Museum Monjali Papan Nyinau Sejarah Perjuwangan Bangsa

Kutha Yogyakarta saliyane kawentar minangka “kota pelajar”, “kota budaya” lan “kota perjuwangan”, uga kondhang minangka “kutha museum”. Salah sijine museum sing wiwit akeh ditekani para wisatawan domestik sajege ditutup wiwit Maret 2020 marga anane pandemi lan saiki dibukak maneh yaiku museum Monumen Jogja Kembali utawa museum “Monjali”.

MUSEUM “Monjali” kang papane dadi siji karo Monumen Jogja Kembali (Monjali) iku pancen mujudake museum sing paling gedhe dhewe ing kutha Yogyakarta. Monumen Jogja Kembali kang ing plataran dilengkapi Taman Lapion lan Taman Pelangi iku mapan ana ing desa Nandan, Kalurahan Sariharjo, Kapanewon Ngaglik, Kab. Sleman. Adohe kira-kira telung kilometer saka kutha Yogyakarta arah mangalor. Monumen Jogja Kembali awangun gunungan, kang mes- thine ngemu surasa utawa pralambang. Gunungan kang wujude gedhe dhuwur lan gagah yen disawang saka kadohan, nglam-bangake semangat juange para pahlawan, supaya bisa disebarake lan disinau ana monumen iki.

Jaman kuna, gunung iki papan semarene para arwah para leluhur. Mula gunung digambarake dadi pusering sesambungan antarane golongan ndhuwur lan golongan ngisor.

Ing pedhalangan, gunungan diarani kayon (uwit). Dene jarwane kanggo mi- sahake utawa kanggo tenger wiwitan lan pungkasane jejeran. Ana sing negesi gambaraning gapura, lan pertandaning gara-gara. Mula Monumen Jogja Kembali diwujudake gunung utawa gunungan, duwe karep lan pralambang panggonan kanggo sesambungan antarane masya- rakat karo para leluhur, yaiku para pahlawan sing wis ngorbanake jiwa raga, dumadine Yogya Kembali. Mujudake pusering sesam-bungan antarane jaman kang wis kelakon karo sing bakal kelakon. Dadi tapel wates antarane jaman Walanda lan jaman Kamardhikan, uga dadi gapuraning negara nuju karaharjan ing tembe mburi.

Yen Gunung Merapi kondhang dadi pusere Tanah Jawa, Monjali dadi puser utawa pakuning bumi Nuswantara kanggo ngupaya kahanan bisane tata, titi, tentrem, gemar ripah kerta raharja sa- rampunge revolusi fisik.

Bentuke Museum Monjali kaya gunungan. (Foto -Istimewa)

Kang rada narik kawigaten, Monjali yen disawang saka lor mengidul persis segaris karo Tugu lan Kraton Yogya, sesambungan antarane Gunung Merapi lan Segara Kidul, antarane lemah lan banyu, rong unsur sing nduweni karep mujudake hakekat saka bumi Nuswantara.

Monjali iku alas/dhasare paju enem. Angka enem iki ana sambung rapete karo kedadeyan Yogya Kembali, yaiku sasi Juni. Nanging yen digathukake karo konstruksi paju enem pancen luwih kuwat lan luwih luwes ketimbang cakrik liyane.

Unsur iki nglambangake dasar demokrasi bangsa Indonesia, kanthi hak lan kuwajiban sing padha kanggo nyengku- yung madege negara Republik Indonesia.

Bangunan pokok Monjali sinigar dadi loro. Sisih ngarep luwih ciilik tinimbang mburi, yen disawang saka kadohan sing cilik kaya arep dicaplok sing gedhe. Bab iki mengku karep, nggambarake sesambangune pusat lan dhaerah, antarane unsur unsur nasional yaiku Yogya mujudake Ibukota Republik Indonesia lan Yogya klebu salah sijining dhaerah ing Indonesia

Monumen Jogja Kembali kang kabangun ana sadhuwure lemah sing jembare 5 hektar lan peletakan watu sepisanan katindhakake dening Sri Sultan HB IX lan Sri Paku Alam VIII ing tanggal 29 Juni 1985 iku, diresmekake dening Presiden Soeharto ing tanggal 29 Juni 1989. Tanggal 29 Juni kapilih kanggo ngresmekake Monjali jalaran mujudake tanggal kang wigati merga kanggo mengeti para pah- lawan sing wis lila ngorbanake jiwa raga, mbelani lan melu ngrebut baline Kutha Yogyakarta ana tangane negara kesatu- an Repblik Indonesia sawuse dicaplok dening pemerintah kolonial Walanda ing tanggal 29 Juni 1949. Baline ibukota RI ing Yogyakarta marang pemerintah RI mujudake kemenangan lan pengakuan donya marang”eksistensi”-ne negara lan pemerintah RI.

Mula wus jamak menawa Yogyakarta nduweni predikat minangka kutha perjuwangan kanthi jiwa lan nilai semangat perjuwangan nasional kang kudu tansah diipuk-ipuk lan dilestarekake mligine ma- rang para generasi mudha, ora mung kanggo pangeling-eling wektu perjuwangan semana nanging kanggo wektu pembangunan sabanjure.

Kahanan iki sing dadi kekarepane didegake Monumen Jogja Kembali klebu isine kang ana saiki, yaiku saliyane Museum uga ana sawenehing diorama per- juangan fisik para pejuang wektu semana saka taun 1945 – 1949.

Panglima Besar Jenderal Soedirman lapor marang Presiden RI Bung Karno bakal mimpin perang Girilya ing tgl 19 Desember 1949

Isine pepak

Monjali sisih njero isine pepak, yaiku ruang baca, museum perjuwangan, relief, diorama, lan bagian liya sing migu- nani. Museum perjuangan kang mapan ana ing jrambah (lantai) 1 Monumen Yogja Kembali nduweni rong ruwangan. Ing ruwangan Museum sepisanan para pengunjung bakal bisa mriksani tekan ngendi para pelaku perjuangan anggone mbe- lani lemah wutah getihe lan negara RI kanthi ditohi kurban jiwa lan raga. Ing museum iki uga dipepaki sawernaning gaman (sanjata) rampasan Jepang lan Walanda ing antarane bedhil, pis- tul, basoka, standgun, karaben, kekidanto, juki, pedhang, granat, samurai lsp. Saliyane senjata rampasan uga digelarake senjata tradhisional, keris, luwuk, patrem, golok kang wektu semana nduweni daya kasekten bisa kanggo njaga dhiri. Saliyane kuwi uga senjata gaweyan Watson utawa Walson (wong Jawa anggone ngucapake dadi Waleson), Demak Ijo, lan Medari. Saliyane senjata kang sipate modern uga dipigunakake senjata kang spesialis tur sederhana ing mangsa tuwuhe penja- jahan Jepang. Senjata mau kanggo

wong Jepang diarani :Takeyari” yen dijarwake ing basa Indonesia diarani bambu runcing. Senjata bambu runcing iki mbiyen jasane gedhe banget digu- nakake rakyat kanggo ngadhepi mungsuh. Takeyari iki tumrape wong jepang diwedeni merga wus dimitosake wiwit bocah sekolah ana SD ngenani keam- puhane bambu runcing. Bambu runcing nate dibuktekake dening sawijine Heiho kang jenenge Amat nalika ngadani paprangan nglawan Sekutu ing Tarakan Kalimantan Timur lan bisa niwasake mungsuh.

Senjata senjata rampasan Jepang apa dene Walanda ing Museum Monjali uga dilengkapi anane pakaian pejuwang wektu semana. Wektu semana jeneng klambi lan clana pejuwang isih campuran durung teratur, antarane pakaian kelas- karan karo tentara (TNI) isih durung cetha. Pakaian seragame isih bebas. Kang biyasa dienggo wektu semana arane “kain Kentel, Blaco, mori, simbun, mreki, lan badur. Kanggo supaya ora kawistara dening mungsuh diwenter (dinaptol) soklat, ijo lan biru.

Wektu semana saliyane ana tentara resmi pemerintah uga ana pasukan liyane yakuwi barisan kelaskaran. Klambine kelaskaran iki uga maneka werna. Kelaskaran iki ayahane minangka pembantu tentara sajroning ngadhepi mungsuh kanggo mbelani negara RI. Gunggung kelaskaran wektu semana ing dhaerah wilyarah RI yaiku ing Jawa, Sumatera, Bali akeh banget, prasasat saben desa duwe laskar. Lan wiwit taun 1945 wektu semana isih durung diatur dening pe- merintah. Mula ing Museum Monjali mau dokumentasi fotone nyebutake menawa Kementerian Pertahanan bagian Biro Perjuawangan tanggal 12- 11-1946 wus nglantik anggota Dewan Kelaskaran Pusat lan Dewan Kelaskaran seberang kanthi ancas supaya bisa “bersatu” sak komandho. Lan pelantikane katindakake dening wakil Manteri Pertahanan Har- sono Tjokroaminoto minangka Wakil panglima Tertinggi lan Ketua Dewan Militer ing gedhong Dewan Pertahanan Negara ing Yogyakarta minangka pim- pinan/Ketua Dewan Kelaskaran yakuwi Joko Suyono. Saliyane wus dibentuk Dewan kelaskaran uga isih ana sawe- nehing Kelaskaran sing gedhe wigatine jroning peperangan nglawan walanda. Kelaskaran wektu semana ana 22 (Laskar napindo Sumatera, Barisan Harimau Liar Sumatera Utara, Laskar Rakyat Ma- da Area, Laskar Rakyat Aceh, Tentara Rakyat Mataram Yogyakarta, Barisan Merah Sumatera Selatan, Laskar Merah, Surakarta/Yogyakarta/Purwokerto, Las- kar Exstroris Oembaran (LEO) Yogya Corps Mahasiswa (CM) Yogya, Tentara Pelajar (TP) Yogyakarta/Surakarta, Tentara gema pelajar Yogyakarta/Sura- karta, TRIP Jawa Timur, Corps Pelajar Siliwangi (Jawa Barat), Corps Pelajar Yogyakarta, Barisan Berani Mati/Tamtomo Yogyakarta, Laskar AUI (Angkatan Umat islam) Kebumen, Divisi Laskar Rakyat Medan Area, Resimen Laskar Rakyat Medan Area, Laswi(Laskar Wa- nita Indonesia Yogyakarta/Surakarta, Peucut Baren (laskar putri Aceh), Kaskat Putri KRIS lan LAPRIS (Laskar Pemberontak Rakyat Indonesia Sulawesi).

Saliyane dilengkapi sejarah kelas- karan uga dilengkapi madege Tentara Nasional Indonesia (TNI) saka cikal bakale kang sekawit arane BKR (Badan ke- amanan Rakyat), banjur owah dadi TKR (Tentara Keamanan Rakyat), sabanjure diganti TRI (Tentara Rakyat Indonesia) jroning TRI ana TRI Angkatan Laut, Udara. Kanggo ningkatake kemampuan tempur angkatan perang mula tanggal 3 Juni 1847 dikepyakake madege Tentara Nasional Indonesia (TNI). Lan wiwit tanggal 3 Juni 1947 para badan perjuawangan kelaskaran kabeh padha jumegur nyawiji bandhol ngrompol manunggal ing Tentara Nasional Indonesia (TNI), Ing antarane perwira tilas kelaskaran lan badan perjuwangan kang dilantik panglima Besar Jenderal Sudirman, Bung Tomo tilas pimpinan BPRI (Barisan Pemberontak Rakyat Indonesia) lan Jenderal Mayor Joko Suyono (tilas Kepala Biro Perjuwangan).

Kabeh kedadeyan mau bisa dipirsani buktine ing Museum Monjali. Klebu uga prastawa Serangan Umum 1 Maret kang digagas dening Sri Sultan Hamengkubuwono ka IX lan ditindakake dening Letkol Soeharto minangka Komandan Wehrkreis III kang mbawahi wewengkon Yogyakarta lan Kedu. Saliyane kuwi kanggo nambah sesurupan babagan perjuawangan bangsa Indonesia, pengunjung uga disuguhi film dokumenter bab perjuangan tentara lan rakyat Indonesia anggone numpes tentara Walanda kang sesirah Agresi Militer Belanda II. Film kanthi durasi 10 menit iku diputer ing di gedung serbaguna lantai 1, sing dumunung ana satengahe bangunan induk Monjali.

“Pemutaran film iki nyritakake ngenani perjuwangane para pahlawan anggone lumawan tentara Walanda ana ing Agresi Militer kang mapan ing desa Maguwoharjo,” pratelane Kepala Bagian Umum Monjali, Yudi Pranowo.

Ing film kasebut uga dicritakake kanthi gamblang ngenani kepriye stra- tegine tentara anggone perang lan sebab musababe dumadi peperangan engga dicritakane ngenani proses pe- makaman para pejuang kang gugur wektu kuwi sarta tentara Walanda kang uga tiwas ana paprangan.

Kanthi mangkono Monjali mujudake seksi bisu tumrap perjuwangane tentara Indonesia kang darbe gegayuhan nedya nundhung tentara Walanda saka bumi Indonesia.

***

Panulis: Isti Noegroho
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *