Penampihan, Keren-kerene Bangunan Candhi Tuwa?

Candhi Penampihan dumunung ing Dhusun Penampihan, Desa Geger, Kecamatan Sendang, Kabupaten Tulungagung. Wujude candhi iki  mung kari sisa tumpukan watu wae. Anangin sanadyan mangkono, ora kalah asri lan endahe. Mula isih kerep dadi jujugane para wisatawan, utamane para remaja. Iki amarga swasanane kang sejuk lan nyaman mau. 

Candhi iki uga ana sing ngarani Pundhen Berundhak, karana wewangunane kang mawa undhak-undhakan cacah telu. Sadurunge tekan ndhuwur, ana kono bakal nyumurupi prasasti watu (lingo prasasti) kanthi huruf Jawa Kuna, taun Saka 820 utawa 898 Masehi 

Prasasti kasebut minangka salah sawijining tinggalan tinulis kang diwetokake dening Raja Balitung saka Kerajaan Mataram Hindhu. Isine prasasti arupa kaputusan ngenani Desa Sima. Tembung “Sima” asale saka basa Sansekerta “Siman” kang tegese tapel wates, wates sawah lemah desa, lan liya-liyane.

Kanthi tembung liya, prasasti kasebut ngemot paweweh kaputusan dhaerah Sima Perdikan. Lemah perdikan yaiku lemah utawa dhaerah kang nduweni hak ngatur urusan rumah tanggane dhewe sacara mardika. Panetepan Sima ngowahi status lemah utawa desa.

Salah sawijining raja ngetokake anugerah Sima Perdikan tamtu marang dhaerah kang mlebu wewengkon kekuwasaane. Penampihan jaman Raja Balitung mujudake perangan wilayah Kerajaan Mataram Hindhu. Minangka buktine, anane Prasasti Raja Balitung ing candhi Penampihan iki.

Miturut katrangan Handriaman (55) jupel (juru pelihara) candhi Penampihan, satemene prasasti ing candhi Penampihan iku cacahe ana 2. Penampihan I wujude prasasti watu, taun 820 Saka (898 Masehi). Penampihan II wujude prasasti tembaga, taun 1191 Saka (1269 Masehi), sumimpen ing MNJ (Museum Nasional Jakarta). 

Miturut ciri-cirine, candhi Penampihan iki pigunane kanggo papan pamujan. Sakjane ing candhi kene isih akeh recane, ananging akeh sing ilang, amarga kurang pengawasan saka pihak kang kawogan. Kaya reca Syiwa, reca Ganesha, reca Dwarapala,  reca ndhas Garudha, reca Bima, lan reca cilik liyane. Mula supaya aman, reca-reca liyane sing isih ana banjur disimpen ana Museum Wajakensis. Reca-reca kasebut yaiku: reca Kemuncak,  reca Naga, reca Perwujudan, lan Artefak.

Reca Kemuncak yaiku unsure bangunan sing paling dhuwur utawa payon candhi. Wujude menara cilik sing ngubengi puncak (ndhuwur candhi). Sifate dekoratif lan ora nduweni fungsi tartamtu. Gunane mung kanggo unsur bangunan utawa struktur liwat pengolaan artefak sing wis dikenal ing jaman klasik.

Reca Naga, biasane mapan ana ing andha candhi. Cacahe loro, sing lanang ana tengen sing wadon ana kiwa. Reca Perwujudan, nuduhake yen ing dhaerah ksb nalikane ing peradaban jaman apa. Sarehne wujude sawijining putri sing nganggo kemban, lan rambute sing ndhuwur ditalini, negesake iku jaman Majapait.

Artefak cacahe uga loro. Sing siji gambare manungsa, sing siji gambare kewan. Biasane dipasang ing tembok candhi. Relief ksb nggambarake yen manungsa lan kewan wis urip sesandhingan ing dhaerah kono.

Saliyane candhi bersejarah, tanduran teh uga akeh narik kawigatene wisatawan jroning nyambangi lokasi iki. Sebab, tanduran teh duweke perkebunan iki bener-bener subur. Malah ana ing sakiwa-tengene candhi, tandurane padha ngrembuyung. Saupama kebon teh kuwi ditata maneh dening tangan-tangan trampil mula bakal bisa nambahe endahe sesawangan.

Prasasti Sarwwadharmma

Prasasti Sarwwadharmma uga sinebut “Prasasti Penampihan II”. Angka romawi II dipasang ngelingi yen prasasti iki ditemokake dadi siji karo prasasti liya, yaiku prasasti watu (lingo prasasti) kang nduweni tarikh Saka 820 (898 Masehi), kang sabanjure sinebut kanthi jeneng “Situs Penampihan I”. Prasasti Sarwwadharmma kang ditemokake ing Penampihan minangka prasasti kang tinulis ing tembaga (tamra prasasti) jumlahe 7 lempeng. Perangan awal wiwit ing lempeng I sisih mburi (verso) kang padha-padha dumadi 7 baris lan ing lempeng VII sisih ngarep digunakake kanggo nulis prasasti.

