Surabaya kasil ngukir prestasi sing mongkogake ing tingkat nasional. Event unggulan kutha iki, yaiku Festival Rujak Uleg lan Parade Bunga Surabaya Vaganza lolos jroning rangkaian 125 Karisma Event Nusantara (KEN) sing ana ing kalender Kemenpar RI.

Pelaksana Tugas (Plt) Kepala Disbudporapar Surabaya, Herry Purwadi, nerangake yen kasuksesan iki minangka bukti kualitas lan daya tarik event Surabaya ing kancah nasional.
“Taun wingi mung even siji sing diajokake amarga ana watesan jumlahe. Nanging taun iki watesane wis ilang, dadi kita ajokake loro sekaligus, lan alhamdulillah loro-lorone lolos kurasi,” kandhane Herry, Selasa (3/2/2026).
Miturut Herry, penilaian kurator KEN ora mung saka babagan kreatif lan inovatif ide dhasar event, nanging uga manajemen acara, kalebu manajemen risiko lan pengelolaan massa. Saben event kudu duwe strategi jelas yen ana masalah ing lapangan.
“Penilaian uga nyakup isu lingkungan, dampak ekonomi, sosial, lan budaya. Event kudu bisa nekakake pengunjung, duwe strategi pemasaran kuwat, lan mbangun kolaborasi lintas sektor,” tambahe.
Mlebune kekarone event Surabaya ing KEN iki aweh dampak gedhe marang promosi pariwisata. Kekarone event iki oleh dhukungan promosi Kemenpar RI liwat maneka media nasional, mesisan aweh tandha yen kualitas event Surabaya wis mepaki standar nasional lan siap dipasarakake dadi daya tarik wisata.
Saka babagan ekonomi kreatif, event iki bisa nggerakake UMKM, produksi lokal, lan pelaku industri kreatif. Contone, Surabaya Vaganza njurung tuku kembang saka njaba kutha, kaya Batu lan Bandung, amarga Surabaya dudu produsen kembang.
“Tegese, sawijining event ing Surabaya aweh dampak ekonomi lintas daerah, ora mung kanggo kutha iki nanging uga wilayah sakupenge,” tambahe Herry.
Dampak positif liyane katon saka mundhake okupansi hotel, cawe-cawene stakeholder, nganti mutere ekonomi ing sektor dekorasi, tata rias, sewa kostum, lampu, lan jasa kreatif liyane.
Mengarepe, Pemkot Surabaya duwe komiten bakal terus inovatif.
“Fokus kita ora mung saderma nganakake event dadi agenda rutin, nanging ndadekake daya tarik wisata sing bener-bener menehi manfaat nyata kanggo masyarakat, liwat konsep mateng, kolaborasi promosi, lan cawe-cawene industri pariwisata,” terange Herry.
Kanggo target kunjungan, Herry nambahake yen Pemkot Surabaya ngajab event iki bisa narik luwih akeh wisatawan. Miturut dheweke, momentum festival ing sasi Mei bisa dadi pancingan mundhake kunjungan sing signifikan.
“Kita ngarepake kunjungan wisatawan menyang Surabaya ing wulan Mei mengko mundhak 10-20 persen dibanding wulan sadurunge. Kanthi mundhake kunjungan, ubenge ekonomi kutha diajab bisa kedhongkrak uga,” pangajabe.

Mundhake kunjungan wisatawan iki ora mung dirasakake sektor pariwisata langsung kayadene hotel, restoran, lan transportasi, nanging uga menehi dampak positif kanggo UMKM, pengrajin lokal, lan industri kreatif sing melu ing event mau.
“Kanthi tembung liya, festival kaya Rujak Uleg karo Surabaya Vaganza ora mung ngramekake budaya lan kreativitas, nanging uga dadi motor penggerak ekonomi lokal sing nyata tumrap masyarakat Surabaya lan sakupenge,” pamungkase Herry.
Panulis : Donny Toenggoel



