Keri-keri iki, ana swasana mirunggan kang dumadi ing sagunggunge kampus Indonesia. Ruang-ruang pirembugan sing maune sepi dumadakan selot regeng. Para mahasiswa padha lungguhan nggrombol ing lurunge fakultas, ruang sekretariat organisasi, aula kampus, lan ana uga sing ing tlundhagane gedhung sinambi nonton lan rembugan. Swasana sing kaya ngene iki dijalari dening tayange sawijining filem dokumenter kanthi durasi 95 menit sing judhule Pesta Babi: Kolonialisme di Zaman Kita.

Kahanan iki rinasa narik kawigaten kanggo dirembug jalaran muncul ing satengahe sumebare anggepan yen mahasiswa generasi Z (klairan 1997—2012) wis saya cegeh mawas marang kahanan politik lan isu sosial kang dumadi ing bebrayan.
Watara pirang-pirangane taun kepungkur iki, generasi nom sok dicap wis padha luwih fokus marang media sosial-e dhewe-dhewe, lelipur digital, lan panguripan pribadi. Dene pawiyatan luhur ya dianggep kelangan adat pirembugan kritis sing mbiyene caket banget karo panguripanemahasiswa.
Ewasemono, filem garapane Dandhy Dwi Laksono lan Cypri Paju Dale kuwi kepara nuduhake samubarang sing beda kalawan padatan. Tayange filem kuwi dadi pamecuting rasa penasaran-e para mahasiswa. Banjur, para mahasiswa jebul isih padha duwe rasa kepengin ngerti marang apa sing satemene dumadi ing bangsane dhewe. Wose ya kuwi, bakune, kudu ana sarana kang bisa dadi pamecuting mahasiswa amrih gelem mawas kahanan kang dumadi ing sakiwa-tengene.
Filem Pesta Babi: Kolonialisme di Zaman Kita ngangkat panguripane masarakat Papua Kidul, utamane suku Malind, Yei, Awyu, lan Muyu. Wewengkone suku-suku kuwi kaincim dening proyek pakebonan kanthi gedhen-gedhenan, wiwit saka urusan klapa sawit, gula, tebu bioetanol, lan kawasan pangan industri kang klebu sajrone proyek strategis nasional.
Lumantar pasugatan gambar lan pacaturan kang prasaja, panonton padha dijak mawas lamun alas kuwi sejatine dudu mung saderma kumpulane wit-witan wae. Mungguhe masarakat sing caket karo alas wiwit atusan taun kepungkur kaya dene suku-suku ing Papua Kidul, alas kinarya papan panguripan, sumber pangan, papan manembah, lan bageyan saka tetenger budayane. Nalika alas wis resik dibabadi, sing ilang dudu mung alame. Carane nindakake urip kang wis diwarisake kanthi turun-tumurun sarta memori kolektif-e ya katut sirna.
Wondene judhul Pesta Babi dijupuk saka upacara masarakat Muyu karan awon atatbon. Upacara kuwi minangka simbol manunggaling warga lan wujud pangajine manungsa marang alam. Filem kuwi ngandharake lamun nalikane alas wis resik dibabadi, upacara pesta babi katut ilang. Bebarengan karo kuwi, sabageyan tetengere masarakat wewengkon kuwi ya melu cures.
Sing njalari filem iki narik kawigaten yaiku cara distribusi-ne. Filem Pesta Babi: Kolonialisme di Zaman Kita pancen ora tayang ing bioskop utawa platform streaming. Filem kuwi mung diputer ing acara nonton bareng (nobar) ing papan-papan tartamtu. Ana sing nganakake sarat kanggo bisa melu nobar mangkene: ngdhaftarake saorane sepuluh wong, banjur sing didhaftarake kuwi padha ngunggah poster acara nobar kuwi ing media sosial.

Nyatane, cara kuwi kepara njalari tuwuhe pola gerakan sing kuwat. Wusanane, ora mung padha dadi panonton sing pasif, para mahasiswa malah padha sengkud nggrengsengi acara kuwi kanthi ngramekake acara, ngajak kanca-kancane kanggo rembugan, lan mangun ruang pacaturan ing lingkungane kampuse dhewe-dhewe.
Tamtu, swasana iki bisa kanggo mbantah anggepan lamun generasi Z saiki wis ora perduli maneh marang politik. Sing satemene dumadi, saiki, para mahasiswa luwih dhemen marang lelakon kang rinasa nyata lan caket kanthi emosional.
Pancen nom-noman saiki tuwuhe ngepasi jaman visual lan digital. Awit mangkono, pendekatan sing arupa filem dokumenter kanthi narasi personal rinasa luwih temanja lan nuwuhake daya evokatif (bisa nggugah rasa-pangrasa) tinimbang pidhato formal utawa rembugan dawa sing mung kebak abang-abang lambe senajan binungkus tembung teoretis lan akademis.
Slaras karo asil panlitene Seno sakanca kang kapacak ing jurnal JPIM taun 2025, mahasiswa jaman saiki ora seneng marang pola komunikasi kang rinasa ngguroni. Nom-noman saiki luwih mudhak kagugah rasa-pangrasane nalika bisa nyawang langsung kasunyatan lan pengalaman kang dumadi kanthi langsung, banjur bisa didadekake sarana kanggo ngipuk-ipuk pamangune panemune pribadi. Menawa nyilih tetembungane Walter Fisher ing bukune sing judhule Human Communication as Narration (1987), manungsa kuwi minangka titah sing dhemen crita lan mawas kasunyatan kang ana. Tamtu, ing konteks iki, filem dokumenter kinarya sarana kang efektif banget tinimbang data lan slogan politik sing kaku.
Nanging emane, gedhene kawigaten marang filem kuwi utamane mungguh generasi Z malah dirusak dening sakehe upaya pambuyaran acara nobar. Miturut lapurane Yayasan Lembaga Bantuan Hukum Indonesia, saorane ana 21 kasus intimidasi marang pamutere filem iki ing sadawane wulan Mei 2026. Wujude maneka warna, ana sing diawasi aparat, ana sing panitiyane didheseg, nganti dibubarake langsung ing papan nobar.

Ing Universitas Mataram, nalika malem Jemuwah, 7 Mei 2026, acara nobar mahasiswa dibuyarake atas instruksi pehak kampus. Semono uga ing Universitas Khairun rikala malem Rebo, 12 Mei 2026, para aparat lan pehak keamanan kampus wis klakon padha nekani papan pamutere filem iki ing Gedhung UKM, sadurunge wusanane acarane kapeksan diendhegake. Kahanan kang saempere kuwi uga dumadi ing maneka wewengkon liyane kanthi alasan njaga kondusivitas kampus.
Lamun nukil katrangane Antonio Gramsci sajrone bukune Selections from the Prison Notebooks (1971) ing bab “State and Civil Society”, ruang intelektualitas lan lembaga pendhidhikan kinarya sasana wigati sajrone pamangune rasa pangrasa lan daya gumregah masarakat. Awit mangkono, sejatine bisa digarisake lamun pamatese ruang rembugan ing kampus agawe fungsi kritis pawiyatan luhur saya nglokro.
Ewasemono, ngaca marang apa sing wis-wis, pepenging kepara malah agawe rasa penasaran saya gedhe. Ing media sosial, ora let suwe, sumebar maneka vidheo pambuyaran acara kuwi. Akeh mahasiswa sing maune padha durung ngerti filem kuwi, wusanane melu nggegolek lan ngadani acara pamutere filem kuwi ing kampus-e dhewe-dhewe. Pepenging owah dadi promosi gratis kang efektif banget.

Fenomena kuwi nuduhake lamun generasi Z anggone mangun kontribusi-ne marang politik klakon kanthi cara kang mirunggan. Mbokmenawa nom-noman jaman saiki ora kok mesthi kudu padha ambyur arak-arakan ing tengah dalan kaya dene jamane reformasi 1998. Tinimbang kaya mangkono, aluwung pilih mangun ruang rembugan lumantar komunitas, media sosial, lan ruang alternatif liya kang rinasa luwih cair lan kepenak. Ing konteks kuwi, filem Pesta Babi: Kolonialisme di Zaman Kita dudu mung saderma filem dokumenter babagan kahanane warga Papua saiki. Filem iki dadi pamecut lan panggrengsenge rembugan dening para mahasiswa ing lingkungan kampus Indonesia. Bebarengan karo lumakune adat digital kang sarwa cepet lumakune, jebule para mahasiswa saiki isih padha sengkud anggone lungguhan bareng, ngrungokake rembugan, lan andum panemu bab dina tembene bangsane dhewe.
***
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi



