Bale Mangu, Papan Pengadilan Kasultanan Ngayogyakarta

Pengadilan babagan prakara agraria ing Ngayogyakarta, wis ana wiwit Sultan Hamengku Buwono V kang jumeneng nata. Papane ing Bale Mangu dununge ing sanjerone tembok Kepatihan. Saiki Kepatihan Kasultanan Ngayogyakarta kuwi kanggo kantor gubernur, punjering paprentahan Daerah Istimewa Yogyakarta. Mula ana sing nyebut kantor Gubernur lan Wakil Gubernur DIY kanthi sebutan kepatihan marga sakawit minangka kepatihan.

Sadurung kanggo pengadilan agraria, Bale Mangu pancen wis kanggo papan ngadili prakara-prakara administrasi. Nanging kanthi anane “Pranatan Patuh” yakuwi pranatan ngenani agraria, merga anane undang-undang ing staatsblad 1857 No 116 sawijining Landhuur-Reglement , kalungguhane Bale Mangu dadi luwih wigati. Yakuwi, nangani pengadilan prakara desa ngadesa Landerlikers-Recthsbank . Dene kitabe pradata nggunakake “Hukum Agraria Angger Sepuluh”.

Bale Mangu kasawang saka sisih kulon (Foto: Warisman)

KRT Notojoedo ing buku “Kota Yogya 200 Tahun” njlentrehake. Pengadilan Bale Mangu dumadi saka Pepatih Dalem, Bupati Patih Kahadipaten minangka wakil saka Kroonprins lan para Bupati Nayaka. Kuwi ateges, Bale Mangu dumadi saka narapraja kang kalungguhane dhuwur, gunggunge wong sepuluh lan padha duwe mantri kang mriksa ing desa ngadesa.

Jejibahane mantri sing cacahe sepuluh kuwi, ora mung gawe palapuran, nanging uga nampa dhawuh lan kudu teka ing parepatan-parepatan Bale Mangu senadyan ora duwe hak swara.

Nalika Kasultanan Ngayogyakarta nembe madeg taun 1755 M, pengadilane ana telu cacahe. Yakuwi, Pengadilan Pradata, Pengadilan Surambi lan Pengadilan Bale Mangu.

Pengadilan Pradata ngadili prakara pidana lan perdata. Pengadilan Surambi kanggo ngadili perkara pidana lan ukum nikah, pegatan sarta warisan. Dene Bale Manģu kanggo prakara pidana lan administrasi.

Bareng kang jumeneng nata Sultan Hamengku Buwono V taun 1831, Bale Mangu antuk tambahan jejibahan ngadili prakara agraria kanggo prakara-prakara antarane patih lan para bekele, sarta antarane priyayi dhuwur lan priyayi cendhek.

Papan pengadilan Pradata ing pekapalan utawa gedhong paseban alun-alun lor sisih kulon. Pengadilan Surambi ing serambi Mesjid Gedhe, dene Pengadilan Bale Mangu ing bangsal Bale Mangu Kepatihan.

Ing tahun 1818 ana owah-owahan ngenani panguwasane kang ngadili ing pengadilan telu kuwi. Marga ing wektu kuwi, ing Ngayogyakarta ana pengadilan anyar (preaident’s court), yakuwi pengadilan jroning tataran sepisan (in eersten aanleg) nangani prakara pidana campuran voor criminele gemengde zaken kang dakwane kawula gubermen. Uga minangka pengadilan kang mriksa tataran bandhing, kanggo  maneka perkara campuran liyane.

Pengadilan kasebut dumadi saka residen minangka ketua. Pepatih Dalem (rijksbestuurder) kanthi bupati nayaka papat minangka anggota lan juru basa, minangka panitera (griffer) ngrangkep minangka penuntut umum (openbaar ministerie).

Wiwit taun 1903, pengadilan ing Ngayogyakarta dumadi saka Pengadilan Surambi, Pradata, lan Bale Mangu. Katelune wiwit taun 1831 mung ngadili perkara perdata (civil). Dene Pengadilan Surambi wiwit taun 1903 diowahi mung ngadili prakara pegatan manut agama Islam adhedhasar panjaluke sing wadon kang ora jumbuh kalawan karepe sing lanang (rapak).  

Bale Mangu kasawang saka sisih lor (Foto: Warisman)

Pengadilan tumrap para putra lan sentana dalem lan para nayaka praja sing kalungguhane dhuwur kaya kang sinebut stbl 1903 No.8. Sing diadili dening pengadilan kasebut kulawarga sadarah, semenda saka raja kang isih jumeneng apadene sing wis ora jumeneng nganti patang turunan (canggah dalem). Pengadilan liyane pengadilan ing njero kraton, yakuwi Pengadilan Kori lan Pengadilan Kadipaten. Banjur pengadilan pradata-pradata Kabupaten, Kadistrikan, Pengadilan Kadanurejan kang sinebut Pengadilan Gedhong Regol lan pengadilan kang ditindakake dening para wedana gedhongan, utawa para bupati nayaka marang narapraja ing kukubane dhewe-dhewe.

Panulis : Warisman
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *