Ngepasi Setu esuk (18/01/2025) sekumpulan guru saka Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) basa Jawa Kutha Mediun ngadani acara Lokakarya Penulisan Fiksi dan Artikel Populer Berbahasa Jawa kelawan tim Panjebar Semangat (PS). Acara kasebut ginelar ing Visma Coworking and Art Gallery kang mapane ing Tegalsari, Surabaya.

Acara kuwi kasugata kalawan telung bageyan. Ing antarane yaiku; (1) nulis fiksi abasa Jawa arupa cerkak, wacan bocah, apa dene roman remaja; (2) nulis pawarta abasa Jawa; sarta (3) publikasi karya. Pematerine ora liya saka awak redhaksine PS, Kukuh Setyo Wibowo, Dwi Sukirahayu Novililiana Elisabet, lan Ahmad Rizky Wahyudi.
Anas Syahrul Munir, minangka pangarsa MGMP basa Jawa Kutha Mediun ngaturake agunging panuwun tumrap sekabehe pihak kang wis nyengkuyung gumelare acara iki. Ginelare acara iki tamtune mengku ancas kanggo nggugah semangat nulis karangan tumrape para guru basa Jawa kutha Mediun.
“Mligine kanggo ngerteni bab tulisan kang bisa ‘layak muat’ ing medhia bebrayan embuh kuwi ing majalah abasa Jawa utawa ing mayapada (media sosial). Karya kasebut mugaa bisa dadi sawijining bahan ajar kang bisa digethok-tularake marang para siswa-siswane,” tambahe Anas.
Pangajabe, semangat nulise para guru kuwi bisa nuwuhake sawijining karya kang bisa dadi pamecut tumrap para siswa-siswane anggone ngasilake sawernane tulisan abasa Jawa kanthi pantes tur mentes. Luwih-luwih karangan kang bisa nututi playune jaman.
Mula, materi kang diandharake dening para pemateri kasuguhake kanthi mrinci. Apa kuwi karya sing rupa fiksi apa dene pawarta basa Jawa. Cinetha yen saben-sabene nduweni paugerane dhewe kang kudu dituhoni dening panulis. Tur sing ora kalah penting maneh ngenani publikasi. Kepriye supaya karya kang diasilake penulis dibungkus kanthi becik kanggo narik kawigatene pamaca.
Apamaneh ngerteni yen jaman saiki, krentege para nom-noman tumrap tulisan Jawa wis suda—aja kok nulis, selagine maca wae wis apik. Kanthi landhesan kuwi, pemateri uga andum kawruh bab carane nyuguhake tulisan kang interaktif, ngecakake pamilihing tembung kang slaras klawan sesurupane pamaca tanpa nglirwakake paugeran nulis basa Jawa kang bener lan pener, sarta ndadekake konten tulisan murih bisa diprodhuksi kanthi cara alih wahana lumantar panganggone medhia liyane lire Instagram, YouTube, apa dene TikTok.
Ing kalodhangan kuwi, awak redhaksi PS ngajak para pasarta lokakarya supaya ora mung prigel nulis ing medhia cithak wae, nanging uga mbaut ngolah bahan tulisan supaya bisa didadekake konten ing medhia sosial lan artikel populer ing situs web. Awit mangkono, bubar acara kuwi, para pasartane kapurih ngirim tulisane rupa fiksi utawa pawarta menyang kalawarti PS lan situs web PS.
***
Penulis: Candra Ghulam Ahmad
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi







