Sawise wayang kulit dikukuhake minangka warisan budaya donya dening UNESCO tgl 7 November 2003, pamore wayang mligine wayang kulit purwa bali gumregah maneh. Pagelaran wayang kulit sing sawetara taun kepungkur sepi, bali gayeng. Semono uga perajin wayang kulit padha wiwit grengseng nggarap pakaryan tatah lan sungging merga akeh nampa welingan saka para dhalang, kolektor lan sutresna wayang kulit ing tanah air lan mancanegara. Tekan seprene sawetara dhaerah ing Tanah Jawa racake isih padha nduweni perajin perajin tatah sungging wayang kulit. Ora mung mligi wewengkon Ngayogyakarta bae, nanging uga sawetara papan ing Surakarta, Banyumas, Cirebon, Nganjuk, Ponorogo, Trenggalek, Tulungagung, Blitar lsp.

Peserta siswa pedhalangan, kanthi ancas murih budaya nusantara mligine. (Foto – repro)
Ing tlatah Surakarta perajin wayang kulit mapan ana sentra sentra sing wis turun-temurun. Salah sijine yaiku Sanggar Wayang Gogon kang dumunung ing Jl. Halilintar No. 140, Kentingan, Jebres, Surakarta.
Sanggar Wayang Gogon kang madheg taun 1995 iku duweni ancas melu ngleluri lan nglestarekake kabudayan Jawa tinggalane para leluhur. Ing antarane kanthi cara ngadani pelatihan dhalang cilik lan diwasa tanpa ditarik biaya babarpisan.
“Sanggar Wayang Gogon mbukak pelatihan pedalangan secara gratis kanti ancas murih budaya nusantara mligine Wayang bisa di senengi dening bocah bocah generasi penerus bangsa,” ujare Sumargono Prasetyo S.Sn kang celukan bendinane Gogon kang dadi pangarsane Sanggar Gogon ksb.
Kanggo ngadani pelatihan dhalang, Sanggar Gogon nekakake guru lan pakar pedalangan Bapak Wahyudi saka Asga, lan Bapak Hali Jarwo Sularso saka PDMN (Pasinaon Dalang Mangkunegaran), kang kanthi sabar ndhidhik bocah bocah sarta para pemula ajar ndhalang.


Gogon Solo lan Sanggar Seni Samiadji Bantul. (Foto – repro)

“Pelatihan katindakake kanthi rutin saben minggu kaping 2” tandhese sisihane Dumilah SSn kang lulusan ISI Surakarta iki.
Sanggar Wayang Gogon tekan seprene darbe karyawan kurang luwih 60 kanthi basis pendhidhikan wiwit saka SD, SMP, SMA, lan ana kang isih kuliah kanthi kaperang dadi 3 yaiku tataran pemula, menengah lan wasis.
Miturut critane priya klairan taun 1978 iku, anggone nggeluti kerajian tatah sungging wayang iku merga mbacutake usahane embahe Diyanto Carito swargi kang ngasta minangka dhalang, sarta Anggoro bapakne kang dadi juru tatah wayang kang gamben saka dhusun Bulu, Desa Pundhuhsari, Kecamatan Manyaran, Kabupaten Wonogiri. Dadi getih seni mili saka leluhure. Mula ya ing dhusun Bulu Pundhuhsari iku Sanggar Gogon didegake mligi kanggo nyiapake bahan dhasar. Dene sing dikarepake bahan dhasar iku lulang kebo utawa sapi sing isih wutuh. Lulang kebo mujudake bahan sing paling ditengenake, nanging menawa angel golekane, bisa diganti lulang sapi. Secara ilmiah lulang kewan kekarone iku nduweni keluwihan lan kekurangan. Kaluwihane lulang kebo yaiku ora gampang kendho senajan kahanane lembab, ora gampang nglunthung nalikane panas, nanging kekurangane yakuwi getas merga jaringan kulite luwih kasar. Dene lulang sapi bakal mlengkung lan kaku menawa suwasana panas, dene yen kahanan sakiwa tengene lembab kulit sapi bakal kendho (ora singset), amarga lulang sapi iku ora bisa nyedhot lan nguapake uap banyu. Ananging lulang sapi luwih unggul merga luwih wulet jalaran jaringan lulange alus lan lembut.

Semar ukuran raksasa gaweyan sanggar wayang Gogon, dikirap ngubengi kutha Saqla ing tajuk Semar Namur Laku 18 Agus tus 2024 kepungkur. (Foto – repro)
Wayang kulit gaweyane para pengrajin ing Sanggar Gogon asring kanggo cinderamata (souvenir) yen pinuju nampa tamu ing Solo. Wayange bisa wujud kayon (gunungan), wayang Kidang Kencana (cilik) sak set, wayang Gathutkaca, Arjuna, Bima utawa Prabu Kresna. Para pengrajin ing Sanggar Gogon saben sasine bisa ngrampungke sakothak wayang kang cacahe 160 kanggo kelir 6 meter, uga kuwagang kang cacah 200 wayang kanggo kelir sing dawane 9 meteran. Dadi setaune bisa ngrampungake antarane 5 – 7 kothak wayang.
Ngenani bahan baku bisa dipasok saka tlatah Kuwet Delanggu Klaten, dene pemasarane bisa nganti tekan mancanegara.
Nganti titi wanci iki dadi lenggananne para dhalang senior kaya dene Ki H Anom Suroto, Ki H. Manteb Sudharsono swargi, Ki Purbo Asmoro, Ki Enthus Susmono swargi, lan dalang nom noman liyane lan uga saperangan instansi kang butuh kanggo pasren lan para seniman ing saindenging Nuswantara,
Dene bab regane gumantung marang kuwalitase. Wayang kulit komersial didol kanti rega wiwit saka Rp 250.000 nganti tekan Rp 1,5 juta, gumantung karo ukuran lan tingkat kealusane. Mula saben sak set wayang kulit bisa nggayuh Rp100 yuta – Rp 200 yuta, kepara bisa luwih.
***
Panulis: Isti Noegroho
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







