Tabet Kolonialisme sajrone Lelakone Bisnis Kopi Pangku

Durung suwe iki, tetembungan ‘kopi pangku’ rame maneh dadi kembang lambe ing jagad maya Indonesia. Dudu krana anane kasus razia kang katindakake dening pehak pamengku wenang ing lokasi kang jamak kauningan minangka warung kopi plus-plus kuwi, nanging krana anane filem Pangku garapane Reza Rahardian.

Filem Kopi Pangku (2025) kang disutradharani Reza Rahardian

Filem kang wis tayang wiwit 6 November 2025 wingi ing bioskop saindenge Indonesia kasebut nyoroti panguripane para wanodya kang ambyur sajrone bisnis kopi pangku kalawan kinanthen pamawas kamanungsane.

Pangku kinarya filem kang kasil mancing rasa penasarane wong akeh babagan donyaning kopi pangku kang wis suwe diwruhi dening para warga Pantura, nanging arang dirembug kanthi tinarbuka.

Bisnis kopi pangku kang akeh-akehe sumebar ing laladan pesisir lor Jawa kuwi kaparagan dening para wanodya kang nyuguhake kopi sinambi gegojegan, lan pisan pindho andum lelipur kanthi ‘wujud liya’.

Lelakon bab bisnis kopi pangku iki sok diwartakake ing medhia, nanging fileme Reza mbukak cakrawala anyar: saka ngendi ta asale bisnis iki? Apa bener lamun kopi pangku mung fenomena modheren, utawa malah minangka bageyane sejarah ing Indonesia kang kawiwitan saka jaman kolonial?

Yen ndeleng sejarahe, bisnis kang memper karo kopi pangku ing jaman modheren iki jebul wis ana wiwit abad ka-19 ing pelabuhan-pelabuhan Jawa. Sawijining panliten taun 2023 kang katindakake dening ahli sejarah saka Universitas Negeri Malang kang judhule “Prostitusi di Semarang Pasca 1852” nemokake lamun bisnis saemper kuwi wis ana ing Semarang adoh sadurunge Indonesia mardika.

Rikala kuwi, pamrentah kolonial Walanda netepake prostitusi kanthi legal lumantar kebijakan karan Reglement op de Uitoefening der Prostitutie taun 1852. Ancase mono prasaja wae yaiku kanggo njaga kasarasan batine para juru kapal lan serdhadhu.

Semarang kinarya kutha kang dadi ‘uji coba’ sepisanan kebijakan kasebut. Ing kawasan pelabuhan lama wiwit saka Kampung Melayu, Boom Lama nganti Kaligawe, dibangun register houses, sawijining papan wajib lapure para planyahan. Para planyahan kang kacathet dening pehak pamengku wenang Semarang ana watara 300 wanodya.

Anut pangrembakane infrastruktur kolonial, utamane ing sadawane Jalan Raya Pos garapane Daendels, wiwit akeh muncul warung, panginepan, lan papan ngaso. Ing sapinggire dalanan kuwi, padatane akeh para wanodya kang awe-awe tetawan leladi kang ora mung nyuguhake panganan lan omben-ombenan wae. Nah ing kene bibit kawite bisnis kopi pangku ana.

Bisnis kopi pangku jaman semana wis katetepake sajrone kebijakane Walanda minangka bageyane proyeke pamrentah

Jaman semana, ragane wanodya kaum siti kinarya bageyane ‘proyek moral’ kolonial kang katetepake dening pamrentah Walanda. Pamrentah Walanda ngatur paraga planyahan, papan makaryane, nganti kapan wektu warung bisnise kuwi kudu ditutup.

Ing Semarang, prostitusi legal mung diidinake ing kawasan karan De Europeesche Wijk. Dene sapa wae kang ngedegake bisnis iki sanjabane kawasan kuwi wis kacap ilegal, nanging tetep diumbarake sebab kaanggep bisa njurung puteraning rodha ekonomi. Wusanane, bisnis kaya dene warung kopi lan kafe cilik-cilikan ngrembaka ing jalur dagangan Pantura.

Fenomena iki tau dirembug dening akadhemisi saka Australian National University karan Terence H. Hull ing tulisane sing judhule “From Concubines to Prostitutes: A Partial History of Trade in Sexual Services in Indonesia” taun 2017. Hull nlesih bibit kawite bisnis ekonomi-seksual ing jaman kolonial sing kawitan saka tradhisi concubinage utawa paseliran.

Ing concubinage kuwi, akeh lelanangan Eropah, Cina, lan priyayi Jawa kang urip bareng wanodya pribumi tanpa kaiket balewisma. Sesambungan kang kaya ngene iki sipate ekonomis lan intim: si wanodya oleh pangayoman lan panguripan, dene sing lanang oleh leladi bab omah-omah lan saresmi.

Mungguhe Hull, bedane selir lan planyahan dumunung ing stabilitas sesambungan. Selir kaanggep kajen jalaran sipate dhomestis (internal), dene planyahan kuwi sipate umum (eksternal). Ewasemono, nalika ekonomi kolonial wiwit ngrembaka, paseliran sithik mbaka sithik ngalih menyang dalanan. Akeh wanodya kang kelangan pangayoman sosial lan wiwit mangupajiwa dhewe ing wewengkon pelabuhan.

Hull nyathet anane owah-owahan gedhe kang dumadi ing satengahe abad ka-19. Donyaning paseliran wiwit suda, tur selir-selir wiwit pindhah menyang ruwang publik kaya dene pelabuhan lan barak militer. Ing kono banjur muncul papan-papan kadi dene omah bordil, panginepan, lan warung sega kang sesidheman nawakake leladi saresmi.

Pamrentah Walanda wusanane ndeleng prostitusi minangka fungsi sosial kanggo nglipur para pegawe kang kaiket karo pamrentah rikala semana. Malahan para selir kang banjur owah dadi planyahan kuwi diopeni kanthi permati dening pamrentah amrih tetep bisa mbudidaya kanthi becik.

Pamawas kang saemper kaya ngono kuwi uga dikandhakake dening sejarawan Ustrali karan Barbara Watson Andaya lumantar panlitene sing asesirah “Historical Perspectives on Prostitution in Early Modern Southeast Asia” taun 2001.

Bisnis kopi pangku wiwit grengseng wiwit abad ka-19 ing wewengkon pesisir lor Jawa

Barbara nuduhake lamun wiwit abad ka-16, kutha-kutha pelabuhan ing Asia Kidul Wetan kinarya punjering dagangan badan. Prostitusi mungguhe Barbara minangka bageyan wigatine ekonomi maritim kang yekti bisa njaga panguripan dagangae para juru kapal lan sudagar.

Nalika Indonesia mardika, sistem legal kolonial sing kaya ngono kuwi diilangake, nanging prakteke sanyatane ora katut ilang. Ing jaman Ordhe Baru, pamrentah malah nggawe kebijakan lokalisasi. Ing maneka kutha pesisir muncul kawasan kang jamak kauningan dening masarakat minangka ‘kompleks’ utawa ‘panti’. Kawasan kasebut minangka dedununge para planyahan kang diawasi dening Dinas Sosial.

Ewasemono, sanjabane kawasan kuwi, bisnis saemper nyatane uga terus ana senajan ta ing wujud liya. Ing sadawane jalur Pantura, utamane ing sacedhake terminal lan pelabuhan, akeh madeg warung-warung cilik kang rame rikala dalu. Para supir treg lan buruh padatane padha mampir ing kono. Nah, saka kuwi, tetembungan ‘kopi pangku’ wiwit populer, yakuwi nalika taun 2000-an.

Ujaring kandha, tetembungan ‘kopi pangku’ sepisanan muncul saka gegojegane para supir kang nggambarake swasana tentreme warung kang didadekake papan ngopi mangku ‘pladen’. Warung kang kaya ngene dianggep minangka ‘sisi gelap’ mungguh wewengkon Pantura. Nanging yen dijingglengi kanthi setiti, para wanodya kang dadi pladen kuwi nuduhake blegere kadigdayane wanita nalika ngadhepi rekasane urip ing dalan. Kopi pangku sejatine minangka gegambarane lelakon dawane wanodya ing jalur dedagangan. Anane kebijakan Walanda jaman semana uga sasat sing ndadekake bisnis kopi pangku tetep kajaga satemah bisa ngreksa puteran ekonomine warga wewengkon Pantura ing sauruting wektu. Saka pelabuhan kolonial nganti ratan gedhe modheren, posisine para wanodya kuwi terus salin slaga tur ora tau sirna.

***

Panulis: Wawa
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 23

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *