Ekonomi Ijo ing Poncod Jakarta

Wewangunan kang dhuwure 18 meter iku katon manjila satengahing permukiman penduduk kawasan Lebakbulus, Cilandak, Jakarta. Dudu wangunan lumrah, awit ing sanjerone tinemu green house ‘rumah kaca’ kebak taneman hidroponik. Ditandur kanthi vertikal ing rak sungsun 13. Total ana 33.000 ‘lubang tanam’ kang dipaedahake kanggo nenandur maneka jinis komodhitas holtikultura. Omah kaca kanthi aran Ladang Farm iku dadi salah sijine titik pertanian ing saselane permukiman, pertokoan lan perkantoran kang padhet ing jantung Ibu Kota.

Dudu sekadhar pertanian konvensional, nanging Ladang Farm uga dipepaki teknologi Internet of Things (ToT) kang bisa mbiyantu kelancarane penggaweyan. Lumantar teknologi mau, sakabehe ukuran kang gegayutan karo taneman, bisa dideleng. Upamane bab kelembaban, suhu lan nutrisi tanduran. Kabeh mau bisa dikontrol kanthi akurat, saengga kuwalitase sayuran kajaga becik. Risiko gagal panen bisa disuda.

Komodhitas kang ditandur maneka warna. Saka sakehing jinis taneman mau basil lan selada kang paling akeh peminate. Tanduran-tanduran ing Ladang Farm iku ora mung didol marang rumah tangga sing mbutuhake, nanging uga kanggo ngladeni pesenan saka hotel, restoran sarta kafe ing kawasan Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang lan Bekasi.  “Pelanggane Ladang Farm akeh-akehe saka industri panganan hotel, restoran lan kafe,” kandhane General Manajer Ladang Farm, Nova Riswanto.

Dhuwure peminat mbuktekake menawa agribisnis kang digarap kanthi bantuan teknologi modhern pranyata kuwawa nembus pasar. Ora mung dipasok menyang industri kuliner wae, nanging sebageyan didol kanthi online. Usaha mau disengkuyung dening Pemerintah Provinsi DKI Jakarta lumantar promosi-promosi kang srempeng. Merga kejaba fokus marang prodhuk sayuran, pertanian hidroponik vertikal kasebut uga lagi ngembangake bisnis agrowisata. Masyarakat umum bisa ndeleng langsung kebon hidroponik sungsun mau kanthi mbayar Rp 35 ewu kanggo saderma munggah mudhun. 

Nanging ongkos wisata mau mundhak dadi Rp 150 ewu yen saliyane ndelok-ndelok uga ditambahi sinau cara-carane nenandur taneman hidroponik, sarta foto-foto sakatoge ing lokasi. Wondene program kelas khusus kang nggabungake pengalaman tetanen karo masak asile panenan, uga dileksanani ing Ladang Farm kono.

Luwih saka sekadhar wisata, agrowisata Ladang Farm mau dadi sarana edukasi publik ing babagan inovasi pertanian ing tengah kutha gedhe megapolitan kanthi nyinau saka hulu tekan hilir, wiwit saka proses pembibitan nganti distribusi. Miturut data-ne Pemprov DKI Jakarta jumlah pelaku urban farming ana wong 5.910 kaimpun ing 21 kelompok tani. Sacara berkala pelaku pertanian iku entuk penyuluhan, pelatihan, sarta dibantu sarana prodhuksi. 

(Foto: Antara/Sulthony Hasanuddin)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 359

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *