Nasibe Interniran ing Jaman Revolusi

Nasibe interniran kelunta-lunta sawise Landa kalah dening Jepang. Nanging nyedhaki prang gedhe 10 Nopember 1945,  interniran sing mentas luwar saka kamp tawanan Jepang mau melu manasake swasana.

Nalika Jepang ndharat ing Sidoarjo tanggal 9 Maret 1942, puluhan ewu interniran sing ana Surabaya wiwit ora jenjem. Atusan taun ngrasakake urip mulya sasuwene kakek buyute ngebroki Indonesia, saiki nasibe anak turune Walanda sarta Indo-Belanda kuwi ancik-ancik pucuke eri. Lan temenan, bareng rong dina candhake serdhadhu-serdhadhu cebol kepalang kuwi dhampyak-dhampyak mlebu Surabaya, apa sing disumelangake kaum interniran mau dadi kasunyatan.

Sekawit Jepang isih njupuk atine para interniran kuwi kanthi sikep semanak. Wong-wong kulit putih kuwi tetep diolehi mbacutake pakaryane ing sektor-sektor formal kaya biyasane. Nanging sawise mungkur sepasar, tentara Jepang wiwit ngatonake sikepe sing asli. Interniran sing dhominan nyambut gawe ana Balai Kota Surabaya padha ditangkepi. Mengkono uga interniran sing dadi tentara lan pulisi uga padha dijupuk saka markase. Jepang uga nyekeli para interniran iku saka omah-omahe.

Maewu-ewu interniran mau banjur dibarisake ing lapangan sing panas. Sawise didata, wong-wong keturunan Eropa iku diunggahake trek lan digawa menyang kamp-kamp tawanan sing sumebar ing Gunungsari, Lapangan Flores, Jalan Sulawesi, HBS, Rumah Sakit Darmo lan sapanunggalane. Wondene pegawe pamarentah lan aparat keamanan kulit sawo mateng, ora dikapak-kapakake dening Jepang. “Satahap mbaka satahap, Jepang mapanake wong-wong pribumi mau ana kantor-kantor pamarentahan ngganteni posisine para interniran,” kandhane panaliti sejarah Surabaya 45, Ahmad Zaki Yamani, marang Panjebar Semangat durung suwe iki.

Kamp-kamp interniran sing dibangun Jepang ing Surabaya umume ora manusiawi. Kejaba sanitasine asring mampet, jatah mangane uga winates. Sok ngonowa Jepang tetep njejel-njejelake tangkepan anyar interniran menyang kamp-kamp mau senadyan wis over kapasitas.  Kanggo ngawekani tawanan mlayu, Jepang masang kawat berduri mawa aliran listrik ngupengi tembok-tembok kamp.  

Ora kabeh interniran ditawan. Nanging ora ateges nasibe interniran sing ora di-kamp mau luwih apik. Sebab wong-wong iku dikirim menyang plosok-plosok dhaerah pulo Jawa, utawa ditumpakake kapal menyang luwar Jawa saperlu didadekake romusha kanggo mbangun proyek-proyek infrastrukture Jepang. “Ora sethithik sing tinggal donya ana lokasi proyek,” ujare Zaki.

Telung taun suwene interniran-interniran kuwi ngalami nasib ngeres. Kosok balen karo nalika Landa kuwasa ing Indonesia 360 taun suwene. Sing maune Landa-Landa sapranakake iku dadi warga klas I sing sarwa kecukupan, banjur diasorake drajate dening Jepang ngluwihi asore buruh pribumi. 

Angin seger tumrap interniran tumiyup nalika Kaisar Jepang Hirohito pidhato ngakoni teluk saka Sekutu jrone Prang Donya II tanggal 14 Agustus 1945. Jepang kang wis ora duwe motivasi, banjur mbukak lawange kamp-kamp interniran. Ora ana prentah supaya tawanan-tawanan iku metu, nanging yen para interniran kuwi ninggalake ‘nraka kekejeman’ sing nrungku telung taun suwene, Jepang ora menggak.

 Kalahe Jepang njalari Landa sing mbonceng Sekutu entuk kalodhangan bali menyang Indonesia nalika Inggris mlebu Surabaya, 25 Oktober 1945. Kejaba nglucuti senjatane Jepang, lumebune Sekutu menyang Surabaya uga mengku karep ngurusi kaum interniran sing kelunta-lunta. Kanggo kaperluwan kuwi Sekutu banjur mbentuk bebadan Recovery of Allied Prisoners of War and Interness (RAPWI).

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 293

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *