Dina-dina Pungkasane Dhien

Nadyan mung arupa replika, ewadene omah panggung ing Desa Lampisang, Kecamatan Peukan Bada, Kabupaten Aceh Besar kuwi dudu wewangunan sembarangan. Merga ya ing papan kono pejuwang wanita paling tanggon jroning sejarah, Tjut Nyak Dhien, dilairake. 

Ing omah prasaja kuwi  geni perjuwangan nundhung penjajah dikobarake dening Dhien. Sejarah nyathet, nadyan wekasane dheweke kepikut mungsuh, nanging pembrontakane Tjut Nyak Dhien rekasa disirep dening Walanda. Ragad kanggo operasi militer prang Aceh sing diwetokake Walanda uga ora sethithik.

Lan Senen, 13 Januari 2025 kepungkur, omah bersejarah kuwi dipugar dening Kementerian Kebudayaan. Pemugaran iku mengku karep mrenata ulang situs-situs sing nduweni teges mirunggan tumrap lumakuning sejarah Indonesia. “Panatane situs sejarah diperlokake kanggo ‘nemokake’ maneh Indonesia, mligine ing Propinsi Aceh,” kandhane Menteri Kebudayaan Fadli Zon kaya sing dipirid saka Kantor Berita Antara

Pemugaran omah bersejarah iku dibudidaya dipadhakake karo bentuk asline kaya duk nalika isih dipanggoni Dhien lan bojone, Teuku Umar. Modhele awujud omah panggung kanthi payon godhong rumbia (bangsane aren utawa sagu), lan disangga kayu ulin abang cacah 65.

Sekawit bangunan asli omah kasebut ludhes keles tanpa sisa sawise diobong dening Walanda taun 1899. Walanda muring bareng ngawruhi menawa panungkule Teuku Umar nalika semana jebul mung ethok-ethok.

Pamarentah lagi mbangun replikane omah mau taun 1981. Didegake pas ana tilas lahan omah lawas. Nadyan anggone miwiti mbangun taun 1981, nanging paresmiane lagi ditindakake dening Menteri Pendidikan dan Kebudayaan Fuad Hasan taun 1987. Kukuhe omah kasebut wis kabukten nalika Aceh ditrajang bencana lindhu lan tsunami taun 2004 kepungkur. Ora ana perangan sing thethel. Malah kepara digunakake dadi papan pangungsen dharurat.

Pengkhiyanatan

“Ing omah iki arwahe Umar bakal njampangi kita. Saka kene awake dhewe miwiti tugas gerilya kaya sing wis dilakoni Umar. Kita bakal netepi prentahe Allah merangi wong-wong kafir, Pang La’ot!” ucape Tjut Nyak Dhien bantas.

‘Umar’ sin disebut Dhien ora liya Teuku Umar, garwa kinasih kang gugur nalika ngrabasa pertahanane Walanda ing Meulaboh, 11 Pebruari 1899. Dene ‘wong-wong kafir’ sing dikarepake temtu wae penjajah Walanda. Lan ‘Pang La’ot’? Dheweke bau tengen kang paling dipercaya dening Tjut Nyak Dhien, nanging tembene malah sing nglorobake.

Iswara N Raditya jroning artikel asesirah Hari-hari Terakhir Perlawanan Tjut Nyak Dhien kang kapacak tirto.id mratelakake ana telung ‘fragmen’ panguripan sing njalari Dhien nesu banget. Sepisan nalika bojone sing kawitan, Teuku Ibrahim Lamnga, gugur dening Landa, 29 Juni 1878. Dhien sedhih uga nesu, jalaran ora sabiyantu guru lakine. Dhestun nalika Ibrahim campuh prang, Dhien malah ngungsi menyang panggonan aman.

Kanthi ngampet kesumat ngobong dhadha Dhien sumpah sawijining dina mengko bakal males ukum patine Ibrahim. Ora mung saderma males ukum, nanging uga atekad waja kepengin nundhung Walanda saka bumi Srambi Mekah. Taun 1880 Tjut Nyak Dhien rabi karo Teuku Umar. Dheweke nampa panglamare Umar jalaran priya kuwi saguh sabiyantu malesake pangigit-igite. 

Nanging rasa sedhih lan kelangan mau kaambalan maneh bareng Umar wekasan uga gugur aneng palagan. Nalika anake kang patutan karo Umar, Cut Gambang, nangisi patine bapake, Dhien ngekep karo celathu, “Minangka wanita Aceh, kita ora kena nangisi pawongan kang mati syahid!”

Kanthi turahan kekuwatan pendherek warisan saka Teuku Umar, Dhien nggiligake tekad madeg dadi pimpinan kraman rakyat Aceh. Pang La’ot dadi panglima pinercaya awit priya sentosa iku wis ngatonake labuh labete kang gedhe marang Teuku Umar. Nanging rinasa abot tumrap Dhien ngadhepi tentara Landa sing unggul senjata sarta wadya bala. Siji mbaka siji bebau pinercayane Tjut Nyak Dhien gugur ing rananggana. 

Dhien kepeksa ngowahe strategi. Dheweke ganti nggunakake taktik gerilya mlebu metu alas, senadyan ora arang kelangan pendherek akeh nalika mbudidaya ngrabasa Landa. Gunggunge pasukan pejuwang saya susut. Saka sing maune 300 kari sawatara wae ing taun 1905 (Ibrahim Alfian, Perang di Jalan Allah: Perang Aceh 1873-1912). Pang La’ot pancen isih setya ngampingi Dhien ing medhan tempur. Nanging dheweke wiwit ora yakin bareng nyumurupi kanyatan dina mbaka dina.

Luwih-luwih sawise Tjut Nyak Dhien kerep lara-laranen sarta mripate saya lamur merga rabun. Ora akeh sing bisa ditindakake La’ot ing tengahe alas kanggo ngentheng-enthengi panandhange Dhien. Sawijining wektu dheweke nyoba nawani Dhien gelem bedhamen karo Landa amrih lelarane oleh pengobatan sing murwat. “Apa? Teluk marang kafir? Cis, najis! Muga-muga Allah ngedohake tumindak nistha kuwi saka aku,” atos wangsulane Tjut Nyak Dhien.

Pang La’ot dheleg-dheleg. Pikirane terus mubeng. Dheweke pancen tresna lan gawok marang kekendelane Tjut Nyak Dhien, nanging uga ora tegel weruh pemimpine mau kansangsara. Akhire kanthi ati abot Pang La’ot sesidheman nemoni komandhan Walanda. Dheweke gelem nuduhake pandhelikane Tjut Nyak Dhien sarta sisa-sisa pendhereke, waton pimpinane kuwi diobati murwat sarta ora diasorake.

Walanda temtu wae bungah nampa lapurane Pang La’ot, mapan kuwi sing ditunggu-tunggu. Sasi pasa awal Nopember 1905 markas pandhelikane Tjuk Nyak Dhien diserbu. Sisa-sisane pendherek sing mbudidaya namengi Tjut Nyak Dhien dhadhal, ora setimbang mungsuh bregadaning pasukan militer kuwi. Dhien sing kahanane saya ringkih timpuh ing amben karo nglapalake zikir nalika kapten Walanda mlebu kamare. Pangrimuke si kapten amrih Dhien pasrah bongkokan ora digape. Pang La’ot nyedhak mbudidaya melu ngreripih. Nanging dheweke malah disentak. “Pengkhiyanat kowe, Pang La’ot! Luwih becik welasana aku kanthi nyuduk gaman nganti mati,” ucape sereng.

Tjut Nyak Dhien wekasane teluk sawise pandhelikane kinepung Walanda. Kanthi dikawal ketat serdhadhu pilihan, Dhien digawa menyang Aceh. Walanda nuhoni perjanene karo Pang La’ot ngobati larane Tjut Nyak Dhien nganti kasarasane saya becik. Nanging pulihe kesehatan iku njalari Walanda waswas Tjuk Nyat Dhien bali ngobarake prang. Apamaneh ing pedhalaman Aceh isih akeh kraman sing samapta nunggu prentahe Dhien.Akhire diputusake Tjut Nyak Dhien diasingake menyang Sumedang, Jawa Barat. Dina-dina pungkasane Dhien dientekake ing pengasingan nganti dheweke tinggal donya genep ing umur 60 taun tanggal 6 Nopember 1908. Suprandene kubure lagi ditemokake ing pedalaman Sumedang taun 1959. Kuwi wae atas prentahe Gubernur Aceh Ali Hasan amrih kubure Tjut Nyak Dhien digoleki. (Kukuh SW)

Panulis : Kukuh Setyo Wibowo
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *