Manuk kang Ngingu Ula kanggo Njaga Anake

Umume, pawongan ngingu kewan, embuh kuwi kucing, manuk, utawa asu, kanggo njaga omahe. Nyatane, kewan uga ana kang mangkono. Ateges ngingu kewan liyane kanggo njaga papan dununge. Kewan apa kuwi? Kewan kasebut mujudake manuk, bangsane kokok beluk.

Kokok beluk klebu jinise kewan kang mangan kewan liyane/omnivora. Kewan kang dipangan manuk iki lumrahe tikus, kodhok, ula, iwak, lan bangsane kewan cilik liyane.

Arang kang bisa slamet saka pamburune kokok beluk. Sebab sawise kecekel, burone mesthi disruwek (dicabik-cabik) kanthi kahanan kang nggegirisi, tur bisa wae nganti mati, sadurunge digawa menyang susuhe lan dipangan.

Slaras kaya andharan ing ndhuwur dhewe, ana sawijine kokok beluk kang mburu ula kanggo diumbarake urip lan njaga susuhe. Kokok beluk kuwi jinise Eastern Screech. Manuk kang sabane ing wayah wengi iki uripe mung ana ing benua Amerika Elor.

Ukurane kokok beluk iki nyempluk cilik, kira-kira meh separone kokok beluk lumrahe, rata-rata rong gegemane tangane wong. Kanthi werna elar oren awor putih. Dene uripe ing alas tropis, wit-witan singup, lan papan dunung kang  hawane adhem.

Ula Apa kang Diingu?

Ora liya yakuwi ula Texas Blind Snake. Diarani blind (wuta) dudu merga ra bisa nyawang. Ula iki tetep bisa nggunakake matane, ning winates banget. Lumakune wae mung ngandelake daya pangambu lan daya pangrasa. Ula iki ukurane cendhek, udakara 30 cm. Wujude ula Texas Blind Snake memper kaya cacing.

Dene panganane ula iki arupa kewan-kewan cilik kaya dene singgat utawa bangsane set, sato rambatan (serangga) kang sesliweran ing susuhe kokok beluk Eastern Screech.

Kanthi anane ula Texas Blind Snake, pamrihe anak-anake kokok beluk Eastern Screech bisa aman saka gangguwane maneka ama lan susuh bisa dadi resik. Saliyane kuwi, ula iki ora mbebayani tumrape anak-anake kokok beluk kang ditumpangi.

Anane sesambungan ing antarane kokok beluk Eastern Screech lan ula Texas Blind Snake sepisanan ditemokake dening Smith lan Gilbert, panliti saka Baylor University, Amerika, ing taun 1981. Nalika kuwi, kekarone lagi nglakoni panliten ngenani tumangkare anake kokok beluk Eastern Screech.

Smith lan Gilbert uga nemokake watara telung ula ing susuhe manuk kuwi. Sawise pirang-pirang ulan, pangrembakane anak-anake kokok beluk kuwi katon cepet lan kahanane bregas waras. Ulane uga isih tetep ana ing susuhe kuwi. Kanthi mangkono, kabukti yen rong jinis kewan kasebut bisa urip reruntungan sasuwene kuwi.

Ing ilmu sesurupan alam/IPA, sesambungan ing antarane ula Texas Blind Snake lan kokok beluk Eastern Screech klebu simbiosis mutualisme. Sesambungan kang nguntungake kekarone kang nindakake sesambungan kasebut. Ula bisa tansah wareg wetenge, lan anake kokok-beluk bisa rumangsa aman.

Ewasemono, sawayah-wayah kokok-beluk Eastern Screech sarta anak-anake bisa wae mangan ula kasebut. Yakuwi nalikane sumber pangan utamane ora ana. Ateges, ula kasebut diadekake sumber pangan cadhangan. Awit mangkono sesambungane ing antarane kekarone kewan kasebut bisa owah dadi parasitisme utawa sijine migunani, sijine mitunani. (Ahmad Rizky Wahyudi)

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 23

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *