Ing sauruting wektu, selera musik para pandhemene nyata kaperbawan dening mobah-mosiking jaman. Iki mono wis lumrah. Apamaneh tumrape nom-noman, sing kudu gandheng lan raket karo teknologi. Saiki, lagu-lagu kanthi dhurasi cekak, ritme rikat, apadene cakepan (lirik) sing prasaja dadi dominasine musik-musik ‘kekinian’ lan anjrah ing maneka platform musiklire TikTok, Spotify, Apple Music, YouTube Short, lsp.
Semono uga saiki, musik abasa Jawa uga durung kelangan sawabe. Nyata saka akehe nom-noman saiki kang padha anut grubyug ngrungokake musik-musik Jawa. Luwih-luwih musik-musik sing isine nggepok perkara ‘ambyar’. Ambyar sing dimaksud ing kene minangka korat-kariting ati jalaran tatuning kasmaran. Nah, musik Jawa sing kaya mangkono kuwi mau kaanggep bisa nyulihi unining driya ing bab kasmaran.
Musik ambyar sing mangkono, sebut wae kaya dene sing durung suwe iki rame dirungokake, yaiku “Sigar” lan “Wirang”. Kakarone kuwi ditembangake dening Denny Caknan. Pancen kekarone nuwuhake narasi sing kuwat, ateges bisa makili sing dirasakake pandhemene.
Kacathet manut etungan taun 2025 iki wae saben-sabene wis dirungokake kaping 50 lan 46 yuta ing Spotify, gunggung sing ora sethithik. Kuwi mono durung pretungan saka platform YouTube. Saka cathetan kasebut mula ora kliru ta yen ingaran nom-noman saiki mono gandrung banget karo lagu-lagu Jawa ngenani ambyar.
Ewasemono, yen musik-musik Jawa sing kaya mangkono yen ta dikonsumsi kanthi terus-terusan, wekasane prak ya bisa nuwuhake pamikir sing gampang nglokro (pesimistis) lan tinarbuka (permisif) marang rasa gagal lan pasrah tanpa gelem ngupaya tumrap pandhemene sajrone ngambah marganing rat.
Banjur apa bener ta sing agawe musik-musik Jawa ngenani ambyar kuwi mau populer kuwi mau krana isine utawa krana iringane? Banjur kepriye proses kreatif sastra sajrone musik-musik Jawa kok bisa kongsi dadi gegadhange nom-noman jaman saiki? Tur apa ya sateruse musikalitas Jawa bakale kaya mangkene nganti tembe mbesuk?
Pitakonan-pitakonan kaya kuwi mau sing nuli dadi bibit kawite anane “Jawi Wibu”, program kang dibukani dening dhosen Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa (PBSJ), Universitas Negeri Surabaya (Unesa), ya Danang Wijoyanto. Program iki minangka salah siji mata kuliyah ingaran ‘Penulisan Kreatif Sastra’ kang ditujokake Danang kanggo mahasiswane anggone ngripta lagu adhedhasar pangembangan saka karya-karya sastra Jawa.

Manut katranganing Danang, karya-karya sastra Jawa saiki bisa dikreasekake slaras karo musik-musik sing dadi tren saiki. Pangajabe tamtu wae supaya karya sastra Jawa, apa kuwi mau sing rupa guritan, tembang macapat, lsp. bisa dadi tren lan digadhang dening nom-noman jaman saiki. Sukur gelem ambyur sajrone proses kreatife.
“Sajrone mata kuliyah Penulisan Kreatif Sastra iki, mahasiswa perlu dituntun manut kekarepaning dhewe-dhewe. Sebab antara siji lan liyane tamtu ora padha kekarepane,” ujare dhosen kang uga ngrangkep seniman karawitan kuwi. Nah iki uga dadi landhesan saka anane proses ‘diferensiasi’ saka guru. Tegese kabeh kebutuhane siswa kudu bisa sarwa kecukupan. Yen siswane kepengin iki, gurune kudu nuruti, yen siswane karep kae, gurune kudu bisa nylarasake.
Lumantar panlesihe kuwi, Danang ndudut yen sasuwene mata kuliyahe kasebut, mahasiswane akeh sing seneng marang ‘anime’, utawa animasi kartun saka Jepang, kaya dene “Naruto”, “Jujutsu Kaisen”, lsp. Mula programe Danang ‘Jawi Wibu’ nuli dibudhalake saka kuwi. Nggarap lagu Jawa kanthi aransemen lagu-lagu Jepang (J-Pop/J-Rock) sajrone anime. Dene tembung ‘Wibu’ kuwi asale saka basa Jepang kang mengku teges pawongan sing adreng karo kabudayan Jepang.
Luwih-luwih saka lagu-lagu anime sing dikarepake kuwi, garapane mengku surasa ‘anti’ kalawan sing ingaran ambyar-ambyaran lan sipat nglokro. Kebak pangarep lan mengku pangajab supaya sing ngrungokake tansah makantar-kantar semangate.

Salah sijine garapane mahasiswane Danang kaya dene sing judhule “Pulih” kang aransemene saka garap notasi Durma Rangsang Laras Pelog Pathet Barang. Wis umum kauningan yen Durma kuwi mono minangka tembang macapat sing mengku surasa sereng lan kebak greget.
Mula wosing lagu iki nyritakake bab rasa gumregah pawongan kang kudu dituwuhake sawise nampa pacoban uriping donya lan saisine. Ing jerone uga kasengkuyung dening vidheo ilustrasi kang nggambarake ngenani wosing lagu sing ditembangake.
Lagu-lagu Jawi Wibu liyane isih akeh sing bisa kanca-kanca rungokake ing kanal YouTube @ BharadaTV_ID utawa supaya luwih gampange kanthi ngakses pranala (link) iki: https://www.youtube.com/playlist?list=PL-dcbkMU12Xd0MV7kEbXz28Z3iR0hdW0n
Kejaba Jawi Wibu. Danang uga ngoleksi saperangan garapan lagu pribadi kang asale saka geguritane kang bisa kanca-kanca rungokake ing kanal YouTube @Danang Wijoyanto. Salah sijine kaya dene sing judhule “Ing Sore Langit Sore”. Garapan musikalisasi guritan sing nganggo aransemen folk. Karyane Danang iki nyata wis oleh pangalembanane komposer nasional, Eka Gustiwana kang ngandhakake yen aransemene Danang kuwi pas tur slaras, iramane nentremake, tur kepenak dirungokake senajan basane ora dimangerteni

Proses kreatife program iki nuduhake yen musikalitas Jawa isih bisa ngrembaka lan slaras manut ombyaking jaman. Tur bisa manunggal kalawan kabudayan liyane, utawa bisa ingaran ‘multikulturalisme’. Iki wis slaras karo sing diandharake dening salah siji kritikus sastra kondhang saka India, ya Homi K. Bhabha sajroning bukune The Location of Culture (1994), yen ta sawijining kabudayan kuwi bisa lumaku kairingan karo kabudayan liyane saengga ndadekake ruang multikulturalisme anyar sing bisa nuwuhake pangrembakane mungguhe kabudayan kasebut.
“Kanthi nggandheng modernitas, mula tradhisionalitas bakale uga katut ngrembaka. Sebab, modhernitas tanpa tradhisionalitas bakal kelangan idhentitas,” ature Danang mungkasi rembuge karo PS.
***
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi







