Mistis Cikasur lan Gagasan Kutha Mandhiri kang Mangkrag

Jeneng Cikasur temtu ora asing mungguhe pendaki gunung. Dununge ora ing Jawa Kulon, nanging mlebu wilayah Situbondo, Jawa Wetan. Petualang sing tau menek Gunung Argopuro saka arah Besuki, mesthi ngliwati ngare sing aran Cikasur iki. Ora sethithik klompok pencinta alam sing ngaso dhisik ana Cikasur sadurunge mbacutake laku munggah menyang sapucaking Wukir Argopuro.
Sawenehe penggedhe leledhang ing Gunung Argopuro 1911,
(Foto-foto repro begandring.com)

Duk jaman kolonial, papan siningid kuwi tau diyasakake lapangan montor mabur militer. Manut ujare kandha, ora sethithik pesawat tempur lan pesawat pengangkut logistik sing ndharat ana perengan sing dhuwure 2.200 mdpl kuwi. Hawane sing adhem tumrecep njalari Cikasur cocog dadi paleremane pilot-pilot montor muluk mau.

Lapangan Cikasur ganti dijegi Jepang sawise Landa kalah perang 1942. Jepang luwih maedahake Cikasur kanggo markir pesawat tempur sing sawayah-wayah diaburake kanggo ngrabasa wewengkone mungsuh. Nganti seprene tabet-tabete lapangan montor mabur kuwi isih ana.

Miturut katrangane warga lokal Cikasur, kanggo nggarap proyek lapangan pesawat militer kasebut Landa ngerigake wong-wong karang pradesan ing lengkeh Argopuro. Racake diperes tenagane tanpa pituwas kang murwat. Istilahe dikon kerja paksa. Akeh sing wekasan tinggal donya merga ora kuwat fisike.

Yen bengi, swasana mistis Cikasur dudu wewadi maneh tumrap pendaki gunung sing kebeneran kemah ana lokasi. Akeh sing mratelakake menawa ngrungu swara pasukan baris sinartan aba-aba basa manca, Swasra prak-prok kumeproke sepatu lars keprungu cetha. Mungguhe pendaki sing lagi sepisanan lerem ana Cikasur, swara baris rampak iku dikira lagi ana tentara gladhen.

Ora akeh sing weruh yen ing sakiwa tengene tilas lapangan terbang mau uga dadi panguburing layon serdhadhu Jepang sing tiwas jrone paprangan lumawan pejuwang Indonesia. Bangkene tentara Nippon kuwi dikubur saluwang kanggo wong akeh lan tanpa tinengeran pathok maesan.

Swasana pucak Gunung Argopuro, 1911

Kejaba swara tanpa rupa tentara baris, mitos liyane sing isih dadi kapitayane warga Cikasur yaiku tumurune Dewi Rengganis saka puncak Argopuro. Rengganis dipercaya minangka putri sulistya ing warna kang mapan ana Puncak Rengganis, salah siji saka telung pucak paling dhuwur ing Gunung Argopuro. Rengganis uga dipercaya minangka wanodya kang sekti mandraguna.

Ing wanci-wanci tinamtu, warga Cikasur ngaku meruhi blegere putri ayu leledhang ana ara-ara Cikasur. Terkadhang ana sing ngaku menawa mudhune sang putri saka sapucaking wukir kanthi nunggang kreta kencana gineret jaran papat.

Senadyan yen diwawas sarana nalar ora ketemu, nanging uripe mitos-mitos kasebut nganti seprene mbokmenawa ana gandhenge karo Gunung Argopuro jaman Hindhu-Budha. Ing mangsa-mangsa pangaribawane Hindhu lan Budha isih kuwat ing Jawa Wetan, pucaking Argopuro klebu papan kanggo semedi. Tlacak-tlacak purbakala tilasing sanggar pamujan mau tau ditemokake dening sawenehe panaliti arkeologi.

Proyek Kota Mandhiri

Panaliti sejarah Agung Pribadi jrone artikele asesirah Kala Itu, Begini Rancangan Kota Mandiri Cikasur Abad 19 kang dipacak ana begandring.com nuturake, adhedhasar cathetane Junghuhn taun 1854, hawa atis dharatan dhuwur pucak Hyang Argopuro ing tapel wates Situbondo-Probolinggo iku dianggep ora beda karo Eropa.

Kawasan Cikasur kang tau digagas minangka kutha mandhiri.
(Foto detik.com)

Kahanan kuwi mbangkitake inspirasine NB Van Der Stock lan JJ Van Gennep, bangsa Landa kang ngagumi Junghuhn, ngrancang mawujude kutha modern Cikasur taun 1895. Kutha mandhiri yakuwi istilah kanggo kutha sing samubarane dicukupi dhewe. Pangentha-enthane Stock lan Gennep kutha mandhiri Cikasur dudu kutha sing rame kaya Amsterdam utawa Batavia, nanging “kutha ijo” kang nduweni wawasan lingkungan.

Van Gannep nalika semana sawijining pengusaha perkebunan sukses ing kutha Jember. Dheweke memitran karo Geoge Bernie, pengusaha legendaris Jember. Wondene NB Van Der Stock mujudake ahli kependudukan Hindia Belanda. Lalorone duwe gagasan, yen kutha mandhiri Cikasur sida mawujud, bakale dipepaki pembangkit listrik, rumah sakit, penginepan, peternakan lan perkebunan.

Ora mung kuwi, Stock lan Gennep uga nggagas trasportasi sepur kang ngliwati kutha mandhiri kuwi saka Stasiun Kraksaan, Probolinggo, menyang Stasiun Rambipuji, Jember. Rehne dietung-etung ragad kanggo mawujudake impen “kutha satelit” kasebut gedhe banget, ora ana dalan liya kejaba nggandheng pamarentah Hindia Belanda lan pihak swasta kanggo ditawani nandur investasi ana kawasan kono.

Sawise setting jalur kreta Kraksaan-Cikasur-Rambipuji rampung dibangun, tahap bacute yaiku nyiptakake sumber enegri listrik. Iline banyu Kali Daluwang diincer kanggo nyiptakake pembangkit listrik mau. Kali Daluwang nganti saiki isih lestari. Biasane para pendaki gunung ngerah taneman selada banyu ing kali iki.

Gegayutan karo rampung dibangune jalur kreta Lumajang-Jember sarta Probolinggo-Kraksaan dening pamarentah, Stock lan Gannep banjur nawakake konsesi mbangun kutha mandhiri Cikasur mau marang Perhimpunan Soerja Soemirat, sawijine lembaga donor kesehatan Hindia Belanda sing lagi milang-miling golek kawasan kang cocog kanggo kesehatane  warga Walanda ing Indonesia. Kebeneran Soerja Soemirat uga nyinaoni cathetan-cathetane Junghuhn.

Jroning proposal sing diajokake Stock lan Gennep marang Soerja Soemirat, disebutake lamun Stasiun Cikasur bakal dadi titik sentral lunga tekane uwong saka dhaerah-dhaerah liya. Manut rancangan, kanggo tumuju Cikasur, saka Kraksaan bakal disambung jalur ril ngliwati Pesanggrahan, Baderan, Watukursi sing sabacute tumekan Alun-alun Radje (Cikasur). Wondene saka Rambipuji, jalur kreta mau ngliwati Kali Tanggul nganti Gunung Krintjing, Gunung Gilap lan Gunung Ampel.

Nanging ora gampang kanggo mawujudake gagasan gedhe mau. Ing prakteke jebul nanggor kerumitan-kerumitan sing rekasa ditembus nganggo teknologi sing ana wektu semana. Kawasan Cikasur kang kinupeng gumuk, punthuk, lan ngare sing njuleg, yasa jalur sepur nglengkara kelakone.

Suprandene lelorone durung pasrah.  Minangka gantine sarana transportasi, Stock lan Gennep ngusulake kreta gantung. Idhe kasebut ngadhaptasi kreta gantung ing Jerman: Wuppertaller Schwebebahn. Nalika kuwi taun 1905, teknologi kreta gantung ing Jerman lagi dioperasekake limang taun.

“Tegese nalika semana wis ana gagasan tingkat tinggi mawujudake teknologi kreta gantung kang dioperasekake ana Cikasur, sawijine kawasan sing nganti saiki isih klebu dhaerah kapencil,” kandhane Agung Pribadi sing uga aktif minangka pendaki gunung.

Stock lan Gannep ora mung saderma nguncalne gagasan. Lelorone uga nliti lokasi kanggo ngedegake tiang pancang pambangunane ril kreta gantung kasebut wiwit saka Kraksaan-Cikasur-Rambipuji. Bareng dietung-entung proyek mercusuar kuwi diprakirakake bakal mbutuhake dhuwit 1 yuta Gulden. Investore uga wis oleh, yaiku Continentale Lebensversicherung Jerman.

Nanging embuh merga apa wekasane proyek gedhe kuwi magkrak. Panggarape infrastruktur kandheg, Nanging sak ora-orane tabet-tabet rancangan kutha mandhiri kuwi isih tinemu nganti saiki. Antara liya arupa Pembangkit Listrik Tenaga Air (PLTA), rimah sakit, lan penginepan.

Sabacute konsesi pambangunan Cikasur didol marang  Ladeboer. Investor anyar kuwi pranyata ora ketarik mbacutake proyek kutha mandhiri sing digagas Stock lan Gennep. Ladeboer luwih seneng mbangun lapangan montor mabur kanggo nyengkuyung pariwisaa lan peternakan ing Cikasur. Petunge Ladeboer, kanthi disidhat nganggo montor mabur, dheweke ora repot-repot mbangun jalur sepur konvensional utawa kreta gantung.

Nanging ing jaman kuwi wisatawan sing lelungan nganggo pesawat komersial isih sethithik banget. Saengga proyek wisata lan peternakane Ladeboer kena ingaran gagal. Ing wektu-wektu candhake lapangan terbang kuwi ganti dipaedahake kanggo pangkalan pesawat tempur. “Upama proyeke Stock lan Gennep mau bisa rampung, kita bisa nyawang kaendahan alam saka sapucaking Gunung Argopuro tanpa kudu mlaku munggah 51 kilometer adohe,” kandhane Agung Pribadi.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 337

3 Comments

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *