
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Forum Satu Muharam 1447 Hijriyah Pondhok Pesantren Besuk Kabupaten Pasuruan netepake sound horeg kategori karam. Pangesuhe pondhok kasebut, KH Muhibbul Aman Aly, mratelakake fatwa karam sound horeg ora mung merga swarane sing mbrebegi, nanging uga nyakup timbule dhampak sosial sing diakibatake.
Nalika keprungu swarane takbir keliling sound horeg liwat lurung ngarep omahe, Nuryati cepet-cepet ndhelik menyang pawon. Kupinge disumpeti. Dudu kumandhanging takbir sing njalari wanita 70 taun iku ngumpet, nanging efek sound horeg sing nggegeteri kuwi nyebabake dhadhane kaya rontog. “Aku ora kuwat,” kandhane warga Kalidawir, Kabupaten Tulungagung iku marang Panjebar Semangat.
Saka lawang pawon dheweke nginjen salon gedhe setengah dhepa ambane, sarta sadedege wong diwasa dhuwure, ditumpuk-tumpuk ana bak trek. Ditumpuk munjung nganti hiyat-hiyut nalika rodhane nggronjal. Samburine trek disambung konvoi puluhan sepedhah motor. Lakune alon-alon. Gas digeber. Keluk nyegrak irung nggembuleng njalari dhadha tuwa krasa seseg.
Pranyata swara takbir iku diputer saka kaset. Dene pangombyonge ora melu nglafalake kalimah-kalimah suci kanggo mapag tekane Idul Fitri kuwi. Suprandene sadawane lurung sing diliwati sound horeg iku luwih akeh ngrasakake pituna tinimbang ngresepi wiramaning takbir. “Kaca-kacane omahku geter, sujune ora pecah,” kandhane Nuryati.

Kuwi pengalaman kapindho mungguhe Nuryati nyingkiri swara sound horeg. Sing sepisanan nalika tanggane duwe kajat lan nekakake sound horeg kanggo ramen-ramen. Nuryati pilih ‘ngungsi’ menyang omahe anake ing seje desa. Dheweke ora nyaman karo panyeru swara sing mbudhegake kuping mau. “Ora bisa turu,” ucape.
Anjrahe sound horeg ing laladan Jawa Wetan pancen nuwuhake pro lan kontra ana tengahe masyarakat. Mungguhe lansia saumurane Nuryati, sound horeg temtu njalari ora nyaman. Nanging tumrap para nom-noman kang isih jemigar, sound horeg kang jedham-jedhum unine kuwi nuwuhake sensasi kang maremake.
Sound horeg wis dadi industri. Kepara tumrap sing skalane gedhe, kuwawa nyiptakake lapangan kerja. Miturut Manto, tenaga kerja industri sound horeg ing wilayah Tulungagung, opah sing ditampa klebu gedhe kanggo ukuran kerja harian. Tugase Manto ing kono mligi nggepengake wesi cathokan salon.
“Yen umume kerja harian ing wewengkon kene opahe Rp 100.000 sedina upamane, juraganku wani ngopahi Rp 125.000,” kandhane priya umur 30 taun kuwi.
Manto nuturake wis melu juragane wiwit dheweke lulus SMA. Nalika kuwi pawongan sing dingengeri iku isih madeg minangka bos grup orkes dhandhut koplo. Tanggapane rame ing Jawa Timur. Malah tau oleh tanggapan tekan Jawa Tengah barang. Tugase Manto usung-usung pethi isi perlengkapan show ngrangkep tukang gitar cadhangan.
Nanging akhir-akhir iki juragane ora ngurusi orkes maneh. Manto ora ngerti apa sebabe. Mangka jalukan tanggapan isih ana senadyan ora rame kaya sadurunge. Wekasan bose banting stir gawe sound horeg. Ora nglakoni kabeh pegaweyan mulai awal, nanging mligi nyetel piranti-piranti sing wis dadi, asil buruhane wong-wong sing dikongkon.
“Majikanku kari ngrakit lan mrogram wae. Prodhuksi piranti pendhukunge, kaya dene cathokan, speaker, kayu, dikon nggarap wong liya,” kandhane Manto.
Nyatane industri sound horeg sing dieloni Manto gumregah. Prodhuksine mlaku terus. Pasare ana. Sound horeg wis nggeser speaker ‘tradhisional’ wangun corong. Samengko wis langka wong duwe kajat nggunakake corong modhel bakul jamu lan dipasang ana pucuke wit krambil.

Hak Cipta
Popularitase sound horeg entuk kawigaten saka Kepala Kantor Wilayah Kementerian Hukum (Kakanwil Kemenkum) Jawa Timur Haris Sukamto. Mungguhe Haris, sound horeg pantes oleh Hak Atas Kekayaan Intelektual (HAKI), jalaran kaciptane barang kasebut atas asil olah pikire anak bangsa. Samubarang kang diciptakake saka asile olah pikir, miturut Haris, wajib diapresiasi.
“Prodhuk asil olah pikir sarta kaciptane desain, wis sapantense yen diregani,” kandhane Haris, Selasa, 22 April 2025, kepungkur.
Miturut Haris aspek pawewehe HAKI marang sound horeg bisa mlebu menyang kategori bidang hak cipta nganti hak desain industri. Merga komponene soud horeg mono dumadi saka audio kanthi sistem gedhe sarta piranti electronic dance music sing nuwuhake geteran kuwat. Sok ngonowa pawewehe HAKI kanggo sound horeg, kandhane Haris, ora bisa perorangan, nanging kanggo kelompok.
Haris ora nutup mripat yen sound horeg sok ngganggu keamanan lan ketertiban masyarakat (kamtibmas). Upamane lomba banter-banteran sound horeg mbeneri arak-arakan karnaval pitulasan saengga nyebabake pecahe kaca-kaca omahe warga sing dilliwati. Sawatara taun kepungkur Polres Kediri wis nglarang nggunakake sound horeg jrone karnaval. Sing tetep ngotot mlaku dicegat lan ditibani sanksi.
Haris ngandharake sing perlu ditindakake dening para pejabat kawogan yakuwi mbina pelaku sound horeg amrih ora mitunani liyan sarta keganggune kamtibmas. Kepriyea wae urip tengahing masyarakat ora kena egois. Ana hak-hake liyan sing perlu dikurmati. Kanggo keperluwan pembinaan mau Haris kepengin silaturahmi karo pelaku industri sound horeg saperlu nampung panemu lan usulan.
Fatwa Karam
Nanging ora suwe kaceke karo ada-ada menehi HAKI Kemenkum, Forum Satu Muharam 1447 Hijriyah Pondhok Pesantren Besuk Kabupaten Pasuruan netepake sound horeg kategori karam. Pangesuhe pondhok kasebut, KH Muhibbul Aman Aly, mratelakake fatwa karam sound horeg ora mung merga swarane sing mbrebegi, nanging uga nyakup timbule dhampak sosial sing diakibatake.
“Kita mutusake perumusan kuwi ora mung nenimbang aspek dhampake swara, nanging uga nenimbang mulazim-e yen sing disebut sound horeg kuwi dudu sound system,” ngendikane Kyai Muhibbul dikutip saka akun Instagram @ajir_ubaidillah, Senen, 30 Juni 2025.
Ketua Komisi Fatwa Majelis Ulama Indonesia (MUI) Jawa Timur KH Ma’ruf Khozin darbe panemu, fatwa karam sing diwetokake Pesantren Besuk wis pas merga didhasarake karo forum bathsul masail sinarttan tetimbangan fiqih sing bener. “Yen Pesantren Besuk matwakake karam, dakkira wis samesthine mengkono,” ngendikane Kyai Ma’ruf.
Ketua Pengurus Besar Nahdlatul Ulama (PBNU) KH Fahrur Rozi nuturake, sound horeg mlebu kategori karam yen jroning prakteke ngganggu wong liya sarta dadi saranane tindak maksiat, kaya dene ndem-ndeman, joged paragoy lan sapanunggalane. Kyai Fahrur nerangake, ajaran Islam nglarang ngganggu wong liya senadyan ing babagan ibadah pisan. Islam, ngendikane Kyai Fahrur, mujudake agama sing banget ngregani hak-e wong liya.
“Ana hadis nabi sing ngandharake, kasampurnane iman sawijine manungsa ora jangkep yen ora ngurmati tangga, hak-e tamu, lan hak-e sedulur. Hadis kuwi dadi bukti menawa Islam serius ngregani liyan,” jlentrehe Kyai Fahrur.
Nanggepi timbule polemik sound horeg, Wakil Gubernur Jawa Timur Emil Elestianto Dardak ngaku lagi golek solusi. Emil kandha dheweke wis ngadani pirembugan karo pihak-pihak sing ana gegayutane karo sound horeg kanggo golek solusi mecahake prekara kuwi.
Emil ngakoni sasuwene iki dheweke isih komunikasi karo kapulisen. Mengkone para pelaku industri sound horeg sumusul diajak ngomong. Emil kandha mbudidaya golek dalan tengah amrih industri sound horeg sing bisa ngimpun tenaga kerja mau tetep mlaku, nanging ora ngrugekake masyarakat sing kabotan karo anane sound horeg.
“Kita ora ngetogake sing wis ana iki mlaku terus, ora ngono. Tetep kita udi amrih sound horeg lan kapentingane masyarakat bisa mlaku bebarengan. Mula aku lagi komunikasi karo kapulisen, dibacutake klawan pelaku sound horeg,” ujare Emil Elestianto.
Adu Banter ing Segara
Nalika prekara kuwi isih dadi pro kontra, jagad media sosial diramekake dening kabar viral adu sound horeg ing segara. Prau-prau sing ngemot sound horeg dhuwur hiyag-hiyug padha bebas muter ngepol volumene engga nuwuhake swara ‘geger’ gumleger. Tinulis katrangan menawa campuhe sound horeg iku kedadeyan ana tengah segara.
Nanging wusana diweruhi menawa lokasi bettle sound horeg iku dumadi ana perairan Pasuruan, trepe ing Desa Wates, Kecamatan Nguling lan Desa Semedusari, Kecamatan Lekok. Miturut Kepala Sub-Unit Penyelidikan Polairud Polres Pasuruan Aipda Laswanto, ‘perang’ sound horeg iku kedadeyan mbeneri riyaya kupat utawa dina kaping pitu Idul Fitri kepungkur.
Laswanto ngandharake adu banter sound horeg iku ora kedadeyan tengahing segara, nanging ana sadawane garis pesisir. Yen ing tengah segara mokal kelakone, awit kapal rakitan sing ngemot sound horeg mau cetha ora keconggah nrenggalani ombak gedhe. “Yen dipeksa manengah, malah bakal ngalami kacilakan,” kandhane Laswanto.
Laswanto mratelakake kegiyatan kuwi durung nganthongi ijin kapulisen nadyan wis disengkuyung dening pamarentah desane sowang-sowang sarta diragati kanthi swadaya urunan masyarakat. Saka panlusurane Polres Pasuruan, mung siji kuwi kegiyatan bettle sound horeg mbarengi riyaya kupatan wingi. “Ing papan liya ora ana,” ujare Laswanto.
Suprandene kegiyatan iku disaruwe dening National Oceanic and Atmospheric Administration (NOAA). Manut kajiane NOAA, swara gumrebeg ing pesisir bisa ngganggu sistem komunikasine sato segara, kaya dene paus lan lumba-lumba. “Gangguan swara iku bisa njalari stres, owah-owahan prilaku, engga matine satwa laut,” tulise NOAA lumantar unggahan akun Instagram @fakta.indo. Pranyata ora mung jalma manungsa sing ora nyaman karo swara gumrebeg…..(KSW)
Panulis : Kukuh Setyo Wibowo
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital