Peradaban Indonesia ora bisa disepelekake. Sebab, bumi Nuswantara pranyata tau dadi seksi bisu proses evolusi-ne manungsa. Bab kuwi bisa dibuktekake kanthi temon fosil manungsa purba Pithecanthropus erectus ing Trinil, Ngawi, ora adoh karo ilen-ilene Bengawan Solo.

Katrangan ing ndhuwur diandharake dening Menteri Kebudayaan Fadli Zon nalika seseorah menehi purwaka sacara virtual pambukane dhiskusi mawa tema ‘Penemuan Pithecanthropus Erectus Dubois dari Trinil: Menguak Misteri Evolusi Manusia’ ing Jakarta, Senen, 17 Pebruari 2024.
“Temonan Pithecanthropus erectus dening Eugene Dubois mau mapanake Indonesia jroning peta penting panaliten ngenani manungsa purba,” kandhane Fadli dikutip saka Kantor Berita Antara.
Fadli Zon nemenake Indonesia marisi kasugihan fosil manungsa purba kang ngedab-edabi, klebu ing antarane temon Homo erectus ing Trinil mau. Ekspresi-ekspresine manungsa prasejarah kang awujud karya seni uga tinemu ana sawatara wewengkon, kaya dene Maros, Pangkep, lan Sumatera. Fadli menehi conto temon 702 lukisan purba ing Maros sing umure dikira-kira 52.000 taun. Lukisan kuwi diakoni minangka sing tuwa dhewe sadonya.
Kanthi sumebare temonan fosil manungsa purba mau, Indonesia mujudake negara penting kanggo ngrembakakake panaliten babagan paleoantropologi. Indonesia uga duwe posisi strategis kanggo nyinau sejarah evolusine manungsa. “Indonesia ora mung perangan cilik saka peta sejarah evolusine manungsa, nanging dhestun dadi panggonan kang wigati banget jroning proses kasebut,” tuture Fadli ing dhiskusi sing dianakake dening Akademi Ilmu Pengetahuan Indonesia (AIPI) kuwi.
Ketua AIPI Daniel Murdiyarso darbe panemu, temon fosil manungsa purba mau penting kanggo terus ditliti, mligine kepriye wong-wong saka jaman prasejarah kuwi bisa adhaptasi karo owah-owahan kahanan sing nggegirisi, klebu tanggon ngadhepi owah-owahan iklim.

Kemampuwan survive manungsa purba nalika ngadhepi bencana alam, miturut Daniel uga patut disinau. Sebab ing jaman nalika durung ana teknologi, wong-wong kuwi nyatane keconggah ngliwati owah-owahan iklim sarta bencana alam sing mbebayani tumrap keslametane raga. Kepriye manungsa purba nindakake mitigasi bencana engga kalis saka bebaya, kuwi sing kudu digolekake wangsulane lumantar panaliten mau.
Daniel ngajab asile kajian ngenani kepriye manungsa purba bisa tetep urip ing satengahe alam kang galak, bisowa diwaca dening kabeh masyarakat. Saengga masyarakat jaman saiki sing lagi ngadhepi owah-owahan iklim global nduweni wawasan nulad kemampuwan suvive-e manungsa purba.
Dubois
Omar Mochtar ing artikele kang asesirah Eugene Dubois Menemukan “Manusia Jawa” di Trinil mratelakake temon fosil manungsa purba ing Trinil pancen ora uwal karo panalitene ilmuwan Walanda, Eugene Dubois. Jroning kupiya nggoleki mata rantai yang hilang (missing link) bab urut-urutane evolusi manungsa, Dubois teka menyang Hindia Belanda taun 1887. Sinambi ngleksanani tugase minangka dhokter militer, Dubois uga nindakake riset ing guwa-guwa Payakumbuh, Sumatra Kulon. Nanging dheweke durung marem senadyan mataun-taun bacute asil riset kasebut diakoni donya kadidene panaliten kang ilmiah.
Taun 1889 Dubois krungu kabar menawa arkeolog B.D. van Rietschoten nemokake fosil cumplung (tengkorak) manungsa purba ing Campurdarat, Kabupaten Tulungagung, Jawa Wetan. Semangate Dubois sing maune kober nglokro sakala gumregah maneh. Dheweke ganti munjerake kawigatene menyang laladan Jawa Wetan iring kidul kuwi.
Setaun candhake Dubois sida ‘hijrah’ menyang Jawa Wetan sarta miwiti ekskavasi ing papan panggonane Rietschoten ngadani riset. Ing kono dheweke uga nemokake fosil cumplunge manungsa. “Ing pangedhukan iki Dubois nemokake spesimen kapindho (Wajak 2). Sisa-sisaning rangka manungsa iku ditemokake ana sanjerone endapan watu, ing sangisore sap-sapan fragmen sato jinis mamalia,” tuture Paul Strom dkk ing Jurnal Human of Evolution taun 2013 kanthi judhul U-series and Radiocarbon Analyses of Human and Faunal Remain from Wajak, Indonesia.
Ewasemono Dubois isih tetep durung marem. Dheweke banjur pindhah lokasi penggalian anyar menyang Kedungbrubus, wilayah tapel wates ing antarane Mediun-Ngawi. Dubois ketarik karo mitos kang isih dipercaya dening warga masyarakat Kedungbrubus bab tinemune remukan rangka manungsa kang diyakini minangka kurbane prang gedhe ing tradhisi wayang.
Nanging ana Kedungbrubus kono Dubois ora entuk asil sing mitayani. Dheweke kober ngedhuk ulang lokasi sing tau diekskavasi dening maestro lukis Raden Saleh taun 1800. Raden Saleh nemokake sawatara fosil kewan purba. Parandene ing pangedhukan ulang dening Dubois mau sisa-sisane fosil wis ora ana.
Dubois nuli geser enggon penggalian menyang sakiwa tengening kono lan kasil entuk fosil kidang, kuda nil, sarta warak. Dubois uga nemokake uwange (rahang) manungsa perangan janggut. Dubois wiwit duwe pangarep-arep anyar. Tinemune uwang iku dirasa saya nyedhakake dheweke karo missing link sing digoleki.
Mata Rantai sing Ilang?
Saka Kedungbrubus Dubois mbacutake pangedhukane menyang Trinil. Dheweke miwiti proyek ekskavasi Trinil taun 1891 bebarengan karo tentara apangkat sersan cacah loro, Gerardus Kriel lan Anthony de Winter, sarta ngerigake puluhan penduduk lokal. Papan sing dikedhuk nggawing ing tanggul Bengawan Solo. Proses eksvakasi ora bisa rancag. Jalaran yen banyune bengawan lagi munggah, kedhukan iku otomatis melu kerem.

Sesasi ngedhuk ing kono Dubois ora entuk asil kang maremake kejaba mung fosile sato, kaya dene baya, sapi, warak, gajah primitif, kidang, lan kuda nil. Kegiyatan iku dhewe uga asring leren kasebab dening lokasine eksvakasi sing sok kebanjiran.
Ngancik sasi kapindho, trepe wulan Oktober 1892, Dubois akhire nemokake apa sing digoleki, yaiku fosil untu ebam (geraham) lan cuwilan cumplunge hominid (klompok primata kang nyakup manungsa modern utawa Homo sapiens sing dianggep duwe peran wigati jrone proses evolusi manungsa).
Sepuluh sasi candhake Dubois sumusul oleh balung pupu kiwane hominid sing kahanane isih lumayan wutuh. Dubois bungah banget. Dheweke yakin menawa temon untu ebam, cuwilan cumplunge hominid, sarta balung pupu kiwa mau mujudake fosil missing link sing sasuwene iki digoleki. Dheweke uga yakin menawa untu ebam, cumplung lan balung pupu kuwi duweke spesies sing padha.
“Yen nonton wujude balung pupu iki, bisa dipesthekake menawa Anthropopithecus of Java (Pithecanthropus erectus) mono arupa kethek sing ngadeg jejeg sarta jumangkah nganggo sikil loro ora beda manungsa,” tuture Dubois kang dikutip dening Bert Theunissen ing bukune asesirah Eugene Dubois and the Ape-Man from Java: the History of the First Missing Link and its Discoverer (1988).
Patang puluh enem taun sabanjure, trepe 1936, ahli paleoantropologi asal Berlin, Jerman Timur, Gustav Heinrich Ralph von Koenigswald, nemu fosil cumplung manungsa ing Sangiran, Jawa Tengah. Saka proses panaliten sing ditindakake, dheweke percaya menawa cumplung iku klebu fosile manungsa purba. Situs Sangiran mapan udakara 18 Km saelore kutha Solo.
Bukti fosil temonane Dubois lan Koenigswald kuwi diakoni kadidene manungsa paling tuwa. Temonan iku wusana kanggo nyengkuyung teori evolusi manungsa kang dicetusake dening Charles Darwin sarta Alfred Russel Wallace. Nalika semana akeh ilmuwan sing uga ngajokake teori lamun manungsa purba tanah Jawa mbokmenawa wae mujudake mata rantai kang nyambungake manungsa kethek karo manungsa modern dinane iki.
Spesimen fosil Pithecanthropus erectus asli temone Dubois ing Trinil iku samengko isih disimpen ana Museum Naturalis Leiden, Belanda. Mbarengi karo program repatriasi Indonesia-Walanda taun 2023-2024 kepungkur ana panjaluk supaya fosil manungsa purba tanah Jawa iku diulihake menyang Indonesia. Nanging durung ana kemupakatan saka pihak Walanda. Walanda durung yakin Indonesia bisa nyimpen primpen fosil sing gedhe ajine kasebut.
***
Panulis: Wibowo SK
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi






