Ana sing ngarani sepedha pancal, ana sing nyebut pit onthel. Kendharakan kang lakune pancen kanthi diothel utawa dipancal. Lajune samadya, ora rikat nemen ananging mbiyantu ngepenakake sing butuh lelungan.

Mbokmenawa para maos uga wis ana sing ngerti yen ndhisike pit iku wujude ora kaya kang lumrah saiki. Dhuwur, bane ngarep karo mburi beda ukurane, siji cilik siji gedhe. Manut sejarah, sepisanan pit digawe kanthi sampurna dening Karls Drain von Sauerbronn, taun 1818. Priya asli Jerman iku penggaotane jaga wana, lan butuh srana lelungan mrana mrene.
Suwening-suwe wujude sepedhah dibenahi dadi kaya kang salumrahe saiki. Jinise dadi werna-werna, nyelarasake karo butuhe. Ana kang mligi kanggo dalan pereng lan gronjal-gronjal, pit mini kanggo laku santai, uga pit balap kang wangune kanggo olah raga. Kanggo bocah, ana pit endhek rodha telu. Keri-keri iki malah jumedhul pit tanpa pedhal, lakune ora diothel, ananging sikile bocah mancal njejeg lemah. Sepeda balance, sebutane.

Beda maneh sing ditindakake nom-noman ing Ngayogyakarta. Migunakake sepedhah, ing kana luwih lumrah sinebut pit, kaajap dadi srana lelungan kang ora ngimbuhi polusi, ananging uga nyenengake. Seneng sing numpak/ ngepit, uga seneng sing nyawang. Iku pepenginan prasajane klompok pit dhuwur.
Ya, ora kliru, arane pancen pit dhuwur. Lan selaras karo jenenge, pit kang digunakake pancen klebu dhuwur, ngungkuli sepedhah umume. Ana sing dhuwure 1,5 meter. Malah uga ana sing tikel pindho alias 3 meter.
Trep karo gegadhangane amrih bisa melu “go green”, klompok iki mligi migunakake pit bekas lan barang-barang rongsokan. Mula, wujude pit uga bakal beda-beda. Kejaba manut kasenengane sing arep nganggo, uga nyelarasake karo rongsokan wesi kang kasil dilumpukake.
Salah sijine anggota klompok pit dhuwur, Theo Aditya, kelakon andum crita marang PS. Udakara 18 taun kepungkur, Theo sakanca sing kulina ngepit saben dinane, rumangsa dalanan ing Ngayogyakarta mundhak rame. “Sing ngepit dadi kadheseg pit montor lan mobil,” ujare. Kejaba saka iku, keluke kendharakan uga tansaya njalari sumpeg.
Theo lan kanca-kancane banjur rembugan lan entuk ide. Yaiku ngajak luwih akeh kanca kanggo ngepit ing padinane. “Amrih akeh sing padha gelem, ya kudu ana kang spesial,” kandhane. Mula banjur thukul panemu ngrancang wujud pit kang narik kawigaten. Ananging dudu tuku anyar, amrih ora gedhe ragade. “Pit dhuwur, digawe saka pit bekas lan rongsokan wesi, iku putusane,” imbuhe.
Kaya tumbu oleh tutup, klompok iki nemu bengkel sing bisa mujudake pepenginane. Sariyanto, sing nduwe bengkel, kepranan marang kekarepane para nom-noman mau. Mula banjur aweh panyengkuyung kanthi melu ubed nglumpukake bahan kang trep lan ngrekadaya dadi pit dhuwur kang nengsemake.
Yen dhuwure pit nganti punjul saka dhuwure badan sing numpak, banjur kepriye munggah mudhune? Ya pancen butuh bancikan kanggo nalika munggah lan mudhun. Yen arep budhal mono adate pancen wis ing papan kang trep, dadi ora patiya rekasa. Mungguhe yen arep mudhun, utawa mandheg nalika setopan lampune abang, iku kang butuh kaprigelan lan kawigaten.
Kaprigelane sing numpak pit, iku wis mesthi. Lumrahe mono wis karep nduwe pit unik mula ya wiwit nyinau carane migunakake. Gladhen mbaka sethithik, saka sing dhuwure isih rinanggeh nganti kang luwih dhuwur maneh. Ing dalan, apamaneh ratan, ya tetep kudu manut marang angger-angger. Lampu abang ya mandheg. “Yen ora kepengin kangelan mandheg, saka kadohan alon-alon amrih tekan kono ngepasake lampune ijo,” tuture Theo.
Adate, imbuhe priya sing saiki wis dadi bapak peputra siji iku, kendharakan kang ana sacelake pit-pit dhuwur uga maklum lan aweh pambiyantu. “Sok-sok kita gocekan ing cagak, utawa kepeksa mancik ing sacelake kendharakan liyane,” ujare Theo.
Utawa, amrih padha kepenake, kendharakan kasebut bakal aweh papan kang cukup alias ora ngrangseg ngebaki dalan. “Bisa amarga gumun ndeleng kita, utawa sumelang yen kebaret mobile,” kandhane sinambi ngguyu.
Senadyan saiki Theo lan kanca-kancane wis padha omah-omah, ananging pakulinane ngepit ora dilereni. Saiki pancen wis nganggo pit salumrah, ora dhuwur maneh. Iku dinggo lelungan, sok-sok uga sinambi mboncengake anake. “Krenteg kanggo go green iku rak tetep kuwat, ora mingkuh,” ujare mungkasi rembug. (lie)
Panulis: Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat







