
Mamaca mujudake salah sijine tradhisi asli Madura, kang ngrembaka ora amung ing tanah Madura. Ananging uga ing bebrayan Pandalungan (blasteran Madura Jawa). Yaiku kang manggon ing Jember, Probolinggo, Lumajang, Bondowoso, uga Kabupaten Situbondo.
Mamaca, saka basa Madura, tegese maca. Ritual kasebut pancen padha karo maca guritan utawa carita. Dene unike, olehe maca ukara ing karya seni iku ditembangake. Memper karo macapatan mungguhe uwong Jawa.
Geguritan apadene carita iku tinulis nganggo aksara Arab Melayu. Uga ana sing nganggo aksara Arab Pegon. Dene ukarane nganggo tetembungan basa Jawa krama. Dene ing saben gelaran mamaca, ana paraga loro sing mandhegani. Siji minangka pamacane utawa sing nembang, dene sijine kajibah mbabarake kekarepane tembang. Olehe njlentrehake nganggo basa Madura. Elok tenan ya?
Ing Situbondo, mamaca lumrahe digelar kulawarga muslim nalika slametan mitoni bayi, reregeng Maulid Nabi Muhammad, uga Isra Mi’raj. Kejaba saka iku, sok uga digelar nalika ana warga sing nduwe gawe. Umume mono nalika nyunatake anake lanang.
Kesenian mamaca nengenake kagunan swara lan wirama. Pocapan kang cetha lan wirama kang selaras. Dene surasane teks kang ditembangake piweling kabecikan lan tuladha kanggo nglakoni urip kanthi murwat. Ya sregep ngibadah, nindakake tuntunan agama, lan nuladhani Nabi Muhammad SAW.
Piweling luhur kang diandharake liwat tembang, keprungu nyenengake. Uga narik kawigaten kanggo ditonton. Bab iki kang anjalari mamaca dadi gelaran sing diantu-antu dening warga Madura lan Pandalungan. Ora amung sing wis sepuh lan diwasa, ananging uga nom-noman lan bocahan.
Bebrayan Madura lan Pandalungan, kaya sing manggon ing Situbondo, uga gilig krentege kanggo ngleluri kesenian iki. Nyipati para seniman mamaca wis sepuh-sepuh, enggal ngupadi amrih tradhisi iku ora cures. Mula, mamaca diwulangake sapa uwong tuwa marang anak-anake. Ing saperangan sekolahan malah uga ana gladhen ajeg.

Lan sing ora kalah sigrak, bebadan pawiyatan nggelar lomba mamaca. Angkahe ora liya kanggo ngajak bocah sekolah padha ajar seni mamaca. Lan kanthi lomba, bisa njedhulake paraga sing wasis mamaca. Kang tundhone bisa melu ngrembakakake kabudayan kasebut tekane tembe. Mamaca uga narik kawigatene seniwati enom Surabaya, Shafira Onky Parasmita Kencana. Durung suwe iki, Rara, celukane, nepungake maneh seni mamaca marang nom-noman, utamane Gen-Z. Rara aweh polesan seni modern marang mamaca kang dipentasake. Lan saka kegiyatan iku, dadi lapuran panalitene, kang ngeterake Rara nganti nggayuh gelar Magister Kesenian saka Institut Seni Indonesia (ISI) Surakarta, Agustus wingi. (lie)
***
Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat






