Tanggal 8 Januari 2026 genep 171 taun Pangeran Diponegroro murud mring kasedan jati. Panjenengane seda ing pakunjaran Beteng Rotterdam Makassar, tanah pembuwangan Sulawesi kidul. Ewasemono putra pambayun Sultan Hamengkubuwono III iku ninggal warisan semangat perjuwangan kang nganti seprene ora tau mati.

Prang Jawa kang dikobarake Diponegoro 1825-1830 dadi tunggak sejarah wigati tumrap kuwanene kaum pribumi lumawan panindhesane kolonial kang nyecamah leluhur kraton sarta narik pajeg nekak gulu. Diponegoro keconggah ngirup pangombyong kang ora sethithik gunggunge ing laladan Yogyakarta, Kedu, Bagelen, Surakarta, Banyumas, Wonosobo, Banjarnegara, Weleri, Pekalongan, Tegal, Semarang, Demak, Kudus, Purwodadi, Parakan, Magelang, Madiun, Pacitan, Kediri, Bojonegoro, Tuban lan Surabaya. Ing tlatah-tlatah kasebut semangat Dipongeoro kaya-kaya terus “urip” ing sanubarine warga.
Sejarawan kang nduweni dharah Inggris, Peter Carey, banget eram marang Diponegoro. Ing atase panjenengane mono turasing nalendra, nanging kersa urip amor wong cilik sarta wani brontak merga sabela marang panandhange kawula. Mataun-taun Carey ngentekake wektune kanggo nliti trajange Diponegoro wiwit isih timur nganti sasedane ing pengasingan. Ngudi nglumpukake dhokumen sarasilah, dhokumen “perlawanan,” ngimpun paseksen, sarta nliti bukti fisik gegayutan karo Diponegoro engga ndadekake runtutan crita sejarah sing detil.
Kepara panguripane wong Jawa sapungkure Diponegoro uga ora uwal saka panalitene Carey. Asile panaliten mau katulis jroning buku versi basa Indonesia asesirah Kuasa Ramalan: Pangeran Diponegoro dan Akhir Tatanan Lama Jawa 1785-1855 (2011), lan Takdir: Riwayat Pangeran Diponegoro (2014).

Kanggo mengeti njebluge Prang Jawa 200 taun kepungkur, Panjebar Semangat mawancarai sejarawan kang miyos 30 April 1948 mau sacara daring. Wawancara ditindakake dening Kukuh SW, Ahmad Rizky Wahyudi lan Ardhi Athallahfi tanggal 8 Desember 2025.
Kenging menapa Prang Diponegoro keconggah ngirup panyengkuyung ingkang ageng, sarta dados ‘inspirasi’ kangge dhaerah sanesipun ngangkat senjata, ing antawisipun Prang Padri ing Sumatra Barat?
Legendaris Prang Diponegoro mujudake kahanan sing satemene banget ndheseg. Yen Diponegoro dhewe lan pamane sing sabiyantu, Pangeran Mangkubumi, dikenal minangka priyayi sing meneng, ora nduweni ambisi babar pisan. Sekawit pejabat Landa yakin Diponegoro ora mungkin mbangkang. Sebab, watake Diponegoro dikenal blak-blakan, wani ngritik kekuasaan kanthi tinarbuka. Nanging prekarane ora sepele kaya ngono. Iki dudu ambisi pribadine Diponegoro. Dudu geni mureng sanjerone merang sing ujug-ujug njeblug. Geni panglawan iku yektine wis disiapake suwe, wiwit saka Parangkusumo utawa ‘tigang dasa warsa wiwit bubrahing tanah Jawa.’ Lagi 17 taun candhake Prang Jawa njeblug.
Kawontenan menapa ingkang ndayani Prang Jawa dipunrancang wiwit dangu?
Kahanan Pulo Jawa, utamane Jawa Tengah iring kidul sawise Landa dipulihake 19 Agustus 1816, bener-bener wis ora bisa dibendung. Pakarti sing banget wengis mitunani uripe kawula, ekonomine kawula dikuras merga watake Landa kang srakah lan nggragas. Situasi kasebut kaya-kaya wis di-setting, merga ana unsur etnis pranakan ‘ingkang sampun mahir’ saka Tiongkok dharatan. Dadi iki swasana sing ora adil, ora manusiawi, saengga ora bisa ditahan maneh. Swasana sing kaya mengkono mau wis suwe nglimputi panguripane wong cilik. Sawenehe pejabat Landa sing tau dadi Residhen Solo kandha: ‘Wong Jawa iku kondhang semanak. Nanging aku yakin bakal teka sawijine mangsa kala njebluge kahanan kang dhahsyat. Wong Jawa iku dikenal duwe watak nrima ing pandum. Nanging watak nrima iku ana watese. Yen wates kesabaran iku dilangkahi, bakal gumregah anglawan.’

Salajengipun menapa ingkang kedadosan?
Lan apa sing dikandhakake tilas Residhen Solo mau dadi kasunyatan nalika tanggal 20 Juli 1825 Diponegoro dikepung serdhadhu ing Tegalrejo. Ing kana ana wong telung ewu kang teka saka meneka kalangan sakiwa tengene Giyanti, antara liya Solo, Yogya. Kabeh sawega mbelani gustine. Tumrap kawula mau, gusti sing dibela iku dudu sembarang gusti, nanging prayagung kang wis pitung taun linggar saka kraton lan ndherek eyang buyute putri, Mbok Ratu Ageng, salebare 1792. Dheweke dipek dadi anak pupon. Diponegoro mudha digembleng, digedhekake minangka satriya lelana, asring sanja menyang karang pradesan, gotong royong karo wong cilik. Ora kumalungkung. Diponegoro pindhane Dewi Kwan Im sing kuwawa ngrungokake jerite kaum papa. Blegere Diponegoro sing welas asih mau ditepungi jembar ing satebane Jawa Tengah iring kidul. Antarane taun 1816-1822 Diponegoro mlaku sikil saka Delanggu tekan Ungaran saperlu nggoleki anake mbarep sing dadi siswane Kyai Mojo.
Menika ingkang ndadosaken Pangeran Diponegoro dipuntresnani kawula alit?
Diponegoro dudu priyagung sing ujug-ujug mudhun saka ‘menara gadhing.’ Dheweke wis suwe urip nyawiji ana donyaning wong cilik. Dierami dening sasama merga nduweni ‘integritas’ kang dhuwur. Apamaneh Diponegoro dudu klan suksesi kapisan, kapindho, lan katelu saka Jawa, kaya dene Surapati apadene Trunojoyo sing ngobarake prang merga darbe niyat ngrebut ‘wilayah sawijine kraton.’ Diponegoro lumawan Landa merga kepengin mulihake martabate wong Jawa. ‘Mangun manunggaling agami Islam wonten ing tanah Jawa sedaya.’ Dadi, ora mung martabate ajaran Islam wae sing nedya dipulihake Diponegoro ing tanah Jawa, nanging uga tatanan moral. Mbrastha dlemokan-dlemokan rereged awit pakartine sistem kolonial.
Ateges timbulipun Prang Jawa menika sampun dipunramal saderengipun?
Sejatine ana rong ramalan ngenani bakal pecahe Prang Jawa. Salah sijine yaiku ramalan gaib saka Sunan Kalijaga ngenani kahanan ing Parangkusumo. Lan ana ramalan maneh sing satemene wajar-wajar wae minangka sawijine lapuran. Yaiku lapurane Residhen Solo sing ditugasi nitik kahanan tatanan ing masyarakat. Dheweke lapuran marang gubernur jendral: ‘Aku sumelang banget, Tuan Besar, sebab situasine wis ora bisa ditahan. Wong Jawa pancen nrima, nanging yen wates kesabaran kuwi ilang, sedhela maneh njeblug prang gedhe.’ Ramalan-ramalan iku wekasan dadi kasunyatan.
Menapa leres Prang Jawa kaslomot namung dening pakartinipun Welandi mathoki siti kagungan leluhuripun Pangeran Diponegoro?
Satemene Diponegoro wis sawatara suwe nyamaptakake njebluge Prang Sabil. Wancine uga wis ditetepake, yaiku wiwit tanggal 15 Agustus 1825. Diponegoro mawas, ing tanggal kasebut wis sapantese masyarakat nyumurupi Ratu Adil. Nanging kaselak didhisiki dening ekspesidi pangepungan kantor residhen. Asisten residhen ora sanggup nyirep kahanan. Prekara kuwi njalari Prang Jawa njeblug luwih awal. Nanging pancen ora bisa diselaki menawa kasus-kasus rumit sing kedadeyan, melu andhil njalari timbule prang. Sepisan, rancangane Landa njembarake lurung saka Yogya tumuju Sleman ing area Magelang. Proyek dalan iki dhempet karo area pesareyane kulawarga ageng Diponegoro ing sawijine desa. Tanpa nduweni sopan santun, tanpa njaluk palilah, Landa terus wae masang pathok-pathok. Kanthi wicaksana Diponegoro kober njaluk marang pendhereke, Mangunharjo, amrih njabuti pathok-pathok mau tanpa nuwuhake pasulayan. Yen Landa bali masang, ya dijabuti maneh.
Welandi mboten trimah pathok-pathok dipunjabuti?
Suwe-suwe kahanan wimbuh panas, nuli dadi bentrokan antarane pendhereke Diponegoro karo petugas Kepatihan. Lan masalah kuwi dadi salah sijine pradondi. Saka sengketa mau muncul ekspedisi sing dikirim Landa saka Yogya arupa serdhadhu, ditambah prajurit kraton sarta garnisun Indo pengawale sultan, supaya ngepung Diponegoro ing Tegalrejo. Nanging Diponegoro, Mangkubumi lan pendherek cacah telung ewu kasil lolos. Nyidhat dalan tumuju Sentolo, lan saka Sentolo menggok menyang Selarong. Garwa lan putrane Diponegoro wis digawa luwih dhisik menyang Selarong tanggal 18 lan 19 Juli 1825.
Prang Jawa gangsal warsa dangunipun ndadosaken Welandi kerepotan, kapitunan ingkang sinandhang ageng awit betah prabeya mboten sekedhik kangge ngragadi prang. Menapa leres Welandi meh bangkrut jalaran Prang Diponegoro?
Satemene nalika akhir Prang Napoleon, ing Perjanjen Wina 1815, Landa diwenehi area lahan state loro kanggo mulihake ekonomi lan pamore maneh minangka salah sijine negara adidaya ing laladan Eropa. Sepisan, Landa diwenehi Nederland kidul sing biyene dikuwasani Austria. Lan kapindho diwenehi Pulo Jawa minangka salah sijine jangkar kanggo mulihake ekonomine Walanda liwat taneman ekspor, kaya dene kopi lan liya-liyane. Iki siasat sing satemene disalahgunakne Walanda dhewe. Merga ora mung ana Asia Tenggara lan Nusantara wae, nanging uga timbul pembrontakan ing Belgia kasebab dening sikepe Walanda sing ora adil mau.
Kenging Menapa Belgia saged uwal saking cengkeremanipun Welandi?
Tanggal 25 Agustus 1830 penonton teater wayang uwong ing kutha Brussels metu saka gedhong pertunjukan banjur ngancam garnisun Walanda supaya ditarik. Tuntutane Belgia mau entuk panyengkuyunge negara-negara adidaya Eropa, Inggris lan Prancis. Belgia kasil mandhiri minangka sawijine negara sing nduweni kedaulatan, nem sasi sawise brontak. Upama Belgia lan Jawa bisa akur, mbokmenawa Walanda kalah. Nanging kanggo Jawa, ora ana pambiyantu saka negara adidaya Eropa nundhung Walanda. Tumrapku, Landa pancen pantes ditundhung saka Pulo Jawa jalaran pakartine ora manusiawi. Wengis, lan nguras kaskayane wong pribumi kanthi srakah. Kawruhana, ing abad 19, sapratelon saka total kasugihane Negara Landa, asale saka Pulo Jawa. (Ana Candhake)
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo







