Dhosen Seni Rupa Murni Unesa Chrysanti Anggie nggelar pameran tunggal karya seni kriya logam mahargya tumapake umur 60 taun. Konsisten ing jalur kriya logam sarta sregep nindakake eksperimen kanggo ngembangake seni ukir kuningan lan tembaga.

Ora akeh seniman sing konsisten nekuni karya seni kanthi material logam padhet. Merga nganti seprene panciptane karya seni isih didhominasi lukisan kanvas nggunakake material akrilik lan cat minyak. Salah siji saka sethithik seniman kang konsisten ing jalur kriya logam yakuwi Chrysanti Anggie. Dheweke kanyatan saka rong minoritas: seni kriya logam lan pawestri seniman.
Sok ngonowa Chrysanti ora cilik ati. Mahargya konsistensine berkarya ing jagad seni kriya logam, Ketua Program Studi Seni Rupa Murni Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Surabaya (Unesa) mau nggelar pameran tunggal asesirah ‘Suwidak Jaran.’ Pameran ing Rumah Budaya Malik Ibrahim, Pucanganom, Sidoarjo iku dileksanani 21-28 April 2026.
‘Suwidak’ ngemu teges 60 taun umure Chrysanti ing 2026, dene ‘Jaran’ gegayutan karo shio sing diduweni. Kebeneran taun 2026 iki meneri tiba siklus Taun Kuda Api (Fire House) adhedhasar astrologi Tionghoa. Pameran mau imbuh nemokake momentum jalaran dibukak 21 April, tanggal kelairane pahlawan nasional Raden Ajeng Kartini.
“Mumpung isih urip lan nduweni arsip karya, aku kepengin ngopeni, njaga lan ngenalake seni kriya logam iki marang generasi mudha. Iki lho seni rupa kang bener-bener asli warisan tradhisi leluhur Indonesia,” tuture Chrysanti nalika ditemoni Panjebar Semangat ing lokasi pameran, Setu, 23 April 2026.
Ana 60 karya seni logam sing dipamerake Chrysanti. Ora kabeh yasan anyar. Sebageyan ing antarane arupa ‘arsip lawas’ kang digawe nalika dheweke isih mahasiswa S-1 lan S-2 ISI Yogyakarta. Dipajang ing limang ruwangan Rumah Budaya Malik Ibrahim, karya-karya seni kanthi bahan baku pelat kuningan/tembaga iku katon ngremit. Ana rong golongan karya logam kang digawe Chrysanti. Kejaba yasa karya kang mligi fine art (diciptakake lelandhesan estetika, kaendahan lan ekspresi emosionale seniman), Chrysanti uga gawe karya kang bisa digunakake (fungsional), upamane prabotan wadhah mangan lan ngombe, tatakan lampu hias, sarta jam tembok.

Saliyane karya-karya sing pancen mligi digawe saka pelat logam, Chrysanti uga nyiptakake karya eksperimen kombinasi antarane logam karo material liyane, utamane kain. Eksperimen karya iki, ujare Chrysanti, ora disinau ana bangku kuliyah, nanging mligi pengembangan saka gagasan kang muncul ing dhirine seniman kuwi dhewe.
Miturut Chrysanti, panggawene karya kanthi bahan baku pelat kuningan/tembaga kudu ditindakake ana studhio kampus Unesa. Sebab yen dilakoni ana omah, bakal diprotes tangga teparo merga swara panuthuke logam mbribeni wong liya. Maklum, kanggo mbentuk blebekan logam mau dadi karya seni carane nganggo dithuthuki palu, ditatah, dikethoki lan sapanunggalane.
“Yen karya sing sipate kombinasi logam lan kain, bisa daksulam sinambi nonton televisi merga aku nggunakake teknik tekan. Logam sing dakjupuk saka umplung omben-omben, bisa dakbentuk sarana dakplenedi,” kandhane pawestri kelairan Malang, Jawa Wetan iki.
Chrysanti kandha sengaja nggunakake teknik warisane leluhur jrone nyipta karya seni logam. Sejene kepengin ngukuhi tradhisi, teknik-teknik kasebut sing disinau ana bangku kuliyah. Sakehing macem teknik panggawene karya seni logam, Chrysanti wis mumpuni. Yaiku teknik ukir endhak-endhakan, teknik ukir krawangan, teknik kentheng, teknik gergaji, teknik granulasi, teknik drag, teknik ukir wudulan, teknik tekan, teknik ondel, lan teknik cor.