Ing lempeng I baris 1 lan 4 disebutake yen Prasasti Sarwwadharmma diwetokake ing taun Saka 1191, dening Kertanegara. Adhedhasar saka unsure penanggalan  Prasasti Sarwwadharmma yaiku tanggal ka-5 wulan purnama (suklapaksa) wulan kartika (Oktober-Nopember) taun Saka 1191. Dene konversi penanggalan Saka menyang Masehi kanggo Prasasti Sarwwadharmma tumiba ing tanggal 31 Oktober 1269.

Ing Samdhanda-ne (alasan diwetokake prasasti) nyebutake bab panetapan wilayah ri kanuyutan tkeng wisaya punpunan Sarwwadharmma minangka dhaerah swatantra kang ana ing sangisore kekuasaan wilayah kerajaan Singhasari yaiku bhumi Janggala-Pangjalu (lempeng II sisih mburi baris 3-5). 

Panetapan iku adhedhasar panyuwune rakyat Sarwwadharmma lan sakwilayahe marang raja liwat perantaraan sang Ramapati (pemimpin para rama) bebarengan Rakryan Apatih Sacchaya lan Sang Dharmmadhyaksa ri Kasaiwan Sang Apanji Tanutama, supaya dhaerahe dipisahake saka wilayah kang statuse thanibala (kekuasaan thani) dadi dhaerah swatantra.

 Ing baris 4 b baris 1 disebutake yen Sarwwadharmma biyene ana ing sangisore kekuasaan thanibala, kang dijabat dening sawijining buyut. Sabanjure uga disebutake yen jaman pemerintahane Wisnuwarddhana wilayah Sarwwadharmma wis ditetepkan dadi dhaerah swatantra wektu Pati-pati njabat dharmmadikarana (lempeng III sisih ngarep baris 5 – lempeng III sisih mburi baris 6). 

Minangka wilayah “swatantra sang hyang” Sarwwadharmma diwenehi hak istimewa kang arupa pembebasan pajeg lemah, retribusi irigasi (pangulu banyu), sarta kebebasan nindakake pamujan. 

Saliyane iku tumrap rakyat diwenehi hak istimewa masang payung kuning (amaguta-pajong kuning), mainake waditra curing (acuringa rahinawngi), nganggo sumping kembang tunjung (asumping tunjung siniwak), lan diolehi mangan panganan kang uga minangka dhaharane raja (rajamansa), kaya mangan wedhus sing durung metu buntute (wdus gunring), penyu/kura (badawan), celeng aduan (karun pulih) sarta asu tugel (anjing kebiri).

Makna Sang Hyang Sarwwadharmma ateges kabeh lembaga/papan keagamaan, saengga nggambarake yen wilayah Sarwwadharmma kang dianugrahi minangka wilayah swatantra ksb minangka wilayah kang nduweni sawetara papan keagamaan (sang hyang dharma). Papan-papan mau arupa kalagyan, paryyangan, dharma, jumput kalayan (lempeng 5 recto baris 7). 

Pitakonan sabanjure yaiku latar belakang keagamaane sing endi sing bisa dinuga padha karo Sang Hyang Sarwwadharmma? Kaya kang disebut ing akeh prasasti dikandhakake yen sing anugrah swatantra iku salah sijine yaiku sawijining pandhita agama Syiwa, yaiku Sang Dharmmadhyaksa ri Kasaiwan Sang Apanji Tanutama.

Katrangan saka prasasti iku durung cukup kanggo mesthekake apa candhi Penampihan ana sambung rapete karo salah sawijining dharma ing wisaya Sang Hyang Sarwwardharmma. Yen adhedhasar jinis dharma kang kamot ing lempeng 5 recto baris 7 cetha ana bangunan suci kang latar belakange agama Syiwa. Saliyane iku, Sang Hyang Sarwwadharmma yaiku sawijining mandala, yaiku lingkungan keagamaan kang ana ing kawasan pegunungan utawa perbukitan, lingkungan cedhak areal pertanian/persawahan sarta adoh saka keramaian. Yen bener mangkono, bisa uga candhi Penampihan kang didegake ing perenging Gunung Wilis iki nduweni latar keagamaan kang cetha, yaiku Hindu Syiwa. Bangunan iki minangka salah sijine jinis bangunan suci kang mlebu ing cakupan wisaya Sang Hyang Sarwwadharmma.

Panulis : Budiono MG
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 314

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *