Pemerintah Kutha (Pemkot) Surabaya komit ngleksanakake tata kelola Sistem Penerimaan Murid Anyar (SPMB) Taun Ajaran 2026/2027 kanthi transparan, objektif, akuntabel, lan inklusif. Kanggo ndhukung gampangé akses informasi lan layanan marang masyarakat, Pemkot Surabaya uga mbukak posko SPMB ing kabeh SD lan SMP Negeri.
Pelaksanaan SPMB 2026/2027 nurut marang Peraturan Menteri Pendidikan Dasar lan Menengah (Permendikdasmen) Nomor 3 Taun 2025 ngenani Sistem Penerimaan Murid Anyar. Ketentuan kuwi dikuwataké liwat Surat Edaran Direktur Jenderal Pendidikan Anak Usia Dini, Pendidikan Dasar, lan Pendidikan Menengah Nomor 0301/C/HK.04.01/2026 bab SPMB Taun Ajaran 2026/2027.
Kepala Dinas Komunikasi lan Informatika (Dinkominfo) Kutha Surabaya, Eddy Christijanto nandhesake, kabèh bocah umur sekolah ing Kutha Pahlawan dipesthekake oleh akses pendidikan. Iki didhukung kolaborasi antarané sekolah negeri lan swasta kanggo nampung kabèh lulusan SD manut arahané Wali Kota Surabaya, Eri Cahyadi.

“Sekolah negeri lan swasta kita kolaborasi. Insyaallah adhedhasar kuota sing ana ing Dinas Pendidikan, kabèh bocah umur sekolah ing Surabaya ora ana sing ora sekolah kanggo taun 2026 iki,” kandhane Eddy jroning konferensi pers ing Gedung Eks Kantor Bagian Humas Pemkot Surabaya, Selasa (19/5/2026).
Kepala Dinas Pendidikan (Dispendik) Kutha Surabaya, Febria Rachmanita njlèntrèhaké, mekanisme SPMB 2026/2027 sacara umum isih padha kaya taun sakdurungé. Owah-owahane mung ana ing jalur prestasi karo tambahan Tes Kemampuan Akademik (TKA).
“Ngenani SPMB, sacara prinsip isih padha kaya taun kepungkur. Sing beda mung jalur prestasi, kita sisipaké sing jenengé TKA utawa Tes Kemampuan Akademik. Liyane padha,” ujare Febri.
Ing SPMB taun iki, kuota jalur prestasi SMPN ditetepake 35 persen. Jalur iki kabagi dadi telung subjalur, yaiku prestasi akademik 20 persen, perlombaan lan pertandingan 12 persen, lan apal kitab suci 3 persen.
Febri nerangaké, mekanisme penilaian jalur prestasi akademik saiki ora mung nggunakake nilai rapor, nanging dikombinasi karo asil TKA. “Taun iki kita kombinasi karo nilai rapor (bobot 60 persen) lan asil TKA (bobot 40 persen),” ujare.
Dispendik Surabaya uga ndhisikake verifikasi sertifikat perlombaan lan penghafal kitab suci sadurungé mbukak jalur nilai akademik. Kabijakan iki ditindakaké supaya siswa sing durung lolos ing jalur lomba tetep nduwéni kesempatan ndhaptar liwat jalur akademik.
Saliyane kuwi, Dispendik mesthekake daya tampung sekolah negeri lan swasta cukup kanggo nampung kabèh lulusan SD taun 2026. Miturut data Dispendik Surabaya, jumlah lulusan SD negeri lan swasta nggayuh watara 41.000 siswa. Déné total daya tampung SMP negeri lan swasta nggayuh 42.000 kursi. “Tegese, ora ana bocah sing putus sekolah utawa ora oleh sekolahan amarga paguné cukup kanggo nampung kabèh lulusan,” jelase Febri.
Kanggo njembarake akses pendidikan, Dispendik uga ngoptimalaké Jalur Afirmasi kanthi kuota 15 persen kanggo SD lan 20 persen kanggo SMP. Jalur kuwi terintegrasi karo data desil 1-5 Dinas Sosial (Dinsos), kalebu kanggo kategori inklusi lan penyandang disabilitas.
Déné ing Jalur Domisili, kuota ditetepake 80 persen kanggo SD lan 40 persen kanggo SMP. Ing pelaksanaané, Pemkot Surabaya ngecakake sistem ring loro kanggo mesthekake kabèh calon peserta didik oleh kaadilan.
Jalur domisili siji (D1) kanggo calon peserta didik sing omahé paling cedhak karo sekolah tujuan. Déné jalur domisili loro (D2) kanggo warga sing omahé rada adoh, nanging isih ana ing sawijining wilayah kelurahan utawa kecamatan sing padha.

“Yen ora kasil ing jalur siji, bisa nggunakake domisili loro kanggo warga sing omahé rada adoh nanging isih ana ing sakwilayah kelurahan utawa kecamatan sing padha karo sekolahane,” kandhane Febri.
Kanggo ngantisipasi numpuke wong tuwa calon peserta didik ing kantor Dispendik Surabaya, pihaké uga ngoperasekaké posko informasi ing saben SD lan SMP Negeri wiwit Rebo (20/5). Mula saka kuwi, pihaké ngajap masyarakat manfaatake layanan informasi ing saben sekolah kuwi.
“Yen kangelan, teka wae menyang posko sekolahané dhewe-dhewe, ora perlu kabèh menyang dinas. Petugas ing sekolah wis kita sangoni kanggo mbantu warga, klebu ngajari wong tuwa carane ngukur jarak omahé,” tambahe.
Ing sisih liya, Febri uga mesthekake kesiapan sistem aplikasi SPMB 2026 supaya proses penerimaan lumaku lancar. Evaluasi pelaksanaan taun kepungkur dadi bahan ‘ndandani’ kanggo minimalaké potensi gangguan sistem. “Insyaallah ngenani sistem aplikasi, uga wis kita optimalaké kabèh,” ujare Febri.
Pelaksanaan SPMB 2026/2027 ing Surabaya ditindakake sacara bertahap supaya ora barengan antarane jenjang SD lan SMP. Skema iki dicakake kanggo aweh kelonggaran marang wong tuwa sing nduwéni anak luwih saka siji.
Kanggo jenjang SDN, tahapan diwiwiti kanthi uji coba pendaftaran kabèh jalur tanggal 22-28 Mei 2026. Jalur afirmasi lan mutasi dibukak tanggal 2-4 Juni 2026 kanthi pengumuman asil seleksi tanggal 5 Juni 2026.
Saterusé, jalur domisili wilayah kelurahan dianakake tanggal 8-10 Juni 2026 lan diumumaké tanggal 11 Juni 2026. Jalur domisili wilayah kecamatan dibukak tanggal 12-14 Juni 2026 kanthi pengumuman asil tanggal 15 Juni 2026. Déné jalur domisili wilayah kutha dianakake tanggal 17-18 Juni 2026 lan diumumaké tanggal 19 Juni 2026.
Sauntara kuwi, kanggo jenjang SMPN, tahapan validasi data jalur afirmasi kanggo kategori keluarga miskin, keluarga prasejahtera, keluarga sing mlebu Data Tunggal Sosial lan Ekonomi Nasional (DTSEN) Desil 1-5, sarta kategori inklusi dianakake tanggal 20 April-15 Juni 2026. Déné validasi kategori penyandang disabilitas dianakake tanggal 19 Mei-15 Juni 2026.
Uji coba pendaftaran SMPN tahap kapisan dijadwalaké tanggal 22-28 Mei 2026 lan tahap kapindho tanggal 15-20 Juni 2026. Jalur afirmasi dibukak tanggal 22-24 Juni 2026 kanthi pengumuman asil seleksi tanggal 25 Juni 2026.

Ing jalur mutasi SMPN, pendaftaran dianakake tanggal 22-24 Juni 2026. Déné jalur prestasi perlombaan akademik apadene nonakademik diwiwiti verifikasi tanggal 21 April-15 Juni 2026, banjur pendaftaran dibukak tanggal 27-29 Juni 2026 lan diumumaké tanggal 30 Juni 2026.
Jalur prestasi penghafal kitab suci uga ana tahapan verifikasi tanggal 21 April-15 Juni 2026 kanthi pendaftaran tanggal 27-29 Juni 2026 lan pengumuman asil ing tanggal 30 Juni 2026.
Déné jalur prestasi nilai akademik dibukak tanggal 1-3 Juli 2026 sawisé proses verifikasi tanggal 20 April-15 Juni 2026. Pengumuman asil seleksi dijadwalaké tanggal 4 Juli 2026.
Tahapan pungkasan ing jenjang SMPN yaiku jalur domisili sing dibukak tanggal 5-6 Juli 2026. Asil seleksi diumumaké tanggal 7 Juli 2026, disusul pengumuman pemenuhan kuota tanggal 8 Juli 2026 lan daftar ulang ing dina sing padha.
Informasi lengkape ngenani jadwal lan mekanisme pendaftaran SPMB SDN lan SMPN Kutha Surabaya 2026/2027 bisa diakses liwat Instagram resmi @dispendiksby lan laman spmb.surabaya.go.id.
Ing wektu sing padha, Kepala Dinas Kependudukan lan Pencatatan Sipil (Dispendukcapil) Kutha Surabaya, Irvan Wahyudrajad ngandhakaké pihaké terus nguwati integrasi data administrasi kependudukan (adminduk) ing pelaksanaan SPMB iki. Penguatan ditindakaké liwat integrasi data adminduk karo aplikasi Dispendik lan Cek In Warga. “Iki kanggo mesthekake proses penerimaan peserta didik mlaku objektif, transparan, lan selaras domisili sing satemene,” ujare Irvan.
Miturut dheweke, sistem ksb wis nyambung karo data Cek In Warga minangka instrumen verifikasi keberadaan lan domisili warga. Mula saka kuwi, pindhahe Kartu Keluarga (KK) sing mung ditindakaké kanggo kepentingan sekolah bisa katon yèn bocahe ora temen-temen manggon ing alamat ksb.
“Mula yèn ana pindhahan KK sing mung ditindakaké kanggo kepentingan sekolah, nanging sejatine sing bersangkutan ora manggon ing alamat kuwi, mula permohonan utawa proses administrasiné bisa ora dilayani selaras ketentuan sing ana,” tandhese.
Irvan uga ngelingaké masyarakat supaya ora salah paham babagan tanggal cetak ing KK. Miturut dheweké, tanggal kuwi dudu pathokan wiwit kapan sawijining pawongan manggon ing sawijining alamat. “Ing pelaksanaan SPMB, masyarakat uga perlu mangerténi yèn tanggal cetak Kartu Keluarga ora bisa didadekaké pathokan wiwit kapan wong kuwi manggon ing sawijining alamat,” kandhané.
Dheweke nerangaké, tanggal sing ana ing KK iku mujudake wektu dokumen administrasi kependudukan diproses utawa dicetak déning Dispendukcapil. “Mula yèn perlu klarifikasi ngenani riwayat domisili kanggo kepentingan SPMB, masyarakat bisa ngajokake Surat Keterangan resmi ing Dispendukcapil,” ujare.
Irvan ngajab masyarakat melu proses administrasi kependudukan kanthi jujur kanggo njaga kaadilan pangleksanane SPMB ing Kutha Surabaya. “Masyarakat bisa melu proses administrasi kependudukan kanthi jujur lan selaras kahanan sing satemene dhimen njaga kaadilan bareng, utamané ing pelaksanaan SPMB,” pangajabe.

Sauntara kuwi, Koordinator Musyawarah Kerja Kepala Sekolah (MKKS) SMP Swasta Surabaya, Erwin Darmogo ngandhakaké pihaké wis koordinasi karo Dinas Pendidikan ngenani mekanisme penerimaan siswa anyar ing sekolah swasta.
“Kita forum MKKS wis rembugan karo Dinas Pendidikan bab kepiye mekanismené. Yen ing negeri ana sawetara jalur, déné ing swasta jaluré mung afirmasi lan reguler,” ujare Erwin.
Miturut Erwin, sekolah swasta ora ngecakake jalur prestasi utawa zonasi/domisili kaya ing sekolah negeri. Sanajan ngono, pihaké tetep ndhukung kebijakan Wali Kota Eri Cahyadi supaya siswa sing sekolah ing swasta tetep cedhak karo omahe.
“Pangajabe yaiku ndhukung kebijakan Pak Wali Kota, yakuwi bocah-bocah sanadyan sekolah ing swasta ora kadohan saka omahe, supaya mengko ora gedhé biaya transportasine,” pungkasé. (ADV)



