Wawancara Peter Carey (2): Keris Naga Siluman Nyimpen Crita Klawu tumrap Diponegoro

Maret 2020 Welandi mangsulaken dhuwung Kyai Naga Siluman kagunganipun Pangeran Diponegoro dhateng Indonesia. Miturut panjenengan pusaka menika asli menapa namung replika?
Peter Carey ana sagareping potret Diponegoro ing kamar (teaching room) kagungange, Trinity College, Oxford, awal taun 1980’an.
(dok. pribadi)

Iku salah sijine keris Nagasasra kang cukup anggun, yasan abad 17, jaman Sultan Agung. Keris kuwi salah siji formasi koleksine Diponegoro. Sejatine ana crita sejarah sing rada klawu gegayutan karo keris kuwi. Nalika semana Diponegoro ketemu karo negosiator militer Walanda, Kolonel Cleerens. Dheweke wong Belgia, lair ing kutha Antwerp taun 1785. Saumuran karo Diponegoro.  Keris kuwi diwenehake marang Cleerens minangka tandha mupakatan antarane priyagung Jawa lan priyagung Belgia. Sebab Cleerens menehi janji lisan, yen Diponegoro gelem diajak negosiasi ing Magelang, keslametane bakal diayomi. Saupama asile rundhingan iku ora maremake Diponegoro, dheweke kena bali kanthi bebas menyang Banyumas. Mula keris kuwi diwenehake Diponegoro marang Cleerens minangka tandha percaya ing antarane satriya loro kang duwe jiwa perwira.

Kapitadosanipun Pangeran Diponegoro wekasan dipunblenjani?

Kita kabeh ngerti Cleerens akhire nyulayani janji. Janji lesan kuwi disalahgunakake. Cleerens layar mulih menyang Negara Landa tanggal 8 Oktober 1830, lan tekan kana Januari 1831. Keris mau banjur dipisungsungake Cleerens marang Raja Belanda, Willem I, liwat Jendral Hendrik Marcus de Kock. Dening Raja Belanda, keris mau banjur dilebokake kamar panyimpenan koleksi, mligi koleksi-koleksi kang duwe pengaji gedhe duweke raja, ing Kabinet Kerajaan untuk Barang Antik (Koninklijk Kabinet van Zeldzaamheden) kutha Den Haag. Dhirekture lembaga kuwi, R.P. van de Kasteele banjur nimbali Raden Saleh Syarif  Bustaman mudha amrih menehi gambaran ngenani wujude keris, sing dikandhakake minangka Naga Siluman mau. Satemene kuwi dudu Naga Siluman, nanging Nagasasra. Raden Saleh menehi deskripsi menawa wilahe keris tinaretes emas sandhuwuring ‘luk tigawelas’ Nanging, keris kuwi yektine dudu keris pribadi pusakane Dipnegoro.

Pangeran Diponegoro anggadhahi dhuwung piyambak ingkang langkung pethingan?

Duwe. Keris pribadine Diponegoro iku asil paleburan saka pusaka telu. Siji, tumbak Kanjeng Kyai Barutaba sing digawa dening Ngusman Ali Basah, panglima resimen pengawal pribadine Diponegoro. Loro, keris Kanjeng Kyai Abijaya,  kang diwarisake sacara pribadi dening Sultan Hamengkubuwono III marang Diponegoro. Katelu, Kanjeng Kyai Sarutama, keris kang ceblok ing gisik segara kidul Kalipuro awangun watu meteor, kira-kira mangsa ketiga taun 1805. Banjur didadekake pusaka arupa cundrik minangka gegaman garwane Dipongeoro, Maduretno. Tetelune pusaka kuwi banjur dilebur dadi keris ageng, arane Kanjeng Kyai Bandayuda. Keris kuwi digawa Diponegoro menyang ngendi-endi, klebu menyang Magelang nalika sapatemon karo de Kock. 

Presiden Jokowi nampa baline keris Kanjeng Kyai Naga Siluman dening Raja Belanda, Willem-Alexander ing Istana Negara, 10 Maret 2020.
(Foto: repro).
Nalika rundhingan ing Magelang warsa 1830, dhuwung Kyai Bandayuda ugi dipunasta Pangeran Diponegoro?

Keris kuwi disengkelit ing sabuk nalika Diponegoro negosiasi karo de Kock ing kursi sofa kantor residhen. Jroning Babad, Diponegoro kandha kurang luwih mengkene: “Piye saupama keris iki dakunus kanggo mrajaya kowe, Jendral? Gampang tumrapku mrajaya panjenengan, wong aku nyengkelit keris? Nanging apa mengkone dirungu becik dening rakyat sarta generasi bacute menawa sawijie satriya saka Yogyakarta ngamuk ora beda begal ing dalan? Luwih becik aku eklas nampa nasib.” Lan kaya kang wis kasumurupan, Diponegoro wekasan dikunjara aneng Beteng Rotterdam, Makassar. Dilebokake kamar ciyut, sumuk lan mrihatinake. Nganti akhire wanci gagat rahina 8 Januari 1855 Diponegoro kapundhut ing yuswa 70 taun. Ngenani keris Kyai Bandayuda, kesanku, Diponegoro ora kepengin marisake marang sapa-sapa. Sadurunge seda, dheweke wis paring tandha-tandha,  “Aku ora kepengin anak, putu lan buyutku  marisi kerisku. Keris iki wis nyawiji karo ragaku, mula kudu dibalekake menyang njero lemah, dikubur saluwang karo jisimku ana areal kang ening ing Kampung Melayu (Makassar), sacedhak kubure anakku nomer loro, Raden Mas Sarkumo, kang dhisiki tinggal donya umur 14 taun.” Diponegoro ora kepengin pametaking layon ditindakake nganggo upacara mligi. “Sampun. Darmaku wis rampung, wis paripurna.” Dheweke sing uga guru tasawuf, ora mungkin kersa pesareyane dadi jujugane pejiyarah. Atas kawigatene pihak-pihak sing care, warandha lan anak-anake Diponegoro diyasakake barak cilik sacedhake pesareyan, sing tembene dadi Jalan Irian No. 83 Makassar. Aku nekani papan kuwi September 1972. 

Menapa kinten-kinten taksih wonten pusaka kagunganipun Pangeran Diponegoro ingkang manggen wonten Welandi?
Gegambaran Pangeran Diponegoro nitih kuda Kyai Gentayu.
(Foto: repro)

Satemene ana barang papat sing wis dibalekake dening Ratu Juliana taggal 7 Oktober 1977 mbarengi kunjungane menyang Indonesia. Siji, lapak jaran titihane Diponegoro nalika meh ketangkep ing Pegunungan Gowong wanci fajar 11 September 1829. Wektu iku ana ‘sergapan’ saka pasukan Minahasa kang dipandhegani Mayor A.V. Michiels. Diponegoro meh wae kasoran. Nanging dheweke kasil mencolot saka gigire kuda lan ceblok ana ngare kang njuleg. Diponegoro singidan ana grumbulan glagah, slamet saka upayane pasukan pelacak linatih kang digelar kanggo ngubres pandhelikane. Saka kedadeyan iku Diponegoro isih keconggah dadi burone Landa telung sasi suwene. Satemene uga ana lis kuda, nanging durung dibalekake dening Ratu Juliana. Kapindho, tumbak Kanjeng Kyai Rondhan sing ajaib, sing bisa misik tekane bebaya saka keblat papat yen Diponegoro pinuju ngadani prang ing palagan. Tumbak iku dirampas Michiels ing Pegunungan Gowong, kang sabanjure uga dipisungsungake marang Willem I. Katelu, teken jiyarah Kanjeng Kyai Cakra. Teken iku ceblok nalika campuh prang rame ing area Mataram taun 1829. Teken kasebut kober dirumat dening Pangeran Notoprojo, salah siji keturunane Sunan Kalijaga.  Nanging banjur dihadhiahake marang Gubernur Jendral Jan Chretien Baud, Juli 1834, minangka tandha memitran antarane Walanda lan Jawa sapurnane prang. Anak turune JC Baud lagi mbalekake teken Kanjeng Kyai Cakra mau tanggal 5 Pebruari 2015. Dipasrahake dening putrine kulawarga Baud marang Anies Baswedan, Menteri Pendidikan dan Kebudayaan wektu iku,  nalika Presiden Jokowi lagi lawatan menyang Filipina. 

Menapa malih ingkang sampun kawangsulaken dening Welandi?

Kapapat,  lukisan Diponegoro kang dirangket nalika lagi negosiasi ing Magelang 1830. Lukisan iki dudu barang sing dirampas Landa, utawa sing ceblok ing medhan prang. Nanging arupa lukisan kebak makna asil sunggingane Raden Saleh kang dihadhiahake marang Raja Willem III sadurunge Raden Saleh bali menyang Indonesia taun 1851. Sebab, Raden Saleh pancen pelukis hebate sang raja mligi tema-tema sejarah. Sawise dibalekake Walanda, lukisan iku samengko mapan ana Istana Merdeka, Jakarta. Satemene akeh pasemon jrone lukisan kuwi. Upamane, Cleerens kalebu sing  dilukis dening Raden Saleh melu teka jrone rundhingan Magelang, senajan sejatine dheweke ora teka. Landa ora ngerti yen Raden Saleh ‘nyusupake’ Cleerens ana lukisane. Tumrap sing paham,  lukisan kuwi bisa nggrogoti kekuwatan batine Kerajaan Belanda saka njero.

Diponegoro ketingal gagah wekdal nitih kuda Kyai Gentayu majeng dhateng pabaratan. Menapa wonten cariyos bab turangga menika?

Kanjeng Kyai Gentayu, utawa Gitayu,  mujudake kuda kinasihe Diponegoro. Ulese ireng kanthi werna putih ing sikil-sikile. Sawijine wektu, aku ngadhep sawenehe petugas Deplu kang asale saka Bagelen wetan. Petugas iku crita marang aku menawa ing desane kana ana saemper kapitayan, sawijine areal makam dikramatake nganti seprene. Makam iku dipercaya minangka kubure Kanjeng Kyai Gentayu. Muara-ne crita mau menyang tradhisi lisan.

Sawatawis wekdal kepengker ing Surabaya wonten pameran saking Museum Diponegoro Magelang arupi replika jubah lan kursi ingkang linenggahan Diponegoro lan de Kock nalika negosiasi 1830. Sinartan foto kursi ingkang sikilanipun krowak mergi tinuweg kukunipun Pangeran Diponegoro ingkang duka jalaran dipunblithuk Welandi. Menapa samangke jubah lan kursi ingkang asli taksih wonten?

Ana isu menawa apa sing dituduhake petugas Museum Magelang  yen ing kono mujudake panggonan negosiasine Diponegoro karo de Kock, ora tinemu nalar. Panggonan kuwi mbokmenawa mung ‘gerdhu’ ing tengah pendhapa. Kita ngerti saka Babad, saka lapurane de Kock dhewe lan saka lapurane Residhen Kedu, menawa sasuwene Magelang dadi markas militer Walanda ing pucuke Prang Jawa, de Kock manggoni suite ing tengah-tengahe kantor karesidhenan lawas. Dheweke nglungguhi sofane residhen. Nalika rundhingan, Diponegoro uga lungguh ing sofa. Ora mungkin Diponegoro lungguh kursi (biasa). Tinemu kutipan saka pers Belanda lan pers Indonesia  taun 1952, kulawarga Pujokusuman ing Yogyakarta nghibahake kursi lan jubahe Diponegoro menyang Magelang sing lagi ngemonah museum cilik. Dadi kursi papat lan meja cilik ing museum kuwi dudu sing dienggo sapejagong Diponegoro karo de Kock. De Kock sing kala semana apangkat Letnan Gubernur Jendral, mokal ngajak sapatemon  pentholan  Prang Jawa mung ana ‘gerdhu’ sing rupak. Nanging yen jubah sing dihibahake kulawarga Pujokusuman,  dakkira kuwi artefak kang asli. Valid. Sebab isih bisa dideleng dlemokan-dlemokan getih ing jubah kuwi. Emane, jubah iku disimpen ana lemari. Kudune dipajang ana box sing aman saka rayap, nanging  bisa ditonton wong akeh. (Ana Candhake)

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *