Yen Romantisme Sejarah Kapentog Undang-Undang 

Kekarepane Pemkot Surabaya nundhung DKS saka kompleks Balai Pemuda ditulak dening seniman kang disengkuyung maneka kalangan. Pemkot nganggep DKS ora pantes difasilitasi maneh sawise Dewan Kebudayaan kabentuk minangka implementasi-ne Undang-Undang Nomer 5 Taun 2017 ngenani Pemajuan Kebudayaan. Wawancara khusus Panjebar Semangat karo Ketua DKS 2019-2024 Chriman Hadi.
Aksi mimbar bebas ing Dewan Kesenian Surabaya, Jumuah bengi, 8 Mei 2026.

Hartoyo (70 taun) ora nglalekake wanci-wanci awaling ‘80 an nalika dheweke kerep saba kompleks Balai Pemuda Surabaya. Minangka pelukis, Hartoyo ngudi srawung luwi jembar karo seniman-seniman saka maneka ‘aliran’ seni sing mangkal ana kono. Kompleks Balai Pemuda dadi pangkalane seniman jalaran salah sijine ruwangan gedhong ‘bersejarah’ kang mapan ana Jalan Pemuda (saiki Jalan Gubernur Suryo) iku digunakake minangka sekretariate Dewan Kesenian Surabaya.

Miturut Hartoyo, nalika kuwi presasat meh kabeh seniman Surabaya tau nongkrong ana kono. Sebageyan nggunakake wanci-wanci keklumpukan mau kanggo mamerake asile proses kreatif. Tumrap seniman lukis kaya dheweke diwenehi jadwal kanggo pameran tunggal utawa pameran bareng. Mengkono uga mungguhe seniman teater lan musik uga diwenehi wektu kanggo mitontonake kaprigelane ulah seni ing platarane kompleks gedhong kasebut. Dhiskusi-dhiskusi cilik ngenani apresiasi seni kerep digelar.

Ya meneri kuwi Hartoyo tepung karo para seniman musik pinunjul Gombloh, Franky Sahilatua, Jane, Leo Kristi lan Naniel kang uga kerep cangkruk ana Balai Pemuda. Pemusik-pemusik aliran pop balada kang jenenge wis tenar iku, kandhane Hartoyo, gelem ngumpuli para seniman ‘klas ngisoran.’ 

“Aku sok weruh Mas Gombloh, Franky, Leo Kristi lan Naniel ngopi karo dhiskusi. Kala-kala uga ngopi karo genjrengan gitar,” ujare Hartoyo marang Panjebar Semangat sangareping Balai Kota Surabaya,  Senen, 11 Mei 2026.

Tabet kesenimanane Gombloh, Franky, Jane, Leo lan Naniel pancen ora uwal saka Surabaya. Gombloh sing jeneng asline Soedjarwoto Soemarsono upamane, omahe ana kampung Genteng. Franky gedhe ing kampung Ambon, Kelurahan Krembangan. Dene Jane utawa Jean Mauren Sahilatua tau manggon ana Jalan Panglima Sudirman.  Sadurunge kondhang, wong-wong iku thukul saka satengahe seniman rakyat. 

Leo Kristi dikenal minangka musisi embongan (jalanan) ora beda karo Naniel Khusnul Yakin. Tembene Naniel kondhang sawise nyiptakake lagu ‘Bento’ lan dinyanyekake dening Swami. Naniel uga kagabung ing grup musik kang digawangi Iwan Fals lan Sawung Jabo kuwi. Ora nggumunake yen seniman-seniman mau tetep peka marang panandhange wong cilik senadyan wis sukses dadi musisi top.

Hartoyo ngandharake kenangane marang DKS tetep tumabet nganti seprene senadyan wis suwe dheweke ora tau saba menyang Balai Pemuda maneh. Hartoyo ngrasa eman yen DKS digusur dening Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya. Mula nalika krungu kabar yen seniman DKS nggelar unjuk rasa ing kantore Wali Kota Eri Cahyadi Senen awan kuwi, 11 Mei, dheweke merlokake teka.

Unjuk rasa mau pancen magepokan karo disegel-e sekretariat DKS dening Satuan Polisi Pamong Praja, Senen, 4 Mei. Wali kota  sumedya ngosongake peksan ruwangan mau merga mawas kepengurusan DKS periodhe 2019-2024 kang dipimpin Chrisman Hadi wis demisioner saengga ora nduweni hak manggoni sekretariat. Apamaneh saploke Chrisman kepilih minangka Ketua DKS jrone musyawarah seniman 2019, nganti saenteke wanci kepengurusan ora diwenehi SK dening wali kota. Satemah nganti masa baktine pundhat, kepengurusane Chrisman ora dilantik. Pemkot kepara mitakonake program kerjane DKS merga ora tau katon ana kegiyatane.

Pelaksana Tugas Kepala Dinas Kebudayaan Pemuda, Olahraga dan Pariwisata (Kadisbudporapar) Pemkot Surabaya Herry Purwadi ngandharake pengosoangan sekretariat DKS  mujudake konsekuensi saka pangleksanane (implementasi) Undang-Undang Nomer 5 Taun 2017 ngenani Pemajuan Kebudayaan. Miturut undang-undang kasebut, struktur DKS ing kabeh kabupaten/kota diowahi dadi Dewan Kebudayaan. 

Lan Pebruari 2026 Disbudporapar wis ngadani Musyawarah Kebudayaan Surabaya. Musyawarah mau nguwohake asil kabentuke Dewan Kebudayaan Surabaya (DKbS) kanthi ketua Heti Palestina Yunani lan sekretaris Probo Darono Yakti. DKS bakal dilebur menyang organisasi anyar iki. Chrisman Hadi kabare uga diundang menyang musyawarah iku nanging ora teka.

Kanthi owah-owahan struktur kelembagaan mau sokongane pemkot, becik kang arupa fasilitas apadene redana, dipindhah saka DKS menyang DKbS. “DKS wis diupgrade dadi DKbS, saengga ruwangan DKS wis dudu sesanggane pemkot,” kandhane Herry.

Herry nuturake, jumbuh karo wecane UU No. 5 Taun 2017, Pemkot Surabaya lagi ngleksanani konsep pemajuan kebudayaan kang luwih omber. Konsep kasebut nyakup 10 obyek kabudayan sing dibutuhake masyarakat, ora saderma kegiyatan seni pertunjukkan apadene komunitas kesenian wae.

Herry nambahake, Pemkot Surabaya ora duwe karep ngilangake Dewan Kesenian. Organisasi mau tetep diwenehi kamardikan ngleksanani program-programe. Nanging bab ragad, pemkot ora duwe kuwajiban menehi maneh. Lan yen DKS isih pengin kekiprah, Herry uga nyumanggakake. “Sumangga program-programe DKS dileksanani kanthi independen, sauger ora nggunakake fasilitase pemkot,” kandhane Herry.

Nanging upayane pemkot nundhung DKS saka kompleks Balai Pemuda ditulak ora mung dening klompok seniman wae, nanging uga dening Serikat Buruh, Gerakan Mahasiswa Nasional Indonesia (GMNI) Surabaya, aktivis Promeg96, sarta seniman saka Malang, Mojokerto lan Sidoarjo. Kemis bengi, 7 Mei 2026, dianakake rapat ana sekretariat DKS. Sekretariat sing telung dina sadurunge wis disegel dening Satpol PP iku dibukak peksan dening Chrisman Hadi. Kertas segel disuwek-suwek.

Jrone rapat kasebut kabeh mupakat nggelar unjuk rasa menyang Balai Kota Surabaya, Senen, 11 Mei. Karo ngenteni tumapake tanggal 11 Mei, tanggal 9 lan 10 Mei bengi dianakake mimbar bebas ing Balai Pemuda. Miturut Chrisman dheweke tetep bakal ngukuhi sekretariat kasebut. Apamaneh taun 2022 dheweke wis tau nggugat pemkot menyang Pengadilan Tata Usaha Negara Surabaya lan dinyatakake menang.

“Yen Wali Kota arep nggunakake panguwasane kanggo nggusur peksan DKS ya mangga-mangga wae, nanging masyarakat bakal weruh yen pemkot seweneng-wenang,” kandhane Chrisman marang Panjebar Semangat.

Unjuk rasa seniman DKS karo maneka elemen menyang Balai Kota Surabaya, Senen 11 Mei 2026.
(Foto-foto KSW)

Ing dina kenthinging gawe unjuk rasa Senen awan, 11 Mei, udakara massa cacah 150 dhedhampyakan tumuju Balai Kota. Upayane Chrisman ngajak dhialog Wali Kota Eri Cahyadi wurung kaleksanan jalaran pihak pemkot njaluk perwakilan seniman DKS 10 sing maju. Chrisman nulak merga kang melu unjuk rasa ora mung kalangan seniman, nanging uga mahasiswa, akademisi, LSM, buruh lan pedagang pasar kurban penggusurane pemkot. “Sing mbiyantu  DKS iki akeh. Yen pancen niyat ngajak dhialog kabeh kudu diajak. Yen mung karo seniman thok, mendhing ora usah,” kandhane Chrisman karo ninggalake regol Balai Kota papane negosiasi karo pulisi.

Chrisman Hadi: Awake Dhewe Ditundhung kaya Bakul Pasar Dadakan

Chrisman Hadi mujudake paraga ing samburine aksi panulakan panggusuran sekretariat DKS ing gedhong inti Balai Pemuda. Seniman sing uga pengacara iki suthik ngeculake sekretariat sadurunge ana kejelasan nasibe organisasi. Dheweke ngaku ora ngeboti DKS, nanging mrayogakake amrih pemkot nenimbang faktor sejarahe DKS kang didegake Wali Kota Soekotjo 1 Oktober 1971. Madege DKS nalika kuwi minangka upaya mbengkas pangaribawane Lembaga Kebudayaan Rakyat (Lekra) kang cedhak karo Partai Komunis Indonesia.

“Aku ora nggondheli DKS, nanging pemkot aja sewenang-wenang,” kandhane Chrisman marang Panjebar Semangat, Kemis bengi, 7 Mei 2026. Ing ngisor iki pethikan wawancarane:

Chrisman Hadi (ngadeg ing tengah nganggo kopyah ireng) karo para seniman lan simpatisan DKS, 7 Mei 2026.
(Foto KSW)
Panjenengan tetep ngukuhi sekretariat DKS ing Balai Pemuda?

Ya tetep-lah. Yen pemkot arep nggunakake kekuasaane kanggo nggusur, arep sewenang-wenang, iku urusane pemkot. Nanging wong Surabaya bakal weruh yen apa sing kedadeyan iki sejatine sing jahat sapa. DKS mung duwe moralitas lan perspektif hukum kanggo nglawan.  DKS iki kabentuk kawit 1 Oktober 1971, lho. Wis 55 taun. Wali Kota sing saiki iki umure durung ana 50 taun. Mbokmenawa pemkot kaget masalah (pengosongan sekretariat)  iki  nylomot sentimen saka maneka kalangan. Wiwit serikat buruh, mahasiswa, aktivis, LSM, padha nyengkuyung DKS. Yen pemkot ora wicaksana, ora wise, ora menehi solusi sing konstruktif, isu iki bakal sangsaya ngambrawara.

Geneya kertas segel ruwangan panjenengan suwek-suwek?

Awake dhewe iki diusir Satpol PP sakepenake wae, direken kaya bakul pasar dadakan. Kaya-kaya pemkot lali sapa DKS kuwi.  Anane aku wani nyuwek surat segel iku merga ora ana berita acarane, ora ana surat perintah pengosongan. Gak jelas rinciane sing arep diangkut iku barang inventaris apa wae. Nalika pimpinan Satpol PP ditakoni endi surat perintahe, endi berita acarane, malah ngalih.  

Kadisbudporapar Surabaya kandha kepengurusan DKS 2019-2024 ora nganthongi SK Wali Kota?

Aes…iku urusane dhekke.Yen arep ngomongne soal iku kudu dhebat ing pengadilan. Tambah dawa iku mengko urusane, merga yen arep mbahas masalah kuwi kudu ngetokne surat, ngetokne dhokumen, adu bukti. Nyatane gugatanku ing PTUN 2022 dimenangne kok. Dadi omongane Kadisporapar iku urusan liya.

Masa bakti kepengurusan panjenengan wis dianggep demisioner….

Aku iki kepilih dadi Ketua DKS 30 Desember 2019. Sadurunge ana pemilihan ketua DKS sing anyar, sacara moral aku isih duwe tanggung jawab marang organisasi iki. Tanggal 29 Maret 2025 aku kirim surat marang Disbudporapar. Maksudku arep dakajak lungguh bareng ngrembug masalah pemilihan ketua anyar. Nanging permohonan audiensi-ku ditulak. ‘Mohon maaf permohonan anda tidak bisa diterima.’ Lho, lak gak enak iku. Mula sadurunge ana kepengurusan anyar, aku bakal tetep manggon ana kene (Balai Pemuda).

Pemkot kepengine sawise Dewan Kebudayaan kabentuk, DKS dilebur dadi siji menyang lembaga anyar kuwi…

Dilebur piye yen wiwit awal kita ora diajak omong. Upama surat permohonan audiensi-ku marang pemkot taun kepungkur ora ditulak, mbokmenawa ora bakal ana masalah sing kaya ngene. Wong maksudku DKS iki arep dakpasrahake kok. Wis, nggaweya musyawarah kota, mangga difasilitasi, nanging aja campur tangan. Togna wae para seniman milih dhewe sapa ketuane. Iku wae karepku. Upama jrone musyawarah mau kabeh mupakat ngowahi jeneng Dewan Kesenian dadi Dewan Kebudayaan, ya mangga mawon. Kan ngono. Prosese bakal smooth.

Ana anggepan sasuwene DKS panjenengan pimpin ora ana kegiyatan kesenian kang signifikan…

Ora signifikan apane, wong Galeri Merah Putih (ruang pameran lukisan) jadwale padhet. Gara-gara ana penggusuran dening Satpol PP tanggal 4 Mei kepungkur sing wis duwe jadwal pameran bacute malih padha wedi. Meh saben sore gamelan ing sekretariat iki ditabuh. Bocah-bocah cilik gladhen ludrug, malah ana sing juwara tingkat nasional. Mulai teater, musik, kegiyatan dhiskusi sastra, mlaku rutin. Lan kuwi serepis wae ora diragadi pemkot lho, awake dhewe swadaya, bantingan (urunan). Mangka satemene DKS iku lembaga sing sacara sah diprentah undang-undang supaya difasilitasi pemkot, becik penganggaran, sekretariat, lan ragad kanggo kegiyatan. Wong awake dhewe iki mlaku dhewe kok isih arep digusur. Lak kebacut iku arane.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 360

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *