Redaksi Panjebar Semangat

Redaksi Panjebar Semangat

Buku kang Ora Saderma Ngalembana

Senat Akademik Universitas (SAU) Universitas Negeri Surabaya nerbitake buku kang ditulis dening atusan dhosen maneka fakultas lan prodi. Diajab dadi pandom kang nenuntun marang budaya keunesaan. Arang kadhing kita temokake buku babaran pawiyatan luhur kang wani ngritik kampuse dhewe. Luwih-luwih…

Amrih Sindhen ‘Jek Dong’ Ora Cures

Senajan kang dileluri cengkok tembang jawatimuran, ewasemono jebul pasartane ana sing teka saka wewengkon Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta. Sairing karo sangsaya surute wayang gagrag jawatimuran, surut uga sindhen-sindhen cengkok ‘jek dong.’ Upama isih ana, cacahe mbokmenawa kari sethithik…

Dalan Pangusada lumantar Donga

“Yaa Allah…Yaa Allah….Yaa Allahul A’zhamu Jalilul Akbar.” Lantunan amalan Ismu Adzom kang ngangungake asmane Allah SWT keprungu gumrenggeng saka salah salah sijine ruwangan pondhok Yayasan Bina Tauhid Darul Miftahudin, Desa Hambaro, Kecamatan Nanggung, Kabupaten Bogor, Jawa Barat, tengahing sasi September…

Jibaku Nanggulangi Karhutla

Mangsa ketiga bali nempuh Kalimantan Tengah, provinsi paling amba sa-Indonesia. Kanthi total jembar 15,3 yuta hektar, 4,6 yuta ing antarane arupa lemah gambut. Satengahing hawa kang garing kemlingking kaya dinane iki, ancaman kebakaran hutan lan lahan (karhutla) kerep kedadeyan. Luwih-luwih…

Peran Juru Pamicara ing Era Disrupsi

Ing era disrupsi kaya dinane iki, ngrembakane teknologi digital kang mangaribawani owah-owahan pola komunikasi publik, ndadekake tugase juru pamicara utawa juru bicara pemerintah sangsaya strategis. Juru pamicara ora mung saderma maneh nglantarake dhawuhe pimpinan, nanging dituntut bisa ngemonah komunikasi strategis…

Impen kang Nyawiji ing Tulehu

Ing Tulehu, Kabupaten Maluku Tengah, Provinsi Maluku, olahraga bal-balan pindhane uwit kang oyod-oyode nlolor menyang poncod kampung, nembus plataran omah, nganti gisik segara. Ana ing wilayah satingkat desa 2,3 Km pesagi ambane kang uga disebut Negeri kuwi, rasa tresna marang…