Ngukir karya logam ing plat utawa lembaran logam, kandhane Chrysanti, ora kena angger. Nanging wajib nggunakake landhesan kang disebut jabung. Gunane jabung sing lemes tur kiyal mau kanggo nahan plat logam amrih bisa dibentuk salaras karo pepinginane seniman. Tanpa jabung, plat mau bakal mlethot-mlethot yen dibentuk nganggo piranti tatah ukir logam, palu kondhe, lan dhasaran jabung.
Beda karo seni lukis kang langsung bisa numplak gagasan sandhuwuring kanvas, seni kriya logam butuh proses dawa jrone miwiti nganti mungkasi. Kanggo tetukon bahan bakune wae, kandhane Chrysanti, kudu pesen menyang industri ing Yogyakarta merga regane luwih murah. Sawise material cumawis, lagi miwiti tumandang gawe motif laras karo idhe kang muncul ing pikiran.
Sarehne proses panggawene suwe, Chrysanti ngakoni jrone wektu setaun mung bisa ngasilake karya seni cacah loro. Luwih-luwih sawise njabat ketua program studi kesibukane ing kampus sangsaya padhet. Suprandene dheweke muji syukur dene ing umur 60 taun iki kelakon mawujudake idham-idhamane nggelar pameran tunggal.
‘Suwidak Jaran’ dhewe arupa gambarane uwit kanthi kewan jaran cacah suwidak minangka godhong-godhonge. Miturut Chrysanti ‘Suwidak Jaran’ jrone pigura kaca iku ngandhut falsafah uwit panguripan (pohon hayat) kang pang-pange awangun vertkal lan horisontal. Vertikal utawa garis jejeg mujudake sanepa sesambungan antarane manungsa karo Gusti-ne, dene horisontal prelambang hubungane manungsa karo manungsa sarta alam lingkungan.

Sutresna seni rupa sing uga dhosen Unesa Djuli Djatiprambudi nuturake, kriya, becik kriya logam, kriya kayu lan kriya watu, tataran senine paling dhuwur ing Nuswantara dibandhingake karya seni liyane. Merga ing walike karya seni logam kinandhut idhentitas budaya Indonesia. Kriya logam, kandhane Djuli Djati, uga ora ngemungake bab kaendahan merga ing sanjerone bentuke karya kang artistik, asil karya kasebut uga bisa digunakake minangka piranti panguripane manungsa.
“Sejarah dawa Nuswantara menehi kanyatan menawa kejaba duwe nilai seni kang dhuwur, kriya logam uga nduweni kagunan (utilitas) ing panguripan sedina-dina,” tuture Djuli.
Djuli darbe panemu, pameran tunggal ‘Suwidak Jaran’ Chrysanti Angge pancen mengku karep kanggo nggugah kesadharane masyarakat magepokan karo spirit kriya khas Nuswantara ing satengahe gempuran seni rupa kontemporer. Lan mungguhe Djuli Djati, Chrysanti sethithik saka seniman kriya logam kang linairake saka donyane akademik. Mula karya-karyane Chrysanti, senadyan proses panggawene tetep kanthi ngugemi teknik tradhisional warisan leluhur, nanging kekuwatane desain bentuk, ornamen, keselarasan cita rasa tradhisional karo kontemporer, keconggah nyihir anggepan ngenani apa sing diarani seni kriya logam.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo



