Nataru, Khofifah Optimis Rega Sembako Stabil

Gubernur Jawa Timur Khofifah Indar Parawansa mbudidaya amrih reregan kebutuhan pokok tetep stabil mbeneri Natal 2025 lan Taun Baru 2026 (Nataru). Salah siji upaya ngendhaleni undhake rega sembako, ujare Khofifah, yakuwi liwat pasar murah kang rutin dianakake dening Pemerintah Provinsi Jawa Timur bebarengan karo kabupaten/kota sing kenggonan.

“Tujuwan nggelar pasar murah iki kanggo nguwatake daya tetukone masyarakat, sarta supaya bahan kebutuhan pokok sing murah regane iki kegayuh dening warga sing adoh dununge,” kandhane Khofifah nalika mbukak pasar murah ing Desa Mojopuro, Kecamatan Wungu, Kabupaten Madiun, Minggu, 14 Desember 2025.

Mungguhe Pemprov Jatim, pasar murah ing Madiun kuwi kang kaping 293 digelar taun iki ana saindenging wilayah. Khofifah nuturake, perlu upaya ekstra amrih reregan kebutuhan pokok ora mundhak ndedel sairing karo sansaya akehe kebutuhan masyarakat ing akhir taun, mligine Natal 2025 nganti Taun Baru 2026.

Nanging ora ateges sawise taun anyar pemerintah daerah bisa leha-leha. Jalaran, kandhane Khofiah, langsung disambung dening Ramadan lan Idul Fitri 2026. Saengga diperlokake upaya sing srempeng murih reregan sembako tansah stabil. Jrone pasar murah, rega-rega bahan pokok isih bisa ginayuh. Upamane beras premium Rp 14.000 sekilo lan Rp 70.000 sa-sak.Saliyane kuwi, gula pasir ing rega Rp 14.000 sekilo, MinyaKita Rp 13.000 seliter, ndhog pitik ras Rp 22.000 sa-pak, brambang Rp 7.000 per 250 gram, bawang Rp 6.000 per 250 gram, glepung Rp 10.000 sekilo, lan daging pitik ras Rp 30.000 per pak. “Pasar mura iki digelar uga ngiras-ngirus menehi kalodhangan UMKM masarake prodhuke. Ing kono bakal ana kurasi, lan UMKM sing kabiji onjo bakal dielokake misi dagang,” kandhane Khofifah. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *