Redaksi Panjebar Semangat

Redaksi Panjebar Semangat

Nylametake Jawa kanthi Tanggul Raseksa

Kanggo ngawekani bencana rob lan mudhune lemah (land subsidence), pamarentah nedya yasa tanggul raseksa ing saurute pesisir lor Pulo Jawa, wiwit Banten nganti Gresik. Proyek infrakstruktur gedhen-gedhenan mau dianggep durung cukup dadi solusi yen ora diimbangi upaya mbeciki lingkungan pantai sing…

Prabowo: Pemimpin Kudu Landhep Panggraita

Presiden Prabowo Subianto sing uga Ketua Umum Partai Gerindra ngandharake, sawenehe pemimpin lan negarawan sejati kudu landhep panggraitane nalika nyumurupi panguripan bangsane. Panguwasa kang diregem, ngendikane Prabowo, kudu dienggo nyebar kabecikan. “Uga kanggo mbusak kemlaratan lan njejegake kedhaulatan,” ujare Prabowo…

Budhal Sekolah Cangklongan Ban Truk

Ing SMPN 1 Dander, Bojonegoro ana swasana kang ora sabaene, nalika sakabehe siswane nyengkuyung kegiyatan karan No Backpack Day nalika Rebo, 12 November 2025. Rikala kuwi, para siswane kapurih ora nggawa tas menyang sekolah lan cukup nggawa piranti tulis sarta…

Geni Mureng ing Kraton Kasunanan

Suksesi Kraton Solo ora mulus merga ana krabat sing padha-padha ngangkat calon raja. Bisa ngambali pasulayan raja kembar taun 2004-2012 kepungkur. PAREPATAN sebageyan kulawarga ageng Kraton Surakarta Hadiningrat kang diadani ana Kagungan Dalem Sasana Handrawina kompleks kedhaton, netepake Gusti Kanjeng…

Ritual Meras Gandrung

Sawenehe penari mudha nindakake ritual Meras Gandrung ing Pesisir Boom, Banyuwangi, Jawa Timur, Jumuah (24/10/2025). Ritual Meras Gandrung (wisudhan penari Gandrung) minangka pratandha menawa si calon penari mau dinyatakake lulus saka gemblengane penari senior lan dipalilahi nindakake joged Gandrung kanthi…