
Beksan mujudake salah sijine karya agung kraton Ngayogkarta kang salumrahe dileluri. Salah sijine yaiku Beksan Trunajaya, kang klebu tarian pusaka. Yasane Sri Sultan Hamengku Buwono I iki nggambarake lakune para perjurit Mataram anggone ngolah rasa, cipta, lan karsa.
Beksan Trunajaya sing mentas wae dipentasake ing Tingalan Dalem Taun Sri Sultan HB X iku kadhapuk saka telung babak. Yaiku Beksan Lawung Alit, Beksan Lawung Ageng, lan Beksan Sekar Medura. Tetelune klebu beksan pokok sing dadi cikal bakale maneka beksan kakung Ngayogyakarta.
Rerangkene adicara ing dina Rebo Pahing (22/9) iku kaperang dadi loro. Yaiku kirab lan gelaran beksan. Kirab kawiwitan sore, arak-arakan abdi dalem kraton, perjurit, bregada turangga, lan pamangku budaya liyane.
Ing kirab iku uga katon kreta loro saka Kagungan Dalem Museum Wahanarata sing melu arak-arakan. Yaiku kreta Kyai Landower Surabaya lan kreta Permili. Iki klebu unik, jalaran yen dirunut, kreta pusaka kraton pungkasan melu kirab wis punjul saka sadasa warsa kepungkur.
Sarampunge kirab, wengine, beksan Trunajaya kagelar ing Kagungan Dalem Pagelaran Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Para penari kang wis kagladhi, mentasake beksan kanthi luwes lan nengsemake. Para pambeksa uga ngajak penonton urun swara nalika ana imbal wacana. Gayeng lan keprungu guyu kang regeng.
Gladhene para paraga beksa ora tanggung-tanggung. Kejaba gladhen beksane, uga ana gladhen kanggo kasarasane badan lan jiwane. Mula ora amung wasis lan prigel, ananging para paraga beksa uga kagladhi nyelarasake wirama lan solah, klawan gendhing lan mitrane pambeksa.

Igel lan ukel ing beksan Trunajaya kacuplik saka watangan, yaiku gladhene perjurit nunggang jaran lan migunakake tumbak. Dene tetengere, “Trunajaya”, saka tokoh sing ditetepake dadi pahlawan. Yaiku priya asli Madura sing ing jaman kawuri, jamane Amangkurat I, tanpa gigrig berjuwang amrih linuwar saka Walanda.
Mula beksan telu kasebut ora saderma mitontonake obahing badan kang nengsemake. Ananging nggambarake ruh kasatriyan. Yaiku kasetyan, wasis, wani, lan bisa ngendhaleni dhiri.
Beksan Lawung Alit kang uga sinebut Lawung Alus, mentasake olah beksan kang kalem, aso. Iku nggambarake gladhene perjurit kanthi weninge pikir. Iringane gendhing Harjuna Mangsah lan Harjuna Asmara. Dene Lawung Ageng nggambarake gladhen kang sigrak lan nandhes. Surasane, rasa wani ora ateges kanthi murina, ananging kawasisan ngendhaleni rasa lan utun ing upaya. Iringane gamelan Kiai Guntur Sari kanthi Gendhing Gangsaran, Roning Tawang, lan Bimakurda.
Beksan panutupe, Sekar Madura, uga sok kinaran Beksan Gendul. Iki nggambarake swasana suka nalika perjurit kasil unggul ing ngalaga. Paraga beksa 8, sing 4 mbeksa kanthi solah gagah dene sing 4 alus. Busanane para penari Trunajaya kaya patrape busana beksan liyane ing jaman saemper. Yaiku Beksan Etheng, Tugu Wasesa, Guntur Segara, utawa Lawung Ringgit. (lie)
***
Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







