yaiku, dheweke mujudake pimpinan paling apik kanggo ngadhepi Trump sing gampang molah-malih.

Donal Trump kepengin AS (ngisor) nyaplok Kanada didadekake negara bagian ka-51.

Lelorone micara kanthi ukara salumrah kayadene mitra raket, klebu nalika Carney kandha marang Trump yen ana papan-papan kang tekan suk kapan, ora bakale didol. Ananging, yen ngulatake solahe, tetep beda, katon kaku.

Marang wartawan, kaya kapacak Anadolu, Trump isih ngugemi panemune. “Aja pisan-pisan kandha ora,” ujare. Dheweke uga kanthi kukuh nampik panjaluke Carney njabel beya impor barang-barang Kanada. Kosok balene, Carney nandhesake yen Kanada ora nduwe apa-apa kang dipengini AS.

Ngimbali politisi 78 taun sing panggah ora ngowahi gunggunge beya impor, Carney ngelingake bab prajanjen dagang antarane Kanada, AS, lan Meksiko (CUSMA). Prajanjen kang butuh dirombak iku mengkone bakale dadi lelandhesan kanggo rembugan kang luwih rinci.

Kanada lan AS, miturut Carney nalika konferensi pers ing Kedutaan Besar Kanada, dina kasebut kasil mangun lelandhesan kang becik. “Pitakone, kepriye kita bakale memitran ing tembe,” imbuhe. (lie)

Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *