Teh ijo minangka salah siji inuman populer ing maneka wewengkon donya. Utamane ing Asia, ing Jepang lan Cina, teh ijo ora mung dadi inuman kang nyegerake awak, nanging uga wis inuman jejangkepe padinan kang wis dadi tradhisi turun-tumurun wiwit jaman leluhure.
Teh ijo diasilake saka tanduran Camellia sinensis kang pangolahane ora ngliwati proses fermentasi. Saengga kandhutan alami sajrone teh ijo isih murni jinaga. Mula teh ijo kerep didadekake inuman herbal merga nduweni akeh kasiyat kang migunani mungguhe kasarasaning badan. Banjur apa ta kandhutan ing teh ijo?

Kandhutane Teh Ijo
Kandhutan kang pinunjul sajrone teh ijo yaiku epigallocatechin gallate (EGCG), kang manjila minangka antioksidan kang njurung daya kadigayane awak. Saliyane kuwi, teh ijo uga ngandhut kafein, senajan ta cacahe ora sepiraa akeh dibandhingake kelawan kopi lan asam amino L-theanine kang bisa kanggo ngenthengake awak lan pikiran.
Kandhutan vitamin lan mineral, kaya dene vitamin C, vitamin B, mangan, lan kalium kang nduweni kagunane dhewe-dhewe ing kasarasan awak. Kejaba kuwi, teh ijo uga ngandhut flourida kang bisa kanggo njaga kahanane untu saka sakehing bakteri tutuk.
Kasiyate Teh Ijo
Saliyane apik tumrape kasarasane jantung, teh ijo uga becik mungguhe kasarasan panggraita, yaiku nglandhepake daya pangeling.Teh ijo migunani kanggo nglandhepake daya pangeling lan kaprigelan anggone sinau, sebab nduweni kandhutan senyawa kimia kang saguh njurung tambahe sel-sel utek.
Piguna liyane kang bisa diundhuh saka teh ijo yaiku bisa kanggo ngudhunake risiko lelara jantung. Teh ijo bisa ngewangi kadhar kolestrol LDL utawa kolestrol ala lan ngundhakake kasarasane pembuluh darah. Iki kang njurung panyudane risiko lelara jantung.
Dene kafein lan EGCG sajrone teh ijo bisa kanggo ngundhakake metabolisme awak lan njurung pangleburlemak. Saengga teh ijo uga kerep didadekake menu umum kanggo sok sapa wae kang nindakake program diet.
Lan sapa kang nyana yen teh ijo kuwi jebule uga becik kanggo kasarasane kulit? Iki mono krana kandhutan antioksidan ing teh ijo kang bisa nindakake regenerasi (mulihake sel-sel rusak) kang disebabake dening sunar UV. Kejaba kuwi, teh ijo uga bisa kanggo nyepetake garinge tatu ing kulit.
Panganggone Teh Ijo
Teh ijo bisa diinum kanthi mirasa lumantar maneka cara. Ya umume pancen didadekake wedang anget-angetan. Ewasemono teh ijo uga bisa didadekake inuman panyeger gorokan nalika kahanane panas ngenther-enther.
Dene yen kepengin ngolehake piguna jangkepe teh ijo kang disuguhake arupa wedang, para maos kudu nyuguhake kanthi tatacara kang trep. Yaiku lumantar nggodhog teh ijo kanthi suhu watara 70—80 derajat, utawa godhogan umob kang suwene 2—3 menit. Pamrihe supaya kandhutan nutrisi–ne ora ilang.
Sajrone donyaning paes, ekstrak-e teh ijo uga kerep didadekake minangka prodhuk perawatan kulit arupa masker pasuryan. Tamtu gunane kanggo njaga kulit supaya tetep lembap lan ngundhakake sumunare pasuryan. (Ahmad Rizky Wahyudi)







