Wakil Duta Besar Australia untuk Indonesia Gita Kamath, Selasa, 11 November 2025 mratelakake, negarane sarta UNICEF (bebadan PBB ing babagan pendidikan) nyengkuyung program Makan Bergizi Gratis (MBG) kanthi nyalurake redana marang pusat keunggulan ing Institut Pertanian Bogor, Jawa Barat, lan Universitas Cenderawasih Jayapura, Papua.
Pusat keunggulan utawa Center of Excellence (CoE) mau, kandhane Kamath, nyediyani kebijakan sinartan bukti nyata pengembangan kapasitas, kanggo mikuwati program MBG. CoE ing lingkungan kampus mau difungsekake minangka wadhah kolaborasi antarane pamarentah, akademisi, sektor pangan lan masyarakat.
Australia lan UNICEF Indonesia wis nandhatangani perjanjen kerja bareng kuwi wiwit Maret 2025 kepungkur. Lembaga kasebut nindakake riset, pelatihan, lan pengelolaan kawruh (ilmu pengetahuan) sarta kebijakan kanggo ngundhakake efektivitas lan katerusane program MBG iku ing dina-dina candhake.
CoE iya duwe pakaryan ngrembakakake lan nguji desain program MBG lumantar kerja bareng multipihak, sarta mikuwati kapasitas pelatihan, pantauan, lan evaluasi supaya program kasebut lumaku efisien lan bisa dibacutake. Program MBG wiwit dileksanani 6 Januari 2025 minangka wujud janji kampanye Asta Cita jrone mbangun sumber daya manungsa sing cerdhas, sehat lan kompetitif ing tingkat global. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital








For 188bethiphop, it offers a great gaming experience. High levels of customisation and lots of ways to win. 188bethiphop
Hey folks! Just checked out 28betcasino, and gotta say, it’s got a decent selection of games. Navigation’s pretty smooth too. Maybe could use a few more bonuses, but overall a solid experience. Check it out for yourself: 28betcasino
Alright, so I needed to get back into my Bet188 account, and bet188betlogin made it super easy. Quick and straightforward. Just what I needed! If you’re having trouble logging in, give it a shot: bet188betlogin