Museum Sangiran, Paling Lengkap lan Gedhe ing Indonesia

Gapura Dalan Mlebu ing Museum Manusia Purba Sangiran

Jawa Tengah lan Jawa Timur wiwit jaman jo-majuja wis kawentar dadi papan dununge menungsa purba. Amarga fosil fosil menungsa purba pancen akeh ditemokake ing papan iki ing antarane ing Sangiran, Ngandong (Blora), Sambungmacan (Sragen), Trinil Mojokerto lan Perning. Temon sepisanan saka asile ekskavasi (penggalian) ditindakake ahli antro-paleontologi Walanda, Eugene Dubois ing desa Ngandong, Trinil Mojokerto, Jawa Timur. Dubois kasil nemokake fosil Pithecanthropus Erectus ing taun 1893. Sabanjure 40 taun candhake akeh ditemokake fosil menungsa purba lan perabotane ing Sangiran, Kabupaten Sragen, 17 kilometer salore kutha Solo. Dhaerah iku dumunung ing sikile gunung Lawu kang disigar Kali Cemoro kang nempur ing Kali Bengawan Solo.

Museum Sangiran kang saiki kawentar kanthi aran Museum Manusia Purba mujudake museum kanthi koleksi fosil cacah ewon saka jaman Pleistosen (kurang luwih 2 yuta taun kepungkur) lan barang-barang purbakala liyane sing cacahe nggayuh 13.685 awujud fosil manungsa, kewan lan tetuwuhan. Fosil ksb nuli kaperang dadi 2.931 fosil lan kapajang ing njero museum lan sisane sumimpen ing gudhang, saengga museum Sangiran mujudake salah sijine museum Manusia Purba paling gedhe lan lengkap ing Indonesia.

Museum Menungsa Purba iki mujudake bangunan anyar. Papane ing tilas museum lawas kang dumunung ing kubah, pisah saka pedunungane pendhudhuk. Dibanding sing lawas, museum anyar iki luwih bawera lan komplit kanthi cakrik arsitektur modern. Madeg ing pekarangan kang jembare 1,7 ha, kawengku tembok watu bakuh mubeng. Biyen wangun limasan, samengko payone gedhung pusat perangan tengah digawe kaya tumpeng kang papak pucuke. Sisih kiwane kasambung koridor dawa setengah mlengkung kang dumadi saka ruang display (ruang pameran) cacah telu. Payon bongkote koridor ing sakiwa tengene bangunan inti dimodel separo kerucut, kaya tumpeng sinigar. Kelengkapan liyane awujud gedhung kantor sungsun telu, perpustakaan, ruang seminar, gedhung audio visual, lan mess peneliti akehe 6 kamar. “Saka segi fasilitas kanggo kegiyatan penelitian ilmiah wis kena diarani jangkep,” ature Sukronedi.

Rekonstruksi Manusia Purba

Situs Warisan Dunia

Kepala Balai Pelestarian Situs Manusia Purba Sangiran, Sukronedi SSi, MA mratelakake menawa ing situs kanthi tebahan 56,21 kilometer pesagi iku pancen akeh ditemokake fosil. Nanging racake sing ditemokake fosil jinis fauna (sato kewan).

“Temon fosil menungsa kang pungkasan yaiku taun 1967. Cacah mung atusan, nanging yen fosil fauma nggayuh ewonan. Sing dadi pangeram eram temon kang pungkasan dhek tgl 6 Februari 2016 kepungkur, sawijine fosil tothok sirah (tengkorak) Homo Erectus kang di temoake dening Setu Wiryorejo ing Kali Bojong, desa Manyar Rejo, Kecamatan Plupuh, Kab. Sragen nalika dheweke nedheng garap sawahe” critane Sukronedi nalika ditemoni PS ing Museum Sangiran sauntara kepungkur.

Museum Menungsa Purba Sangiran mujudake museum paleontologi lan arkeologi mapan ing Kec. Kalijambe, Kab. Sragen, Jawa Tengah. Lokasine cerak karo area situs fosil purbakala Sangiran sing mujudake salah sijine Situs Warisan Dunia. Situs Sangiran klebu bawera, nglimputi telung kecamatan ing Sragen (Gemolong, Kalijambe lan Plupuh) sarta Kec Gendangrejo sing klebu wewengkon Kabupaten Karanganyar. Situs Sangiran dumunung ing sadhuwure Kubah Sangiran (Sangiran dome) kang dadi perangane depresi Solo, ing perenging Gunung Lawu. Sing diarani kubah Sangairan iku mujudake struktur geologi awangun kubah (mangkok mengkurep). Kejaba dadi obyek wisata, uga mujudake arena panaliten ngenani babagan kehidupan Pra-Sejarah sing wigati lan paling lengkap ing donya.

Sukronedi uga mratelakake menawa ing museum lan situs Sangiran bisa kanggo golek informasi lengkap ngenani pola panguripane menungsa purba ing Jawa, kang nyumbang perkembangan ilmu pengetahuai kayadene antroplogi, arkeologi, geologi, paleoantropologi. Ing lokasi situs iki uga kang sepisanan ditemokake fosil uwang ngisor Pithecanthropus erectus (salah sijine spesies ing takson Homo Erectus) dening paleontolog saka Jerman, Profesor Gustav Heinrich Ralph von Koenigswald sing dinuga mujudake leluhure (nenek moyange) manungsa kang urip 2 yuta taun kepungkur.. Liwat ekskavasi candhake, von Koenigswald kasil nglumpukake 60 fragmen (sebitan) bebalungane manungsa purba, antara liya Meganthropus Palaeojavanicus. Ing area situs Sangiran, engga seprene warga isih akeh sing nemokake jejak tinggalan kang jaman Pleistosen sing umure watara 2 yuta tahun nganti 300 ewu taun ana ing kahanan isih wutuh. Kanthi temon sing kaya ngono, para ilmuwan bisa ngronce benang abang sejarah sing wis nate dumadi ing Sangiran kanthi teliti lan kanthi secara runtut.

Amarga wewengkon Sangiran akeh ditemoake fosil manusia purba, mula ing taun 1977 Pemerintah Indonesia ngepyakake menawa wewengkon Sangiran sakiwa tengene minangka dhaerah cagar budaya. Banjur ing taun 1988, ing papan iki dibangun museum sederhana lan wiwit taun 1996 situs Sangiran ditetepake minangka Situs Warisan Dunia Nomor Satu sing ditetepake dening Komite World Herritage saka UNESCO rikala ngadani sidang ing Merida, Meksiko, tgl 5 Desember 1996.

Museum Sangiran iki ditata kanti basis ilmiah. Pengunjung ora mung dipameri barang mati. Nanging liwat program interaktif sing mendidik bisa aweh tambahan kawruh. Paling ora pengunjung bakal entuk gambaran ngenani kepriye kahanane Sangiran duking uni, apa wae sing sumimpen ing njero bumi situs iki, piye carane para panaliti makarya kanthi ancas ngungkap misteri kasebut, sarta guna paedahe tumrap donyaning ilmu pengetahuan. Tumrap para maos PS sing kepingin rawuh lan mlebu ing Museum Manusia Purba Sangiran, diwajibake mundhut tiket masuk lokasi ing loket kang wis cumawis yaiku kanggo wisatawan nusantara (domestik) regane Rp 10.000/saben wonge, dene tumrap wisatawan mancanegara Rp 15.000/saben wonge. Museum Manusia Purba iki bukake saben dina wiwit dina Selasa tekan dina Minggu watara jam 9 esuk nganti jam 4 sore. Yen dina Senin Libur. Wasana Sumangga.

Fosil Gading Gajah Purba

Penulis : Isti Noegroho

Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 293

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *