Nalika Kebijakan Agawe Mungkrede Pendhidhikan

Pendhidhikan tuhu kinarya cagak utamane kamajuwaning bangsa. Pendhidhikan klakon kanthi tata-runtut (proses) kang suwe kanggo ngasah tata-pamikir, sikap, lan ancasing urip. Awit mangkono, ing rejaning jaman iki, wis aran baku yen pendhidhikan didadekake ukuran utama kanggo mapag 100 taun Indonesia mardika, utawa kawujude Generasi Rukmi 2045.

Kebijakan sing bisa dirasakake kanthi cepet dening masarakat sok diutamakake tinimbang kebijakan sing asile rinasa ing dina tembe

Ewasemono, yen ndeleng praktek pendhidhikan ing kehing sekolahan, kebijakan, kalungguhane sok ora imbang karo sing dikarepake. Kala-kalane, bakal dumadi owah-owahan nalika ana sawijine kebijakan kang asile luwih cepet ketok melok mripat.

Keri-keri iki, arah kebijakan ing bebrayan katon ora imbang. Cak-cakane luwih ditujokake marang program kang dampak-e bisa langsung dirasakake masarakat, kaya dene Makan Bergizi Gratis (MBG) sarta maneka skema perlindungan sosial kang tuhu nyedhot anggaran gedhe. Mungguha ukuran politik, sejatine iki masuk akal wae jalaran asile cepet katon.

Sauntara kuwi, senajan anggaran pendhidhikan kanthi konstitusional wis dialokasekake minimal 20 persen saka APBN, cak-cakane isik sok dikanggokake blanja ajeg lan durung sawutuhe kanggo nyengkuyung undhak-undhakan kuwalitas pasinaon. Bebarengan karo iku, perkara dhasar kaya dene kurange akses pendhidhikan lan nggantunge nasibe guru honorer isih durung tinemu solusi-ne.

Senajan anggaran pendhidhikan wis dialokasekake 20 persen saka APBN, isih akeh pasulayaning pawiyatan kita kang durung tinemu solusine

Nyatane, kebijakan kang cepet katon asile luwih gampang oleh panyengkuyunge masarakat. Mangka sejatine, ana konsekuensi kang sok ora dirumangsani. Ora liya yaiku sudane kawigaten tumrap sektor kang mbutuhake sabar, konsisten, lan wektu kang ora cekak: pendhidhikan kanthi kebak kuwalitas.

Owah-owahan kasebut ora klakon kanthi sanalika. Tegese mangkene, pendhidhikan tetep lumaku, nanging ora dadi punjer utamane. Lumakune pancen terus-terusan, nanging tanpa panyengkuyung kang cukup kuwat kanggo tuhu maju. Ing kahanan ngene iki, dirasa pancen rada angel arep-arep bab owah-owahan kang klakone tumemen.

Sebab, tenaga kanggo nindakake owah-owahan ana ning ora wutuh. Nah perlu dieling-eling, kahanan kaya ngene iki dudu ateges pamrentah ora nglakoni apa-apa, kok. Kebijakan kang muncul akeh-akehe asipat simbolik lan durung bisa ngrampungake sumbu perkarane sing sayektine.

Gejala kasebut wiwit mecungul ing papan-papan pasinaon. Perkara krisis karakter siswa mundhak saya kerep dumadi. Data Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Tekonologi nuduhake watara 24% siswa ing Indonesia tau nemahi kasus arubiru (bullying). Gek slaras karo cathetane Komisi Perlindungan Anak Indonesia, saben taun mesthi dumadi atusan perkara pamilaran (kekerasan).

Ing sisih liya, asil Programme for International Student Assessment 2022 nuduhake skor literasi macane masarakat Indonesia mung agunggung 359, isih adoh saka ukuran rata-rata (476). Kumpulan data iki nuduhake lamun perkara ing donyaning pendhidhikan sejatine ora ngemungake ing babagan akadhemik, nanging ya ngatutake pasulayan ing babagan sikap, rasa tepa slira, lan tata-pamikire siswa. Tur iki mono ya dudu lupute siswa wae.

Ana perkara kang mungguhku kenemenen, yaiku arah pendhidhikan kang kebacut suwe munjer marang asil akademik, lan kosokbalene, pendhidhikan karakter kurang antuk kawigaten. Sauntara kuwi, perkara akses pendhidhikan ya durung rampung-rampung. Pancen kemajuwan ing maneka wewengkon, utamane ing wilayah kang nyengkuyung fasilitas lan teknologi wis katon nyata.

Pendhidhikan karakter kanggo siswa ora kena kelirwan kanggo nyengkuyung proses ginayuhe asil akademik kang temanja

Nanging, ing wektu kang bebarengan, isih akeh bocah-bocah kang durung bisa nenikmati pendhidhikan kanthi layak. Bocah-bocah kasebut padha durung antuk kalodhangan kanggo sekolah. Fenomena bocah ora sekolah sejatine dadi pangeling-eling lamun semrambahe pendhidhikan isih dadi perkara kang durung tinemu solusine uga.

Perkara sabanjure magepokan karo kahanane guru, mligine kang statuse isih honorer. Kalungguhane guru tetela wigati kanggo njaga jejege cagake pendhidhikan, utamane ing wewengkon kang kurang guru.

Ewaemono, nganti seprene, akeh banget guru honorer kang nasibe isih digantung alias durung cetha, apa kuwi pengasilane utawa status-e. Beban kerja gedhe kang ditampa dening guru durung mesthi liniru dening bobot kang sapadhan. Satembung sing dadi pangibarate: mriyatinake.

Kang dadi perkara ing satengahe tantangan kasebut, pendhidhikan sok kalah saing karo kebijakan kang luwih cepet antuk kapercayan bebrayan. Kebijakan kang langsung dirasakake masarakat pancen wigati. nanging, yen kawigaten lan sumber daya malah luwih akeh sing diarahake mrono, pendhidhikan bakal ing posisi kang kurang diutamakake.

Yen dideleng saka arah program-e negara, kahanan iki nuduhake lamun butuhan wektu suwe sok kalah karo kebijakan sing asile cepet katon. Kebijakan kang cepet dirasakake pancen wigati, ning sajake durung cukup kanggo mangsuli tantangan ing dina tembe kita.

Kosokbalene, pendhidhikan kepara malah ana ing wilayah kang asile ora katon kanthi langsung, nanging bisa banget kanggo nemtokake arahe bangsa samengarepe kuwi kepriye.

Krisis karakter siswa bakal mangaribawani kualitas panguripan ing bebarayan. Bocah-bocah sing ora keduman pendhidhikan bakal gedhe risiko-ne kanggo nambah perkara. Lan guru kang ora tentrem kerta raharja bakal kangelan nindakake wajiba kanthi setiti.

Kabeh kuwi pancen padha sambung-sinambung lan mujudake perkara kang ora bisa dirampungi kanthi siji-siji. Mangka, wiwit sepisanan, pendhidhikan dikarepake dadi papan kang bisa mujudake manungsa kanthi sawutuhe. Ora mung pinter babagan sekolah wae, nanging uga nduweni sikap, watak-lan wantu, sarta rasa tanggung jawab minangka bageyane masarakat. Gagasan kuwi dadi landhesan kang perlu kita pahami.

Nanging yen ndeleng prakteke, kabeh kuwi durung bisa kasembadan kanthi ajeg. Mula, kang dibutuhake dudu mung owah-owahan cilik, nanging uga rasa wani kanggo ndunungake pendhidhikan minangka prioritas utama. Dudu mung apus-apus krama wae.

Program sing sipate populis (cepet ketara asile) bisa wae tetep dilakoni ning aja nganti nyuda porsine program kanggo dina tembe

Kebijakan sing sok antuk kawigatene masarakat bisa tetep dibacutake, nanging ora kudu nyuda kawigaten marang pendhidhikan. Kabeh kudu bisa didandani kanthi warata, dene karakter siswa kudu saya kuwat ingiringan kalawan kahanane guru kang saya raharja.

Akses Pendhidhikan perlu diambakake amrih bocah sing kangelan sekolah saya suda. Tanpa ancangan kang mateng, kebijakan kang dicakake bisa wae mung lumaku kanthi sawetara wae. Wusanane, dina tembe ora ditemtokake dening kebijakan kang cepet katon asile, nanging dening putusan kang trep dhewe.

Pendhidhikan pancen durung mesthi bisa menehi asil instan, nanging kepara malah ing kono sejatine sing kudu kita kuwatake. Pancen proses ngapiki pendhidhikan kuwi klakon kanthi alon, ning sing diasilake bakal bisa dirasakake kanthi wektu dawa. Pitakone prasaja wae. Apa ya kita bakal terus-terusan nguber asil sing cepet katone tinimbang menehi kawigaten luwih marang bab-bab kang bisa njamin dina tembe kita? Yen pendhidhikan terus dipinggirake, sejatine kita kuwi njupuk risiko gedhe.

Nanging yen pendhidhikan dipunjerake, gegayuhan kanggo mangun generasi kang luwih becik kabukak amba. Gampang dideleng lan dipahami dening kehing wong, yen ing kahanan iki (status quo), kebijakan kang dicakake kaya dene piso sing landhepe mapan ing sisih ngisor lan ndhuwur.

***

Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 25

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *