Amrih Remaja Kita Ora Kasepen Atine

Lan sing luwih wigati, atine si bocah ora kasepen saengga ngrembakane jiwa stabil. Ing sisih liya, si bocah uga wimbuh gedhe tresnane marang wong tuwane lanang-wadon. (Antara/Sapto Heru Purnomojoyo)

Saperangan gedhe wong tuwa mbokmenawa ora sadhar menawa satemene anak-anake sing ngancik umur remaja lagi kasepen atine. Miturut data-ne Kementerian Kependudukan dan Pembangunan Keluarga (Kemendukbangga), ana 68 juta klompok umur 10-24 taun ing Indonesia. Saka jumlah kuwi, 34 persen ing antarane kasepen merga uripe asyik karo teknologi. Rasa kasepen mau bisa ngganggu kesehatan mental jalaran kurang srawung karo liyan akibat angel nguwali telpun pinter.

Yen rasa sepi ing atine remaja iku ora enggal antuk uluran tangan, alon-alon jiwane bakal keganggu. Satemah njalari dheweke dhepresi, sing sabacute mangaribawani dina tembe anggone nggayuh cita-cita. Wong tuwa kudu landhep panggraitane ing babagan iki. Aja lirwa nggatekake mentale si anak merga kedlarung sibuk makarya. Utawa malah melu kedlarung asyik ‘hape-an’ sing tundhone nyuda kawigatene marang anak lan bojo.

Bisa wae egone wong tuwa dhuwur, saengga wegah ngurusi prekara-prekara cilik sing dibutuhake anake. Dupeh wis dicukupi kebutuhane, sangune, kepara ditukokake handphone canggih, banjur diculake tanpa pengawasan.  Tumrap wong tuwa mbokmenawa prekara kuwi remeh, nanging ora mengkono kanggo ngrembakaning kajiwane sing bocah.

Pangrasane wong tuwa sing wis nyukupi kabeh kebutuhane anak, bisa wae ora klop karo sing diperlokake psikologine bocah sing lagi mrambat remaja. Sacara psikologis, ana guncangan-guncangan mligi magepokan karo owah-owahan hormonal mungguhe bocah sing lagi proses tumuju diwasa. Kahanan iku mung bisa ‘diobati’ sarana kawigaten sing gedhe dening wong tuwane.

Pangelik-alike Kemendukbangga mau mbokmenawa ditanggapi serius dening wong tuwa, ana uga sing ora ngandel. Tumrap sing ora percaya, ing atine thukul tandha pitakon sing ngremehake, “Ah, apa tenan kaya ngono?” Sikep kapindho mau mbebayani kanggo ngrembakane jiwane anak sing sejatine lagi jrone kahanan darurat perhatian.

Satemene ana pangelik-elike Kemendukbangga apa ora, wong tuwa tetep darbe kuwajiban ngelengake wektu mligi kanggo anak. Kepara ing wanci-wanci tinamtu ngajak anake ngobrol prekara sing entheng-enthengan wae, upamane kepriye pelajaran ing sekolah dina iki, piye gurune, sarta srawung karo sapa wae sasuwene jam ngaso. Saka kono si anak dadi rumangsa nduweni bleger wong tuwa mesisan kanca ngobrol sing nyaman.

Ngrembakane teknologi informasi pancen kaya pucuk pedhang kang cawang loro. Bocah akhire banget gumantung marang gawai alias ha-pe. Dheweke ora sadhar menawa gawai mung barang mati sing ora duwe rasa empati apadene simpati marang “tuan-e.” Suwe-suwe bocah mau bosen lan kajebak marang situasi kasepen. Ing kahanan sing kaya ngono, si bocah kangen omong-omongan ngalor ngidul karo wong tuwane.

Kosok baline wong tuwa uga kudu tanggap ing sasmita. Nyumurupi anake lagi butuh kanca ngobrol, sabisa-bisa sakehing kegiyatan dilereni. Nuli nglodhangake wektu ora ketang sak jam rong jam kanggo ngajak bawa rasa. Nanging jejere wong tuwa bisowa wicaksana nanggepi uneg-uneg sing disampekake anake. Aja kesusu ngadili lan ngluputake yen durung mudheng dhodhok selehing prekara.

Senggolan-senggolan fisik, kaya dene ngepuk-epuk pundhake, diruket, lan dirangkul wimbuh ngraketake sesambungan batin. Ditambah maneh tetembungan mawa ukara sih katresnan, upamane “Sing ati-ati”, “Bapak Ibu tresna sliramu”, “Ayo semangat, aja nglokro” nganti “Wis maem apa durung” sansaya ngiket tali kakulawargan. Saengga si anak ora gumantung maneh karo gawai merga wis diganti dening kawigatene bapak lan ibune. Lan sing luwih wigati, atine si bocah ora kasepen saengga ngrembakane jiwa stabil. Ing sisih liya, si bocah uga wimbuh gedhe tresnane marang wong tuwane lanang-wadon. (Antara/Sapto Heru Purnomojoyo)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 294

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *