Pemerintah Kabupaten Ponorogo lan Polres Ponorogo ngleksanani program ketahanan pangan nasional kanthi cara majibake saben desa nyawisake lahan rong hektar kanggo ditanduri jagung. Program kasebut sing sepisanan dileksanani ing Propinsi Jawa Timur minangka tindak lanjut arahane Presiden Prabowo Subianto ing sektor ketahanan pangan.
Kapolres Ponorogo AKBP Wahyu Andin Sudibyo nuturake, rong hektar lahan sing dicawisake desa mau didum dadi loro. Sahektar digarap dening pemerintah desa, dene sahektar sisane dikemonah dening Bhayangkara pembina keamanan dan ketertiban masyarakat (Bhabinkamtibmas). “Kita maedahake lahan tadhah udan, saengga ora ngganggu areal sawah pari,” kandhane Andin, Selasa, 30 September 2025.
Miturut etung-etungane Polri, rong hektar lahan mau dikira-kira kuwagang ngasilake sangang ton jagung. Andin kandha 307 Bhabinkamtibmas bakal ngampingi masyarakat wiwit ngolah lahan, nandur jagung, nganti panen. Jagung varietas Bhayangkara dijadwalake ditandur Oktober lan dipanen Desember 2025.
Bulog Ponorogo siap nuku asil panenan jagung mau kanggo njaga stabilitas pakan ternak lan rega bahan pangan kaya dene ndhog sarta daging pitik. Bupati Ponorogo Sugiri Sancoko ngandharake, kolaborasi masyarakat desa-Polri ngleksanani program ketahanan pangan iku dadi conto cak-cakane pentahelix -sinergi pemerintah, kepolisian, masyarakat, akademisi, pelaku usaha lan media- ngatasi masalah pangan. “Winih jagung disediyani gratis kanggo kabeh desa. Kita optimis program iki sanggup ngundhakake prodhuksi jagung mesisan nyengkuyung target swasembada jagung nasional,” tuture Sugiri. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







