Icha Yang, Mantep dadi Penyanyi Mandarin

Salah sijine kang khas nalika Imlek yaiku ana tetembangan cara Mandarin ing sakehing papan. Pusate blanja (mall), warung-warung makan, uga saperangan dalan-dalan kampung. Semono uga acara tontonan ing TV, adate uga diselingi tema kang ana surasane Tiongkok.

Icha Yang

Ngrembug lagu Mandarin, ing kalodhangan iki ana penyanyi sing wis rong taun pungkasan iki utun nembangake lagu Mandarin. Icha Yang, iku peparabe.

Icha sing asli Jember, seneng nyanyi wiwit cilik. Sepisanan nyanyi nalika umur 3 taun, lagune Ambilkan Bulan Bu. Dheweke wani manggung, ya ing kegiyatan sekolahan, acara kampunge, klebu melu lomba. Kaprigelane olah swara terus diasah, sinambi ngundhakake rasa percaya diri-ne.

Taun 2021, Icha sing wektu iku nganggo jeneng panggung Icha Christy, kadhapuk dadi pranatacara World Superbike Mandalika. Setaun candhake entuk job kang saemper, ing Moto GP Mandalika. Sanadyan dudu kawasisane nyanyi sing entuk kalodhangan, ananging kanggone Icha iku uga woh saka upayane sasuwene iki. Yaiku, wani tampil ing panggung.

Ananging Icha ora banjur lali marang kasenengane nyanyi. Dheweke tetep nyanyi mrana-mrene, lan banjur ngepyakake single. Yaiku Terbaik Untukmu, disusul Sandaran Jiwa. Lelorone lagu pop dangdut.

Icha uga tansah seneng nyinau maneka jinis lagu, apamaneh yen rinasa ora prasaja. Klebu lagu Mandarin. “Nadane dhuwur-dhuwur, cengkoke uga khas,” kandhane putri ragil saka sedulur telu iku. Kejaba saka iku, yen disetitekake, antarane tulisan lan pangucapane beda. “Apamaneh aku babar blas ora bisa basa Mandarin,” imbuhe.

Icha Yang nalika nembangake Meili De Suoluo He (Endahe Bengawan Solo), lagu Bengawan Solo sing dijarwakake Mandarin. 

Ananging dudu Icha yen banjur ora mundhak gregete. Udakara setengah taun dheweke mempeng nyinau lagu-lagu Mandarin. Tanpa melu kursus, ananging pawitan nonton Youtube lan giyaran TV Tiongkok. Nganti saya suwe dheweke wasis nembangake lagu-lagu kaya Hal Lai A Mu, Xi Lou Er Nu, Qing Zang Gao Yuan, lsp.

Wis makaping-kaping Icha entuk job manggung nembangake lagu-lagu Mandarin. Ya ing pista, adicara semiresmi, uga maneka acara liyane. Bab iku anjalari dheweke mantep nerusake laku dadi penyanyi lagu Mandarin, sanadyan ta ora nduwe trah Tionghoa.

Pawestri sing tanggal 1 Februari wingi umur 23 iku tibake uga dhemen musik kroncong. Lagu Cinta karena cinta, ditembangake Icha kanthi langgam kroncong. Ananging ora saderma ngono wae. Dheweke uga ngimbuhi unike lelagon, kanthi nyisipake versi abasa Mandarin. Dadi kroncong lagu Indonesia – Mandarin. Nduwe trah Jawa, anjalari Icha uga kagugah nembangake lagu kang ana ruh Jawane. Bengawan Solo. Kroncong kang nyritakake kali gedhe ing tanah Jawa iku, ana sing direka dadi lagu abasa Mandarin. Yaiku Meili De Suoluo He (Endahe Bengawan Solo).

***

Panulis: Lie
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 294

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *