Redaksi Panjebar Semangat

Redaksi Panjebar Semangat

MBG Ora Kaperbawan Unjuk Rasa

Kepala Badan Gizi Nasional Dadan Hindayana nemenake program Makan Bergizi Gratis (MBG) tetep dibacutake samarine unjuk rasa gedhe kelakon ing Jakarta 28-31 Agustus 2025. Tumrap sekolah-sekolah sing nindakake sinau jarak adoh (daring) sasuwene diliburake 1-4 September 2025, mekanisme penyalurane MBG tetep liwat…

Teknologi Drone Minangka Piranti Tetanen

Donyane pertanian ora uwal saka inovasi. Durung suwe iki Manajemen Operasional Daya Tarik Wisata (MODTW) Desa Penebel, Kecamatan Jatiluwih, Kabupaten Tabanan, Propinsi Bali nggunakake teknologi drone kanggo ngrabuk sawah  (subak) ing Telabah Gede, Beskalung, Kedamian, Gunungsari, Umakayu, Kesambi lan Umadatu.…

Prabowo Neguhake Komitmen Sabela Rakyat

Presiden Prabowo Subianto neguhake komitmen-e tetep sabela marang  rakyat. Panjenengane ora arep mundur jrone ngadhepi gelombang dhemonstrasi anarkistis akhir-akhir iki. “Demi Allah, aku ora bakal mundur. Aku yakin rakyat nyengkuyung tekadku,” ngendikane Prabowo sawise mbezuk kurban aksi unjuk rasa ing…

Gintangan Bamboo Festival 2025

Salah sijine pasarta karnaval kang ayu rupane, mlaku lenggat-lenggut jrone pagelaran Gintagan Bamboo Festival 2025 ing Banyuwangi, Jawa Timur, Rebo (27/8/2025). Pasarta kang gunggunge wong 50 mau karnaval  nampilake desain busana tradhisional Jawa Timur kanthi bahan dhasar pring (bambu). Festival…

Tulungagung Andhil Gedhe Nyuda Angka Stunting

Pemerintah Kabupaten Tulungagung, Jawa Timur ngalokasekake anggaran  Rp 105,9 miliar ing taun 2025 iki kanggo ngoptimalisasi nyuda cacahe bocah stunting. Wakil Bupati Tulungagung Ahmad Baharudin mratelakake, taun 2024 kepungkur prevalensi mudhune angka stunting wis nggayuh 13,7 persen. “Aku kepengin angka…

Plafon Silihan Kopdes Merah Putih Enggal Cair

Menteri Koordinator Bidang Pangan Zulkifli Hasan mratelakake Koperasi Desa (Kopdes) Merah Putih isih ngenteni harmonisasi aturan turunan Kementerian Keuangan supaya plafon silihan dhuwit  saka Himpunan Bank Milik Negara (Himbara) bisa sacepete digunakake. Zulkifli yakin proses harmonisasi aturan iku rampung ing wektu 1-2 minggu…